Sabtu, 18 Desember 2021

MLETHO

 

Setu Pon 18 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 66 : 7-11

Jabur 80 : 1-7

Lukas 13 : 31-35

Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake.”Lukas 13 : 34

 

MLETHO kuwi kahanan kang cengkah karo pengangen-angen, sakumpama nandhur pari kudune panen satus karung mung dadi selawe karung kuwi isa kinaranan MLETHO. Lan meneh, tembung MLETHO kuwi sajak’e ngemu teges negativf, amarga yen beda karo pengarep-arep ananging ngluwihi (tur ya apik) ora kinaranan MLETHO. Amarga sing isa mbiji lan ngarani MLETHO kuwi titah kang kinaranan menungsa, mula aku yakin mbolokin yen sing maca tulisan iki okeh sing wis dong baba pa kuwi MLETHO, lan uga kayane kerep uga mrangguli kahanan kang mengkono.

 

Gusti Yesus nate nemahi kahanan MLETHO, yakuwi babagan kutha Yerusalem. Oiya tegese tembung Yerusalam kuwi kutha tentrem (damai), saka tembung ibrani “Ir” kang tegese kutha lan Syalem utawa Syaloom kang tegese damai utawa tentrem, tembung ngarab’e al-Quds kang tegese kutha suci lan cara basa Arma’e Yerushalem. Saka jenenge kutha, Yerusalem kuwi kudune dadi kutha kang kabeh klakon suci, ananging jebul lumakune MLETHO. Ing kana okeh tumindak daksiya, lan kang nggumunake sing nglakoni malah para-para sing dadi penggede agama Yahudi wektu kuwi. Manut paseksine Gusti Yesus, nabi kuwi kudu dipateni neng Yerusalem. Jian nggegirisi temenan. Manut critane Injil Lukas, nalika  Gusti tindak neng Yerusalem wus dielikake cikben sumingkir, merga ana sindikat kang meh mateni Gusti Yesus. Pirsa kang kaya mengkono kuwi Gusti ora kersa sumingkir merga pancen lakuning gesange Gusti pancen kudu rekasa tumeka ing seda, lan kudu ana ing kutha suci Yerusalem, ben sansaya nyata kahanane Yerusalem kang MLETHO.

 

Ing jaman saiki, bab kahanan MLETHO kuwi ya jik okehe  ngeram, malah mbokmenawa luwi  nggegirisi tinimbang jamane Gusti Yesus. Yen jamane Gusti pancen mateni kang tegese misahake raga karo nyawa, ing jaman saiki ora sithik kang tumindak mateni, yakuwi “Mateni Karakter”. Lan kang luwih nggumunake, klakone meh kaya jamane Gusti Yesus, justru para wong sing sinawang “agamis” kang nindakake, jian pol tenan.. Yen ing jamane Gusti Yesus, Gusti diangkah patine merga okeh penggede agama yahudi sing rumangsa kasaing, ing jaman saiki okeh model kang njalari wong nduweni grengseng memateni, sanadyan kuwi dudu nyawa, ananging karakter kuwi mau. Kahanan MLETHO kuwi jebule jik lumaku tekan saiki, mula saka kuwi, payo eling lan waspada merga kabeh menungsa nduweni bakat terpendam kanggo MLETHO ing sadengah kahanan. Gusti Yesus wae nganti nangis nalika mirsa lan ngrasa kutha Yerusalem MLETHO, mula saiki kabeh kang percaya marang Gusti, payo ngati-ati cikben ora MLETHO.

 

“Lha jare Markun, okeh sing cangkrukan, lha endi cah?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo lan Kang Solebo, nalika nembe tea neng Lincak Sor Talok.

“Iya kuwi mau ana Kayun, Cebret lan Sate…mampir seka saba” Unine Kang Solebo.

“Gayeng Lik, critane ngetan-ngulon nganti entek kopi sak Teko. Ananging intine crita, bab Kang Sate sing  mbiyen nate nemahi kahanan MLETHO. Lha nyambut gawe etungan ngarep borongan, bareng rampung gasik, sing menehi gawean mbalik harian..” Unine Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Walah, kok ya ana sing tumindak kaya mengkono ya cah?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Haiyah, kuwi lumrah Leng, wong urusan kadonyan, urusan kaimanan wae okeh sing MLETHO..”Kang Solebo nimbrung, sinambi nyumet jisamsune.

“Getun aku teka telat cah..” Unine Lik Ndoleng.

“Lha kesuwen mulihmu Lik, tuku udud sewindu. Kuwi mulih kan merga kang Markun mulih, jale rung mulih, mesti kokean alesan neng warunge Yu Wasti, nganti entek kopi telung nggelas..”Iin muni seka pawon, merga permose entek banyu pananse, arep nggawe kopi dadak nggodeg ndisik.

“Jrett..crigiss In!!” Muni ngono Lik Ndoleng sinambi mbukak pituneme sing nembe wae tuku.

“Cintamu karo Yu Wasti mbiyen ya MLETHO kan Lik?” Swarane Iin meneh saka njero pawon, sajak diserok-serokne.

“Dusssss…cah siji iki..jiannnn!!!”Grundelane Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH