Senin, 13 Desember 2021

NGGRUNDELI

 

Senen Pon 13  Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 16 : 1-19

Yesaya 11 : 1-9

Ibrani 13 : 7-17

Apa durung cukup tumrap kowe, anggonmu wus padha dibedakake dening Gusti Allahe Israel saka ing antarane umat Israel, diparengake sowan marang ing ngarsane, supaya kowe padha nglakoni ayahan ana ing Tarub Sucine Pangeran Yehuwah, sarta ngladeni pasamuwan, kowe dalah para sadulurmu wong bani Lewi kabeh padha kalilan sowan, mangka saiki kowe kok padha ngarah kalenggahan imam? Mulane kowe dalah grombolanmu kabeh banjur sakuthon nglawan marang Pangeran Yehuwah; sapa ta Imam Harun iku, dene kok padha kokgrundeli?” Wilangan 16 : 9-11

 

NGGRUNDELI tembung kang kerep diungelake, malah kepara sing padha maca tulisan iki yaw is nate krungu, yen nglakoni..hmmm..kayane ora ana, ora ana sing ngaku..hehe. Kuwi sing  maca sinambi mesam-mesem lan nyruput kopi, kayane meseme piye ngono, aja-aja gek ya nate NGGRUN….haishh..bacutna dewe lurr…

Oiya, mbalik neng tembung NGGRUNDELI kuwi kurang luwih tegese, tumindak kanthi rembugan kang isa dilakoni dewekan utawa berjamaah (bebarengan liyane) nalika ngrasa ana kang lumaku ora gathuk karo kekarepane. Sing kudu diGRUNDELI kuwi ora kudu kahanan kang salah utawa luput, pokok’e sing ora gathuk karo kekarepane. Mulane ora usah gumun yen ana pawongan utawa kelompok kang NGGRUNDELI kahanan, sanadyan kahanan kuwi sejatine apik lan bener.

 

Bab NGGRUNDELI kuwi jebul ora mung njedul ing jaman modern, ing njaman mbiyen,jamane nabi Musa ya wis thuwuh kanthi ngrembaka lan subur, kaya kang tinulis ing kitab Wilangan bab 16. Ing kitab kuwi critane ana segerombolan pawongan kang ora mathuk karo kahanane nabi Musa lan imam Harun, njur sakuthon.  dalah NGGRUNDELI. Lha apa lupute imam Harun kok nganti digrundeli dening bani Korakh saksekuthone? Jebuk mung merga meri marang nabi Musa lan imam Harun. Meri kok nabi Musa kepenak temenan isa sesambungan mirunggan karo Sang Yehuwah, meri marang imam Harun kang nduweni kaistimewan minangka juru sowan ngarsane Gusti nalika atur korban. Pokoke kawiwitan meri njur padha NGGRUNDELI.

 

Racake sing senengane NGGRUNDELI kuwi pancen ditokne tetep ana ing sakdawane mangsa, saka mbiyen tekan saiki. Lan uga, anane NGGRUNDELI kuwi jebule ya  ora adoh karo kahanan meri, mbuh sing dimereni bab kang becik apa kang ora becik, pokokne nalika rasa meri kuwi njedul, mengko dadi uwaoh kang kinaranan tumindak NGGRUNDELI. Crita sakbacute saka tumindak NGGRUNDELI sing dilakoni dening Korakh lan wadyabalane yakuwi ditumpes dening Sang Yehuwah..jian nggegirisi lan medeni lurrr.. Mula saka kuwi, payo mranata urip kanthi tinarbuka, ben ngerti kahanan kang sakmestine. Bangsa ngisrael ngertine mung nabi Musakepenak isa sowan langsung marang Sang Yuhuwah, babarblas ora ngerti sanggane nalika njaga patraping urip kang ya rekasa. Uga bangsa ngisrael ora dong babar blas..(merga DDR, Daya Dong Rendah) bab pakaryan lan patraping urip Harun minangka imam, sing ana mung meri njur NGGRUNDELI. Dongaku, muga-muga sing maca tulisan iki ora ana sing “grendelan”..hehe.

 

“Jo, aku tik bingung, bedane NGGRUNDELI karo ngrasani kuwi apa ta? Pora ya padha wae?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika nembe jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Yuh…mung mbedakne kaya ngono wae ora isa Leng, jian kaya ngendikane mbahe, awakmu kuwi DDR (Daya Dong Rendah)…” Kang Solebo sing nyauri.

“Dus…menenga Bo!!” Aku takon Dalijo sing sajake luwih wasis tinimbang bangkrenganmu.

“Rasah nesu Paklik, malah gundul mengko…”IIn melu cawe-cawe sinambi ngedak kopi saka pener pawon.

“Crigis In!! Ndang kopine selak kecut lambeku!” Semaure Lik Ndoleng.

“Ngene lho Lik, yen ngrasani kuwi isa bab kang apik lan ora apik, ananging yen NGGRUNDELI kuwi mesti bab kang rinasa elek, ora ana kang wong NGGRUNDELI bab sing apik?” Wangsulane Dalijo lan malah ditutup pitakonen, Lik Ndoleng manthuk-manthuk sajak wis paham.

“Weh, ana kang, sing apik tur bahagia tapi ya ana sing NGGRUNDELI..”Iin tekan. nggawa kopi panas lan melu rembugan.

“Sapa In?” Takone Kang Solebo.

“Paklik kuwi, Yu Wasti karo Kang Markun bahagia ya jik diGRUNDELI..”Muni ngono IIn landsung mak brabat balik pawon.

“Trondolooo..bocah ikii…ora mung aku thok sing sok NGGRUNDELI..kuwi sing maca BENINGE EMBUN ESUK ya ana sing hobyne kaya mengkone” Muni ngono Lik Ndoleng njur nyumet pituneme.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH