Kamis, 30 Desember 2021

PANUNTUN

 

Kemis Kliwon 30 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 1 : 7-13

Jabur 147 : 12-20

Markus 13 : 32-37

Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kiyating janji Paduka dhumateng bapa kawula Dawud, amargi kawula sampun Paduka jumenengaken dados ratuning bangsa, ingkang kathahipun kados lebuning siti. Paduka sapunika mugi karsaa paring kawicaksanan saha kawasisan, supados kawula saged mlebet medal dados panuntuning bangsa punika, awit sinten ingkang saged ngakimi bangsa ingkang ageng punika?” 2 Babad 1 : 9-10

 

PANUNTUN kuwi linggane Tuntun kang tegese lumaku kanthi dhasar utawa patokan. Saka tembung Tuntun kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, kayata Tuntunan kang tegese samubarang kang isa dadi srana lakuning urip, Tinuntun kang tegese rumangsa entuk tuntunan lan uga PANUNTUN kang tegese dadipanjer kang minangka kiblat lakuning liyan. Saka tembung-tembung kanga sale saka lingga Tuntun kuwi sajake sing paling abot sanggane yakuwi PANUNTUN, sebab abang irenge laku uriping liyan gumantung saka PANUNTUN kuwi.

 

Amarga saka abote sanggan minangka PANUNTUN, mula raja Soleman nalika entuk keparenge Sang Yehuwah dikongkon njaluk apa wae ing sakjroning sapatemon, njur ora njaluk kang aeng-aeng, mung njaluk kawicaksanan. Lho, apa ing sakjrone uripe raja Soleman ora mbutuhake barang-barang liyane? Ya butuh, ananging raja Soleman ngrumangsani yen kabeh kuwi wis cumepak lan sing paling dibutuhake yakuwi kawicaksanan cikben uripe isa tadi tuntunane sakbangsa kabeh. Kabeh kuwi isane kelakon amarga raja Soleman ngrumangsani yen dewekne wis pinilih minangka PANUNTUN kanggo bangsa ngisrael. Ing pungkasane pancen Sang Yehuwah maringi apa panyuwune raja Soleman, malah sabarang liyane kang ora disuwun malah diparingake. Kuwi amarga Sang Yehuwah mirsa isa telenging atine raja Soleman lan uga pirsa apa kang dadi butuhing uripe raja Soleman.

 

Crita bab patraping kapercayane raja Soleman kuwi saiki isa dadi Tuntunan sapa wae cikben isa macak urip dadi PANUNTUN kanggo  jagad. Jamane sansaya ngetokake yen umure jagad sansaya tuwa lan amarga saka kuwi kahanane urip sansaya marakne tuwuhing rasa kuwatir dalah was sumelang. Ing kahanan kaya mengkne iki, jagad butuh bleger PANUNTUN sing bakalanae nuntun uripe menungsa cikben tetep lumaku ana ing dalan kang dikersakne dening Gusti. Yen tanpa PANUNTUN, lakuning jagad cen ora nggenah babarblas. Kabeh mung mburu mareming nepsu kadonyan lan sing luwih nrenyuhake kuwi kabeh kabungkus karo patrap urip karohanen. Ora sithik laku lamis dipamer-pamerake , ora sithik laku luput malah diumbar ing jagading media-sosial, kabeh kuwi amarga ilange PANUNTUN saka ing tengahing panguripan.

 

Mula saka kuwi, payo sinau lan nuladha lakuning ruipe raja Soleman, nyenyuwun kang dadi kabutuhaning urip tumrap liyan. Ora usah kuwatir, amarga Gusti wus mesti njangkepi apa kang dadi butuhing urip liyane.

 

“Ngapa tik sajak mbrebes mili Leng?” Takone Kag Solebo, ananging Lik Ndoleng ora ndang mangsuli, malah ngucek-ucek mripate.

“Apa arep tahun barunan mbek Yu Wasti konangan kang Markun Lik?” Unine Iin sinambi nyuguhake kopi lan kimpul bakar.

“Aku mbrebes iki merga maca BENINGE EMBUN ESUK cah. Jebule saksuwene iki aku mung lamis nalika ngaBEKTI. Mung ben ketok rajin lan soleh, kamangka aku jan-jane mung njaluk alemaning liyan. Aku rung isa dadi PANUNTUN kanggo liyan” Swarane Lik Ndoleng sajak mingseg-mingseg.

“Weh, aku ya ngrasa kaya mengkono Lik..muuga-muga sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK nyadari kabeh, yen ora sithik lakuning urip durung isa minangka PANUNTUN kanggone jagad” Swarane Dalijo sinambi nyumet MLDne sing kari rong ler.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH