Jumat, 31 Desember 2021

TUTWURI

 

Jemuah Legi 31 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 3 : 5-14

Jabur 147 : 12-20

Yokanan 8 : 12-19

Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.” Yokanan 8 : 12

 

TUTWURI kuwi cekakan saka tembung asli ngetutake saka utawa ana ing mburi. Sing kinaranan ngetutake kuwi mesti ana sing lumaku ndisik, lan mokal yen sing TUTWURI kuwi bakal mlaku luwih rikat cikben isa ndisiki lakune sing ditutake. Sing sapa wani milih urip kanggo TUTWURI kuwi kudu sabar, kudu sareh lan kudu manut marang sing lumaku ing ngarepe, cikben ora nasak utawa nerak kang dadi panutan sing pancen lakune ditutake dening kang ana ing mburi.

 

Crita kitab suci saka Injil Yokanan bab 8 ing dina iki, dina pungkasaning tahun2021, menehi piwulang babagan Pepadhang kang kudu dadi panutan lakuning uripe menungsa. Njur sapa sing dadi pepadhang kang kudu di-TUTWURI dening menungsa? Wangsulane cetha, Gusti Yesus. Ing crita Injil Yokanan bab 8 kuwi Gusti ngendika menawa Panjengane minangka pepadhanging jagag kan kagungan ayahan madhangi jagad. Dene kabeh menungsa kang nderek Panjengane kudu ngetut-buri utawa TUTWURI Panjengane supaya ora kedusang-dusang lakune.

 

Saka crita iki isa dijupuk kesimpulan sederhana kanggo kaca pangilon urip , menawa ngalami uripe kedusang-dusang utawa kedlarung-dlarung, kuwi mesti merga ora TUTWURI tindake Gusti. Sing kedusang-dusang utwa kedlarung-dlarung uripe ing tahun kang bakal ditinggalake isa disimpulake menawa uripe ora  TUTWURI pepadhanging jagad, ora ngetut-buri Gusti Yesus. Lho, aku rajin neng nggreja lho? Aku klebu aktipis, aku klebu penyumbang dana butuhe greja lan sakpiturute yen lakune ora TUTWURI sang Pepadhang Sejati, ora bakalan ngrasakne tentrem rahayu sejati, paling tentrem rahayune mung KW alias palsu.

 

Mula saka kuwi, payo mranata urip kanth iklas TUTWURI Gusti, nderek saktindake Sang Pepadhang Sejati sanadyan dalan kang kudu tinembuh nggronjal lan rumpil. Ora usah mangu-mangu, ora usah was-sumelang lan ora usah kokean kuwatir, kuwi mesti ngener marang tentrem lan rahayu. Aja keslamur dalan urip kang katone padhang, ananging malah kedusang-dusang, aja keslamur marang gebayaring donya, merga kuwi mung nawani katentreman KW dudu tentrem kang sejati. Lan sepisan meneh, tentrem kang sejati kuwi mung nalika wani TUTWURI tindaking Gusti minangka Pepadhang Sejati.

 

“Jo, sing gede pangapurane ya, yen ing sakdawane tahun iki aku okeh klora-klerune karo awakmu” Lik Ndoleng miwiti rembugan nalika jagongan lek-lekan methuk tahun anyar neng Cakuk Sor Talok.

“Iya Lik, semono uga aku..” Semaure Dalijo.

“Aku ya mengkono uga Leng, pangapurane yen okeh luputku..” Unine Kang Solebo sinambi numet jisamsune.

“Biyuh, romantic temenan iki, malem tahun barunan malah maaf-maafan…apik sih apik, rakeatn tahun sakbanjure mbalik olok-olokan meneh..” Unine Iin sinambi mlebu njero pawon merga nembe seka warung tuku kopi lan gula.

“Rapapa In, sing penting kabeh tinarbuka kabeh wani lumaku TUTWURI marang Gusti minangka Pepadhang Sejati” Ngendikane Lik Ndoleng sajak wasise ngeram.

“Ora sida malem tahun barunan karo Yu Wasti Lik?” Takone Iin.

“Ora In, aku arep neng kene wae, kae undangna mbokmu cilik Trinil..kon mrene tak njaluk ngapura..” Ngendikane Lik Ndoleng.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH