Rebo
Pahing 22 Januari 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
BANYUNIBO KULON NJURANGKUWUNG |
Yesaya
48:12-21
Jabur
40:6-17
Markus
4:1-20
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci,
Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira
bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati. Manawa
sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali
kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang
ora tau leren. Yesaya 48:17-18
ASAT kuwi tembung sing tegese kebak
utawa isine akeh, lan tembung iki biasane kanggo ukara bab banyu. Yen kahanane
ASAT tegese banyune kari sithik, utawa malah wis babar blas ora ana banyune. Kosokbaline
ASAT kuwi kebak, sing tegese wus ora ana papan meneh kanggo
diiseni. Yen bab samubarang sing apik utawa becik, mestine kabeh seneng lan
malah kepara ngarep-arep supaya tansah kebak,ora ASAT. Ananging menawa kuwi
urusane bab sing ala utawa sing ora prayoga, mesti lumrahe ya pengen ASAT.
Ana piwulang luhur saka Kitab Suci bab
tembung ASAT, yakuwi ana ing Yesaya 48 ayat 17-18. Ing kana disebutake menawa
para kagungane Gusti sing tansah nggatekake marang dhawuh-dhawuhe Gusti
bakalane nampa lan ngrasakake tentrem rahayu sing kebak utawa kaya kahanane
kali sing banyune ora nate ASAT, merga yen ASAT kuwi wus ora isa diarani kali maneh.
Dene syarat kanggo tetep ana ing kahanan sing ora ASAT mau sejatine mung mayar,
tetep nglakoni kabeh kang dadi dhawuh pangandikane Gusti. Sing kudu dieling
yakuwi bab “..nglakoni kabeh dhawuhe Gusti….” Bab nindakne dhawuhe Gusti kuwi
ora isa dinyang, merga akeh wong (klebu sing maca tulisan iki lan karo
mesam-mesem..hihi) senengane matrapi urip kaya bakul utawa blantik, kabeh
dinyang,klebu dhawuh pangandikane Gusti. Pokok’e, sing sapa kepengen ngrasakne
tentrem rahayu ing sakjroning urip, syarate mung mayar, lakonana kabeh dhawuh
pangandikane Gusti.
OBAT BOCAH SING DEMAM |
“Jo, kok aku ora patio yakin karo
piwulange eyang Yeaya neng Kitab Suci kae, jare yen nglakoni kabeh dhawuhe
Gusti kuwi mesti bakalane tentrem rahayune ora bakal ASAT..” Lik Ndoleng ngudha
rasa ing wayah sore, sinambi kebal-kebul karo udud klobote.
“Weh, lha jebul sampeyan kuwi jik
sanggarunggi marang pangandikane Gusti ta Lik?” Wangsulane Dalijo sinambi
mesam-mesam merga nyawang androite, mbuh entuk Wea seka sapa..
“Lha sampeyan wis nate nglakoni kabeh
pangandikane Gusti apa durung Lik?” Semaure Nduk I’in kaya padatan, njedul seka
pawon, nggawa kopi anget karo karag aking arep dinggo wedangan.
“Hmm..anu..hmmm..ya jan-jane durung
Nduk, lha jik sangsi je..”Semaure Lik Ndoleng sajak isin..
“Weladalah, lha seprana-seprene ngakune
“beriman”, jebule ora dilakoni,mung dimengerteni…kuwi lupute Lik, iman kuwi
kudu dilakoni,aja mung diapalne…yen wis dilakoni mesti ngalami apa sing diwulangke
Gusti, yakuwi tentrem rahayune Gusti ora bakalan ASAT..”Dalijo ngecipris wis
jian persis tukang sesorah kae, kamangka gaweane ya mung macul lan ngarit.
“Kuwi rungokne Lik, aja mung
plengah-plengeh wae, aja rumangsa isa ananging kudu isa rumangsa. Yen durung
dong, ngaku wae…aja kaya sing maca tulisan iki, nggaya munthak-manhuk wae
nggere ditakoni, ananging ngepasi nglakoni njur mak busssss..ora ana isine..lan
akhire ya ASAT tentrem rahanyune..” Nduk I’in melu-melu ngotbahi pakne Cilik
Ndoleng, sing malah nglentruk merga keturon…
Simbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar