Rabu, 10 Maret 2021

KABUTUHUAN

 

Rebo Kliwon 10 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ezra 6 :1-16

Jabur 84

Markus 11 :15-19

Lan apa kang dibutuhake, kayata sapi lanang enom, wedhus gembel lanang, cempe kanggo kurban obaran konjuk marang Allahing swarga, mangkono uga gandum, uyah, anggur lan lenga, miturut pituduhe para imam ing Yerusalem, kabeh iku kudu kawenehake saben dina, aja nganti gothang, supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.”Ezra 6 :9-10

 

KABUTUHAN kuwi tembung linggane Butuh, sing tegese apa kang diperlokake lan kudu dianakake, amarga yen nganti ora dianakake, isa ana kang bakalane gothang utawa ora jangkeb. Saka tembung Butuh njur isa dadi tembung KABUTUHAN, sing tegese kahanan utawa samubarang kang kudu ana, mbuh kepiye carane antuk lan nggolek, supaya lumakune urip dadi pas utawa jangkeb. KABUTUHAN beda karo pepinginan, amarga pepinginan kuwi menawa ora klakon ora marakne gothang, yen KABUTUHAN kudu ana, amarga yen ora ana isa marakna kahanane njomplang sak njomplang-njomplange.

 

Piwulang bab KABUTUHAN kuwi okeh sliweran neng Kitab Suci, salah sijine neng Kitab Ezra. Neng kana dicritakne, kepiye anggone Sang Prabu Darius, sing dudu wong ngisrael, nduweni sedya mulya kanggo melu cawe-cawe anggone mbangun Pedaleman Suci kanggo ngabektine bangsa ngisrael. Sanadyan prabu Darius dudu pawongan kang ngrasuk kapercayan Yahudi, ananging amarga pirsa yen kuwi papan kanggo manembah marang Kang Akarya Jadad, mula paring dhawuh, supaya apa kang dibutuhake kanggo adeging Pedaleman Suci kuwi kudu dicukupi.Iki oraisa dinyang, iki harga mati, rameksa ananging kudu!!! Paribasan pasar, apa kang dadi penemune prabu Darius kuwi pasar modern, harga pas lan raisa dinyang, mbuh piye carane kudu diana’ake apa kang dadi KABUTUHAN mbangun Pedaleman Suci kuwi.

 

Bab mbangun papan pangabekti ora mungana  ing jamane raja Darius, ing jaman saiki ya jik klakon, lan ing sakjroning mbangun kuwi ya nduweni KABUTUHAN. Sing mbedakne mbokmenawa bab “cara pandang”. Yen ing jamane raja  Darius, lan ing kene klebu si Darius dewe, KABUTUHAN kanggo mbangun pedaleman Suci kuwi klebu sing nomer siji, ing jaman saiki mbokmenawa beda. Bab KABUTUHAN mbangun Pedaleman Suci ing jaman saiki mlebu KABUTUHAN, ananging dudu kang nomer siji, dudu kang Kapisan, isa wae kuwi mlebu sing nomer keri dewe. KABUTUHAN mbangun adeging Pedaleman Suci ing jaman saiki kalah karo gengsi, kalah karo kuota internet, kalah karo butuhing weteng, kalah karo wedi yen ora mangan mulane njur tabungane pirang-pirang “M” ananging babarblas ranggagas KABUTUHANE Pedaleman Suci.

 

Jamane raja Darius mbokmenawa ya ana wong Yahudi sing isin, amarga Darius sing ora ngrasuk kapercayan Yahudi wae nduweni krenteg apik lan malah ngupayakne apa kang dadi KABUTUHAN mbangun Pedaleman Suci kudu dianakne. Yen ing jaman saiki mbuh kepiye klakone, mbuh jik ngrumati rasa isin apa ora. Lha lire kepiye? Lha saiki wong siji mbangun omah papat tekane limo mayar wae, bareng ndandani Pedaleman Suci jik nunggu suwi,kuwi wae malah nggawe proposal njaluk liyan, kamangka ya nduwe apa kang dadi KABUTUHANE kanggo ndandani. KABUTUHAN kuwi kabeh wong nduwe, ananging bab carane mapanake sing beda-beda. Raja Darius mapanake KABUTUHAN mbangun Pedaleman Suci ana ing papan kang utama, mbuh yen sing nulis lan sing maca tulisan iki..

 

“Payu pira sapimu Leng?” Takone Kang Solebo, nalika sore kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Telungpuluh kurang seprapat Bo…” Semaure Lik Ndoleng, njur njaluk jisamsune Siwo Solebo, didudut lan njur diudud.

“Sing mirunggan kanggo Gusti yawis mbok piker kuwi Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Uwis Bo..” Semaure Lik Ndoleng.

“Wingi Kang Dalijo bar panen Porang kae, kabeh diwenehne kang Markun lho..jarene pisungsung pembarep..yen kowe palinga mung satus seket Lik,kuwi wae diamplopi guedi, ..” Iin  ngeterake wedang njur nimbrung melu rembugan.

“Jrett, malah konangan…..Dusss” Batine Lik Ndoleng, sinambi mbatin. “Haiyah, sing maca tulisane mbahe iki pora ya pirang-pirang sing lakune kaya aku, sing luwih parah ya okehe ngeram…”

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH