Rabu, 08 Desember 2021

AMBYAR

 

Rebo Pon 8 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 35 : 3-7

Jabur 126

Lukas 7 : 18-30

Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna lan dhengkul kang theklok pada santosakna. Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine: “Sing padha tatag, aja padha wedi! Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwales lan ganjaraning Allah. Panjenengane piyambak kang rawuh arep nguwalake kowe kabeh.”Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake, lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak. Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak; amarga ara-ara samun bakal metokake sumber, sarta pasamunan bakal ana kaline; tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang, lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber; papan pandhodhotaning asu ajag bakal kathukulan tebu lan pandhan.” Yesaya 35 : 3-7

 

Mbokmenawa meh kabeh sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, Rebo Pon tanggal 8 Desember 2021 wis paham kabeh karo jejer ing ndhuwur, malah nganti lagune wae apal banget. Yen ora kleru, merga “ngefans” karo Swargi Didi Kempot kang nduwe lagu kondang jejere tembung ndhuwur, nganti ana grup kang jenenge “Sobat AMBYAR”. Uga, meh keeh kang maca tulisan ini menehi arti AMBYAR kuwi kanthi negative, yakuwi ajur utawa pecah. Pancen ora luput ngartekne AMBYAR kanthi arti negative, ananging uga ora luput yen ngartekne AMBYAR kanthi  arti positif.

 

Pangandikane kitab suci neng Yesaya 35 ayat 3-7 arep memulang bab AMBYAR kang nduweni arti positif, yakuwi nalika apa kang saksuwene iki dadi pepalang kang malangi berkahe Gusti AMBYAR. Merga uripe kepalangan maneka werna kahanan kang ala utawa negative, mulane berkahe Gusti ora nate sampurna tumeka ing uripe, mula pepalang kuwi kudu didadekne AMBYAR. Lha apa kang dadi pepalang sing ndadekne berkahe Gusti ora tumeka ing uripe menungsa, klebu awake dewe kabeh? Yen manut critane kitab Yesaya, kang dadi pepalange berkahe Gusti marang menungsa kuwi, kayata : Pambalela, njaman nabi Yesaya bangsa ngisrael mbalelane ngeram marang Gusti. Rasa kumlungkung uga dadi pepalang berkahe Gusti tumeka marang bangsa ngisrael, uga rasa srei,iri,drengki lan sakpanunggalane. Kabeh pepalng kuwi kudu didadekne AMBYAR, cikben berkahe Gusti tumeka marang uripe menungsa.

 

Ing jaman saiki mbokmenawa kang mbiyen dialami bangsa ngisrael jamane nabi Yesaya ya ijik ana, malah sansaya “Paratip”. Rasa minder lan kumenthus jik ana, rasa egois lan karepe mung menang-menange dewe ya jik nggladeg, rasa nduweni pangwasa ya jik okih ing jaman saiki. Kuwi kabeh kang dadi pepalang berkahe Gusti tumrah marang menungsa, klebu awake dewe kabeh. Mulane, cikben berkahe Gusti kuwi isa tumeka ing urip awake dewe kabeh, payo ngupadi ndadekne pepalang kuwi AMBYAR. Lha piye carane? Payo apura-ingapuran, payu sangkul-sinangkul, paya tulung-tinulung, payu ngandhap-asorake urip bebarengan neng ngarsane Gusti Allah. Yen kabeh pepalang isa didadekne AMBYAR, apa kang tinulis neng kitab Yesaya 35 ayat 3-7 bakalane nekadi uripe awake dewe. Sing wuta isa nyawang meneh, sing luwe bakalane dadiwareg, sing theklok dengkule isa semangat meneh, sing minder dadi kendel, sing wegahan dadi sregep lan sakteruse. Kabeh isa kelakon sauger wani ndadekne kabeh pepalanging urip kuwi AMBYAR.

 

“Bo, apa alesanmu kok milih mulih ndesa, kamangka neng njakarta wis kepenak?” Takone Lik Ndoleng marang Kang Solebo.

“Penak lan ora kuwi kari sing ngrasakne Leng. Aku mulih ndesa kuwi ora masalah penak nengndi, mung kepingin nguri-uri lan ngrumati apa kang kudu takrumat..kayata tegal lan sawah..” Semaure Kang Solebo.

“Lha mikirku sing padha mulih ndesa kae merga ngrasakne ora kepenak neng kutha…”Omonge Lik Ndoleng meneh.

“Aku setuju karo njenengan Kang, mulih ndesa kuwi merga kepingin makarya kang luwih migunani, tinimbang neng papan liya, dudu masalah kepanak lan orane..” Dalijo melu urun rembug.

“Hush..miGunani, kuwi pora bojone Senthot kae?” Unine Lik Ndoleng.

“Clelekan Lik dirimu kuwi…saiki ayo ngrumati berkahe Gusti, apa kang dadi pepalange didadekne AMBYAR..kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK iki..”Dalijo sajak pengen nyimpulake rembugan.

“Lik, entuk titipan seka Yu Wasti, wingi pas mrene kae..” Iin njedul saka pawon, nggawa kopi sing jik kemebul, sinambi ngomong titipane Yu Wasti, kang ndadekne Lik Ndoleng sajak AMBYAR meneh..

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH