Senen
Legi 6 Desember 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
40 : 1-11
Jabur
126
Rum
8 : 22-25
Ana swara kang nguwuh-uwuh: “Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana
ing pasamunan, ngencengna dalan gedhe kagem Allah kita ana ing ara-ara samun! Saben
ledhokan kaurugana, tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna; tanah kang ana
tengger-tenggere kadadekna tanah warata, sarta tanah kang mendhak mandhukul
kadadekna papan lempar..”
Yesaya 40 : 3-4
Tembung
NGRATAKAKE kuwi linggane rata, kang tegese ora ana kang nggronjal, isa uga
diarani alus. Mula saka kuwi, NGRATAKAKE tegese tumindak kang dilakoni kanthi
sengaja lan sadhar supaya kahanane dadi (luwih) rata utawa alus. Jenenge wae
tumindak, mesti wani ngetohake tenaga, pikiran,bandha lan uga rasa. Sakwise
kahanan dadi rata, sakumpamane kuwi dalan, mesti luwih kepenak nalika diliwati.
Lan nalika sing ngliwati ngrasakake kepenak, mestine nduweni rasa seneng lan
pungkasane ngaturake panuwun marang kang mranata urip, beda karo yen dalane
nggronjal, mesti sing liwat kurang ngrasakne bungah.
Bab
NGRATAKAKE kuwi winulang ana neng kitab suci, mirunggan neng kitab Yesaya 40.
Ing kana ana dhawuhe Sang Yehuwah kang keprungu dening nabi Yesaya, cikben
nyawisake dalan kanggo Sang Yehuwah. Dalan kang kudu dicawisake mau diupayakne
cikben rata lan ora nggronjal. Sing puthuk dikepras, lansing mblegong diurug,
kabeh supayane dadi rata. Lha panggawean
ngurug lan ngepras kuwi isa kinaranan NGRATAKAKE dalan. Jenenge wae NGRATAKAKE
dalan, mesti butuh tenaga, butuh pra-beya, butuh wektu lan sakpanunggalane.
Sing cetha butuh pangorbanan kang ora sithik gunggunge.
Lumatar
BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, piwulang apik kang isa minangka pasinaon
yakuwi bab nyawisi dalan kang rawuhe Gusti. Dene dalam kuwi isa uripe awake
dewe iki, lan dalan kang nggronjal kuwi ya kahanane urip iki. Isa diibaratake,
puthuk sing kepras kuwi kaya rasa gumunggung, angkuh, sombong, kemlinthi, sok
semuci-suci, ngasorake liyan. Kuwi kabeh kang kudu dikeprasi,diratakake ben
apik, ben mulus-lus kaya artis sing anu kae..hehe. Dene wujud’e ledhokan ing
urip iki, kayata rasa asor, rumangsa ringkih terus, rumangsa sekeng utawa kami
sekengen, mindher lan sakpanunggalane, kuwi kabeh kudu dirugi lan nalika ana
sedulur sing raisa utawa rawani ngurug dewe, ayo direwangi aja malah dipoyoki
lan ditinggal dewean. Kabeh kudu sangkul-sinangkul cikben dalane rata, mula kabeh
kawean kanggo ngapikake dalan kuwi kinaranan NGRATAKAKE. Gampang apa angel
ngayahi gawean NGRATAKAKE kuwi?Kari gelem apa ora, yen gelem, angel kaya ngapa
mesti klakon, ananging yen wegah, mayara kaya ngapa mokal bisa klakon.
“Wingi
sore seka ngendi Jo, saka serius temenan?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo,
nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.
“Seka
ngancani Saimun, nembe ngadepi kahanan abot Lik..” Semaure Dalijo.
“Lha
apa ora duwe sedulur, kok sliramu sing wong liya, mung tangga sedesa malah melu
cawe-cawe ngagas kahanane Samun?” Takone Lik Ndoleng meneh.
“Lha
apa luput aku tumindak ngono Lik? Apa kleru aku ngancani Saimun kang nembe
semplah ing manah? Sedulur kuwi durung mesti gelem ngerti kahanan Lik, paling
njedule neng kahanan padang, kaya wewayangan..nalika kahanan peteng lan rekasa,
ditinggal…” Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.
“Bener
Leng, kabeh kuwi sedulur. Lan sedulur kuwi ora mung rembug utawa trah, sedulur
kuwi sing sapa gelem melu nyangga sanggane liyan…sing wani cucul lan berkorban.
Apa gunane ngibadhah ndakik-ndakik yen tumindake blas ora pener..Iki malah
kahanan kang pas kanggo netepi piwulange kitab suci, NGRATAKAKE dalane urip ben
rawuhe Gusti neng urip lan atine dewe dalane mulus, ora nggronjal merga rasa
srei,drengki, medit,pelit,kumlungkung lan sakpanunggalane..”Sesorahe Kang
Solebo.
“Biyuh,
kencokan roh apa Bo, kok wasismu ngeram. Yawis, kene, njaluk ududmu..nggonku
entek..”Unine Lik Ndoleng sinambi ndudut jisamsune Kang Solebo.
“Pancen
ramodal wae Lik…koken rembug..”Unine Iin, saka pawon sinambi ngejoki kopi.
“Duss..cah
siji kae nyoal-nyael wae…” Grenengane Lik Ndoleng.
@semesta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar