Kamis, 16 Desember 2021

MALIHRUPA

 

Kemis Legi 16 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Dayane Cahya Srengenge MALIHRUPA dadi Tenaga


Yeremia 31 : 31-34

Jabur 80 : 1-7

Ibrani 10 : 10-18

Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun. Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.” Yeremia 31 : 33-34

 

MALIHRUPA kuwi kahanan kang beda karo sakdurunge. Dene bedane isa dadi luwih apik, uga isa dadi luwih ala, gumantung karo ancas lan kahanane. Lha apa wae kang isa MALIHRUPA? Meh saben kahanan sejatine isa MALIHRUPA. Mosok iya, mbok njajal diwenehi siji wae cikben mayar anggone ngerti? Lha panganan kang sabenndina dipangan kae sejatine kan MALIHRUPA sakwise dipangan, saka wujudte panganan njur dadi tenaga kang ngedab-edabi kanggo makarya, kuwi klebu kang kinaranan MALIHRUPA.

 

Piwulang kitab suci lumantar nabi Yeremia bab 31 ayat 33-34 sajake ora adoh karo kang dadi jejer BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, dina keramat yakuwi kemis legi. Crita neng kitab Yeremia kuwi babagan prajanjian anyar kang dikersakne Gusti Allah karo para umate (mbiyen), yakuwi umat ngisrael lan Yehuda. Apa ta prajanjian anyar kuwi? Yen mbiyen pas njamane para leluhur kang tinuntun metu saka pangawulan Mesir wujudte prajanjian kuwi tulisan neng watu gede (kahanane Toret) lan kuwi mung sederma diwaca lan diapalake ananging ora dilakoni, ing prajanjian anyar kuwi torete ora ditulis neng watu. Lho, njur nengndi? Tinulis neng atine menungsa. Weladalah, lha apa isa? Isa wae, kuwi janjane pasemon, cikben umate Gusti mapanake angger-angger toret ana ing uripe, ana ing lakune dudu neng watu.

 

Gusti Allah ngersakne pangerten bab toret kuwi MALIHRUPA, ora mung diwaca lan diapal, ananging dilakoni. Isane dilakoni mung nalika lumebu ing ati,ing batin kang sejati. Kaya pasemon bab panganan, yen mung disawang wae, enake kaya ngapa panganan kuwi mokal dadi tenaga kang ngedab-edabi, mula ya kudu dipangan cikben isa MALIHRUPA. Semono uga bab pangandikane Gusti utawa anger-anggere Gusti, yen mung dingerteni utawa diapale thok-thil, mokal maedahi. Mulane, payo wiwit saiki ora ngapalake thok bab pangandikane Gusti, ananging sakwise apal lan ngerti njur digawe ben MALIHRUPA. Yen wis MALIHRUPA, pangandikane Gusti utawa angger-anggere Gusti kuwi winaca lumantar tumindak, dadi isa kawaka dening liyan lan kuwi dadi kabar kabungan.

 

“Ngapa kuwi cah, kok sajak sengrius lan ibut ngelim kerdus?” Takone Lik Ndoleng marang Kang Solebo lan Dalijo.

“Haiyah, iki lho Leng, cecawis arep sowan..arep mratelakake katresnan kang winujud..” Semaure Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Melu pora Lik, ngko sore arep sowan..setahun njudun wis diwulang mosok mung cangkeman thok walesane, mbok kaya BENINGE EMBUN ESUK kuwi, wani MALIHRUPA. Aku karo Kang Solebo lan Iin arep mujudake katresnan, MALIHRUPA’ake katresnan lumantar iki..” Dalijo njlentrehake kekarepane sinambi ngekeb MLDne.

“Weh, tik ora ajak-ajak cah..lha kuwi isine apa?”Takone Lik Ndoleng.

“Iki isine ati kang dadi wujud Leng…tresna kang dadi nyata, ora mung rembug”Unine Kang Solebo.

“Haiyah, kaya pas sampeyan njaman palentin mbiyen karo Yu Wasti kae lho Lik, jare sok mbok wenehi..H…”Durung rampung Iin muni wis disaut rembug Lik Ndoleng.

“Hoppppp!!!...Wis doong aku…Yawis tak melu. Muga-muga sapa wae sing maca tulisan iki, lan nengngendi wae, isa ndadekne katresnane MALIHRUPA…”Unine Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme, sajak meh entek.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH