Sabtu, 04 Desember 2021

WEDIASIH

 

Setu Wage 4 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Maleakhi 4 : 1-6

Lukas 1 : 68-79

Lukas 9 : 1-6

Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.” Maleakhi 4 : 2

 

WEDIASIH kuwi kahanane urip kang ora nglakoni sabarang kang ala amarga tresna, dudu amarga cikben ora entuk paukuman. WEDIASIH kuwi beda karo Wedi (dudu pasir lho ya..), amarga yen mung Wedi, kuwi tegese ora wani, lan nalika rumangsa aman, rasa wedi kuwi ilang lan bisa nglakoni tumindak nerak angger-angger. Racak’e wong sing mung Wedi kuwi bakalan nglanggar aturan nalika rumangsa aman,ora diawasi dening liyan.

 

Neng kitab Mikha ana pangandika bab kahanan WEDIASIH, yakuwi WEDIASIH marang Sang Yehuwah. Manut paseksine nabi Mikha, sing sapa nduweni rasa WEDIASIH marang Gusti uripe bakalan nemahi tentrem lan rahayu, uripe bakalan keplethekan pepadhang saka ngaluhur, kaya padange srengenge, yakuwi srengenge kabeneran. WEDIASIH kang dikarepake dening nabi Mikha yakuwi Wedi kang mrentul saka telenging ati kang luhur. WEDIASIH kuwi kahanan urip kang rumangsa yen neng ngendi-endi papan, Gusti Allah pirsa, dadi sing sapa nduweni rasa WEDIASIH marang Sang Yehuwah, mokal arep tumindak ala, mokal arep ngrumati rasa gething, serik,mutungan,dendam lan sakpanunggalane.

 

Ing jaman saiki okeh sing ngaku nduweni rasa wedi marang Gusti, ananging okeh-okehe mung winates neng rembugan, neng tumindak durung mesti. Lho, lha piye titikane sing bener-bener WEDIASIH marang Gusti lan sing mung lamis bab wedi kuwi? Mayar, ana ing urip padinan, nalika nemahi luputing liyan, kepiye penanggepe? Yen isa nampa kanthi iklasing manah lan malah kepara ngulungake tangan kanggo nulungi, kuwi sing jenenge WEDIASIH marang Gusti. Ananginng yen ngendani kadhang kang nembe nemahi kahanan ora apik, sanadyan sregep ngibadah lan muni kanthi sora yen Wedi karo Sang Yehuwah, kuwi mung lamis.

 

Sing sapa ana ing kahanan WEDIASIH marang Gusti, kuwi isa ncipta kahanan kang tentrem dalah rahayu, ing kana ora ana maneh jarak utawa bates. WEDIASIH marang Gusti kuwi dudu winates pangerten, ananging lakuning urip. Mung nalika ana kang ngayahi lakuning urip kang WEDIASIH marang Gusti, ing kana bakalan ana pletheking srengenge panguripan, mung nalika ana rasa WEDIASIH marang Gusti, ing kana ana kabungahan kaya polahe Pedet kang ucul saka ing kandang.

 

“Jo,jare mau esuk Markun mampir kene ya? Njur pakcilimu Ndoleng Hernadez piye,apa ya nampa kanthi sukarena?” Takone Kang Solebo, nalika jagongan neng Lincak Sor Talok, lan Lik Ndoleng rung njedul.

Iya kang, Kang Markun seka mlaku-mlaku ndilalah kersa mampir. Wiwitane paklik rada “jual mahal”, njur takjarag..lan sanadyan rada mbesengut, ya njagongi kang Markun..”Semaure Dalijo.

“Ngapa ngrasani aku? Aku mono nating tu lus len…blas renek sengit kato Markun..saiki wis  ce’es..”Ngendikane Lik Ndoleng.

“Haiyah, saiki renek kang MArkun wae sajak apikan..mau esuk wae grogine kaya Jangkrik bar dijantur..Kuwi jenenge lamis Lik, beda karo piwulange mbahe neng BENINGE EMBU ESUK dina iki, kudu wani nduweni rasa WEDIASIH marang Gusti..merga Gusti pirsa kabeh tingkahlakune awake dewe..” Dalijo menehi tausiah marang Lik ndoleng.

“Weh, bener kandamu Jo. Aku cen jik piye ngono yen karo Markun..”Lirih swarane Lik Ndoleng, sinambi nyumet jisamsune kang Solebo, mbuh ngepasi kentekan pitunem apa cen hobyne njalukan…

 

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH