Rabu, 01 Desember 2021

YUNUS

 

Rebo Legi 1 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 1 :24-31

Jabur 90

Lukas 11 : 29-32

Bareng wong akeh padha ngrubung Panjenengane, Gusti Yesus nuli ngandika: “Jinis iki ala, kok padha nyuwun pratandha, nanging ora bakal padha kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus. Sabab kayadene Nabi Yunus anggone dadi pratandha tumrap wong-wong ing kutha Niniwe, samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap jinis iki.” Lukas 11 :29-30

 

Crita bab nabi YUNUS neng kitab suci, okeh sing wis apal, paling ora ngerti sapa tokoh YUNUS kuwi.Ananging sing maca tulisan iki, njur nggoleki neng “kyai Gugel”, kuwi tandane durung paham crita bab tokoh-tokoh kitab suci. Nabi YUNUS kuwi salah sawijining tetimbalane Gusti Allah, dikon menyang kutha kang kinaranan Niniwe..(awas dudu NINI WE..). YUNUS rumangsa gela marang Gusti Allah, lha ngapa bangsa kang uripe mblunthah kaya mengkono kok ya ditresnani, ngapa ndadak kaelikake, mbok ben wae tumpes sak-endog-endog’e.

 

Merga ramathuk karo kersa lan dhawuhe Gusti Allah, mulane YUNUS njur mangkat lunga uga, ananging ora menyang Niniwe, malah menggok menyang Tarsus. Anggone lunga, YUNUS numpak prahu lan ndilalah nalika tekan saktengahe segara teka prahara. Okeh sing nggoleki, prahara iki merga ana sing luput ana ngarsane Gusti Allah. YUNUS njur ngrumangsani, lan siap dikapak-kapakne wae. Akhire YUNUS diuncalke neng saktengahing segara, lan bubar kuwi dipangan iwak kang gedene raukur,pol tenan.  Sakwise telung ndino, mbuh merga iwake umor merga YUNUS arang adus,apa pancen kuwi wis kersane Sing Ngecet Lombok, YUNUS njur dilepehake. Sakwise dilepeh, njur menyang Niniwe.

 

Ing jaman saiki,ora sithik sing nglakoni kaya kang dilakoni dening YUNUS, dikongkon menyang wetan malah mlaku ngulon. Njur entuk bebenduning Sing Kwasa,njur mertobat. Yen ditakoni, kena apa YUNUS wegah marani lan ngelikake wong Niniwe, mbok menawa wangsulane pirang-pirang, ananging kanggo EMBUNE BENING ESUK iki, aku meh nggagapi alesane YUNUS, yakuwi ora trima yen bangsa sakliyane ngisrael entuk Sih Rahmate Gusti. Manut YUNUS lan bangsane, kang nduweni hak nampa berkahe Gusti Allah yamung bangsane dewe. Isa kinaranan, sejatine YUNUS kuwi pelite pol bab berkahe Gusti,lha contone dikon menyang Niniwe wae ndadak menggok lan bubar kuwi entuk bebendune Gusti.

 

Mula saka kuwi,crita bab YUNUS ing tanggal siji wulan desember rongewu selikur iki, payo manut kersane Gusti. Ora usah rumangsa nduweni Gusti dewean, ananging ngajak sapa wae kang mbutuhake.

“Jo, apa tenan ya, yen YUNUS kuwi diuntal iwak nganti telung ndina jik urip?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Mbuh LIk, aku ngertiku ya nalika sok maca kitab suci kae, mula saiki lali..”Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Dengkulmu mlocot Jo, ditakone temenan malah clelekan..”Unine Lik Ndoleng.

“Kuwi isa iya, isa ora. Ananging pesene crita bab YUNUS manut aku babagan aja pelit karo liyan, elingana lan endumana berkahe Gusti. Aja rumangsa nduweni berkahe Gusti mung dewean..”Swarane Kang Solebo nggandheme poll.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH