Kamis, 23 Desember 2021

LANJARAN

 

Kemis Pon 23 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Mikha 4 : 6-8

Lukas 1 : 46b-55

2 Petrus 1 : 16-21

Kang pincang bakal Sundadekake lajering turun lan kang katundhung dadi bangsa kang santosa, apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.” Mikha 4 : 7

 

Tumrape wong ndesa kang cedak karo gawean olah tani, tembung LANJARAN kuwi dudu tembung kanga sing, beda karo piyayi kutha kang mestine ora patia ngerti karo tembung kuwi. Sakliyane piyayi kutha, tumrap piyayi jaman modern ya kayane ora patia ngerti karo tembung LANJARAN.Lha apa ta seajtine LANJARAN kuwi? LANJARAN kuwi sejatine piranti kang pungsine kanggo rambatan. Sing isa kanggo LANJARAN isa saka kayu, pring, pralon utawa wesi, sing baku isa dinggu “panutaning” urip tandhuran kang rinumat. Mbiyen neng ndesaku kayu kang paling apik kanggo LANJARAN diarani kayu “Katamanah”, merga awete ngeram, isa setahun kuwat ora dinpangan rangas utawa rayap.

 

Piwulange kitab suci lumantar nabi Mikha ing dina iki ngrembug bab LANJARAN, yakuwi pamecane nabi Mikha kang wus dikwasani dening Rohe Gusti. Lha apa utawa sapa kang bakalane dadi LANJARAN kuwi? Manut nabi Mikha, kang bakal dadi LANJARAN kuwi saben wong kang pinilih dening Gusti, yakuwi para wong kang saksuwene iki sinawang asor ,ringkih,ala lan siningkirake dening wong akeh. Manut nabi Mikha, sapa wae kang pincang lan katundhung bakal didadekne “lajer” utawa kaya kang ndak sebut yakuwi LANJARAN. Lha kapan kuwi kelakone? Kuwi kelakone nalika para wong kang kaasorake, para wong kang singegiti, para wong kang tinudguh luput (sanadyan ora), para wong kang kasingkirake pasrah sumarah marang Pangeran Yehuwah. Lha apa wong sing ora ringkih, ora siningkirake, ora kaasorake lan ora katundhung raisa dadi LANJARAN? Isa wae, ananging racake wong sing rumangsa kuwat, rumangsa apik, rumangsa bener, rumangsa soleh utawa suci,  kuwi okeh laline marang Gusti, merga ngertine kabeh kuwi saka kekuwatane dewe.

 

Mulane kanggo sapa wae kang rumangsa asor, ringkih, tindhung lan radianggep, aja was sumelang, payo sumende marang Pangeran Yehuwah, mesti bakalan paring kekuwatan . Sakwise antuk kakuwatan saka Gusti Allah, payo sumadya dadi LANJARAN ing kabeh patraping urip. Ora usah gumungkung, sing kebah katresnan lan pangapura, seneng lung tinulung, ora usah njaluk dialem ing sadengah tumandhang gawe. Sing rumangsa diasorake, radianggep, siningkir lan tansah rumangsa disengiti, payo nelakake yen pangandikane Sang Yehuwah iki nyata lan wus klakon ing uripe iki, lumantar sumadya dadi LANJARAN ing kabeh patraping urip. Jenenge wae LANJARAN, ya kudu siapa dadi panutan, dadi papan sumendene kang ngrambati. Ya pancen abot, ananging menawa Gust iwis maringi kakuwatan, kabeh mesti kuwat sinangga.

 

“Wingi kacangmu entuk pirang unting In?” Takone Lik Ndoleng nalika sore kuwi wis nyengkruk neng Lincak Sor Talok.

“Entuk sewidak unting Lik..”Semaure Iin.

“Begjamu In, okeh panene. Nggonku buk-klepuk..merga okeh sing ora kumanan LANJARAN..” Semaure Lik Ndoleng.

“Mula mbiyen takjak nggolek LANJARAN Leng, ananging awakmu alesan rakober, bareng saiki sambat..” Kang Solebo nembe teka lan melu urun rembug.

“Aku kurang sreg yen LANJARAN kuwi dudu kayu katamanah Bo, rasane piye ngono” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Yen njaman mbiyen cen okeh Lik, ananging saiki wis meh entek. Ditebangi nggo kayu obong” Dalijo kang nembe teka ya melu urun rembug.

“Mulane sak-anane wae Lik, sing penting tandurane Kacang ana LANJARAN’ne, ben awoh okih..rasah idealis..” Iin muni nganggo tembung sok ngakademis.

“Bener Lik, kuwi lho kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki, yakuwi bab kersane Gusti cikben sing asor lan ringkih dadi LANJARAN kanggo sapa wae” Dalijo njur sesorah kanthi wasise ngeram.

“Betul Leng, kaya LANJARAN tresnane Markun marang Wasti, kae jian bakoh temenan, sanadyan mbok godha ora owah gingsir” Unine Kang Solebo, sajak ngenyek Lik Ndoleng.

“Dus..dengkulmu mlocot kuwi Bo..ora ponakan ora kanca mesti ngece aku terus. Jindullll!!!” Swarane Lik Ndoleng sajak erosi, sinambi nyumet jisamsune Kang Solebo.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH