Sabtu, 11 Desember 2021

SWARGA

 

Setu Legi 11 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Amos 9 : 8-15

Yesaya 12 : 2-6

Lukas 1 : 57-66

Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani, wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji; gunung-gunung padha netesake anggur anyar, sarta tengger-tengger bakal kabanjiran.” Amos 9 : 13

 

SWARGA, meh kabeh menungsa paham tembung iki, lan uga tansah ngupadi cikben isa ngrasakne (ing mbesuk?) kahanane SWARGA. Lha jan-jane apa ta SWARGA kuwi? Njur manggone ana ngendi? Trus kepiye carane nggayuh kang kinaranan SWARGA kuwi? SWARGA kuwi asale saka rong tembung jawa kuna, SU kang tegese apik utawa endah lan tembung Arga kang tegese gunung utawa papan kang dhuwur. Tembung Su lan Arga kuwi njur digabung, Suarga, ilat jawa nggabungake hurup “u” lan “a” kuwi njur dadi “w”, mula ora Suarga, ananging SWARGA, kang artine kahanan kang endah lan nyenengake, dene papane neng ndhuwur utawa pucuk nggunung.

 

Meh kabeh agama memulang bab SWARGA lan kepiye carane ngrasakne utawa tumeka ing kahanan SWARGA, lan kabeh kuwi bener. Dene babagan percaya, sumangga dilakoni dewe-dewe, merga kapercayan kuwi ora isa didebat utawa diengkeli, kleru yen kapercayan kuwi didebat uawa diengkeli, sanadyan ora sithik sing hobyne ngengkeli kapercayane liyan, lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ya kerep ngengkeli kapercayan liyan cikben kapercayane dewe isa dadi juara kang apik dewe. Kamangka bab apik kuwi ora urusan karo liyan, apik kuwi bab kualitas. Oiya, mbalik neng bab SWARGA, ana crita neng kitab suci, cethane kitab Amos bab 9 kang memulang bab “kahanan SWARGA”. Manut kitab Amos 9, kahanane SWARGA kuwi butuh proses,  salah sijine sakdurunge ngrasakne kahanan kang nyenengake, mbungahake, nengsemake lan kabeh sing apik, kudu wani “diinteri” dening Gusti Allah.

 

Lha apa gabah kok ndadak diinteri? Ya kuwi mung gambaran, kang tegse sakdurunge isa ngrasakake kahanane SWARGA< menungsa kudu wani lumaku ing dalan-dalan kang rumpil, kahanan kanga bot lan nggegirisi, kahanan kang babarblas ora nyenengake. Menungsa kuwi ani nggondeli kapercayane sanadyan abot, wani nanggung apa wae kahahane sanadyan rekasa, wani lung-tinulung sanadyan lara lan ora entuk untung, pokoke wani lan kudu siap diinteri. Lan ing sakjroning “panginteran” kuwi, apa wae kang ala, kang ora apik, ora becik, ora wangun, sing palsu utawa lamis bakalan ketok njur dijupuk dening Gusti lan diguwang menyang mbarongan lor ndesa..hehe. Pokoke SWARGA kuwi kudu wani ngrasakne kahanan kang cengkah karo  kekarepan kamanungsan.

“Ngandi Jo, kok rongndina rangetok, apa Tarsi mudik?” Takone Lik Ndoleng sinambi klepas-klepus karo pituneme, merga wingi bar ditukokne Pak Guru Dwi.

“Rembugmu Lik, genah aku ndangir neng tegal, ndina…mulih mbengi,njur kesel ya turu…” Semaure Dalijo sinambi mbukak MLDne.

“Aja regejegan cah..kuwi gatekna piwulange mbahe, bab SWARGA. Jebul ora kaya sing tak gambarake cah. Mikirku SWARGA kuwi mung cukup ngibadhah seeming pisan, kuwi wae nek eling., lan njur entuk SWARGA kang mulya..jebuleee…” Unine Kang Solebo, sajak nembe ngerti piwulang bab SWARGA.

“Weh, lha apa ana piwulang meneh Bo?” Takone Lik Ndoleng sajak nggumun.

“Yakuwi, piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, yen kepengin SWARGA kuwi kudu rekasa, wani lara, wani ngapura, wani diinteri dening Gusti. Wah..kudu cecawis iki…”
 Kang Solebo njlentrehake.

“Wah, jebule ngono ya…mikirku mayar, minggu ngibadah, wis cukup..bab ngapura isa ethok-ethok, bab tresna sing penting muni bab nglakoni ngkodisik…walah..jebull..” Lik Ndoleng nggrememeng dewe.

“Ngapa Lik tik gembreneng kaya tawon kambau? Kangen Yu Wasti?” Takone Iin sinambi nyuguhke wedang putihan ae, jare Iin prihatin ben isa ngrasakne SWARGA.

“Dengkulmu mlocot In…iki bab SWARGA, ora bab masa lalu..Dusss!” Unine Lik Ndoleng, sinambi nyumet udude meneh, jebul mati merga kesuwun ngekepe.

 

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH