Kamis, 01 April 2021

NGLUKARI

 

Kemis Pahing 1 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 12 : 1-14

Jabur 116 :1-2,12-16

1 Korinta 11 :23-26

Yokanan 13 :1-17,31b-35

Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane, tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau.” Yokanan 13 :4-5

 

Tembung NGLUKARI kuwi linggane Lukar, kang tegese ucul. Saka lingga lukar kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, kayata : dilukari, kang tegese diuculi, klukaran kang tegese dadi ucul amarga kahanan tertemtu lan uga NGLUKARI, kang tegese tumindak kanthi sadar kanggo nguculi. Dene kang diucul utawa dilukari kuwi isa apa wae. Bedane NGLUKARI karo dilukari kuwi gumantung marang sing tumindak, yen NGLUKARI kuwi tumindak dewe, dene dilukari kuwi nampa tumindake liyan kanggo nguculi kang ana ing awak’e.

 

Gusti Yesus nate tumindak NGLUKARI agemane, nalika nyedaki dina riyaya paskah. Nalika kuwi wis mbengi, bebarengan karo para sekabate nganane Bujana Mbengi, ing bujana kuwi Gusti NGLUKARI jubahe, njur njupuk banyu wijikan. Sakwise kuwi njur njupuk serbet kanggo ngelapi, siji mbaka siji sikile para sekabat, sing nembe lungguhan merga arep bujana (mangan bebarengan) diwijiki lan njur dilapi. Anggone Gusti NGLUKARI agemane kuwi minangka pralambang kudu kaya ngapa anggone menungsa wani cucul, wani ngucul, wani NGLUKARI agemane urip kanggo ngladeni liyan. Yen tetep jik nganggo jubah utawa “agemaning urip”, lakune leladi ora bakalan rancak lan lancar. Kanthi NGLUKARI ageman, samubarang kang isa dadi reribeting leladi isa kasingkirake.

 

Ageman kuwi isa dadi “kebanggaan diri” ing jaman saiki, lan ora sithik menungsa sing wegah NGLUKARI agemaning urip nalikane leladi,mula ya jik kerep kesrimpet ageman. Ageman kuwi isa awujud status social, kasugihan,trah utawa keturunan, jabatan lan liya-liyane. Menawa nalika nindakne leladi kabeh ageman kuwi ijik ana, mesti dadi ribet, mulane ya kudu wani NGLUKARI. Aja nunggu dilukari dening Gusti, padha NGLUKARI dewe wae, amarga kuwi pralambang tekad lan sedyan mulya kanggo “totalitas” leladi.

Kemis Putih iki iki, payo padha nganyarake sedya mulyaning urip, wani nganyarake janji gelem leladi lumantar wani NGLUKARI apa wae agemaning urip sing marakne kumenthus lan sombong, sing marakne rumangsa pinter dewe, penting dewe lan liya-liyane. Payo padha lelukar samubarang kang isa dadi reribet kanggo leladi marang Gusti,

 

“Wingi ngandi Jo,kok renjedul?” Takone Siwo Solebo.

“Njupuk wektu wening Lik, nglereni piker kanggo nyawang marang njeroning uripku, ben isa ngerti sepira kekurangane uripku” Dalijo mangsuli pitakonane Siwo Solebo, sinambi nyumet MLDne.

“Weh, apik kuwi Jo, esip..topmarkotop. Jik kober semedi kanggo instrospeksi diri” Omonge Siwo Solebo.

“Kuwi merga aku sing marahi Bo, rasah gumunan..” Lik Ndoleng melu ngomong.

“Yen sampeyan mung kaya calo Lik, isane ngomongi thok-thil…bener sing marahi ananging ratahu nglakoni” IIn, seka pawon nywara serune ngeram.

“Duss, cah wedok siji kae kok hobyne nyoal-nyael wae too, kabeh polah-tingkahku dingerteni..Jirutt nan ig..” Grenege Lik Ndoleng.

“Mulane kuwi kudu mbok Lukari Leng, aja mbok enggo..aja rumangsa ngerti,njur marahi ananging ora tahu nglakoni” Pakde Kento melu cawe-cawe..

“Tresnmu neng Wasti ya Lukarana Leng, aja bain-bain karo tresnane Trinil.Luwih becik NGLUKARI dewe tinimbang dilukari” Omonge siwo Solebo.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH