Rabu, 22 Desember 2021

LEM

 

Rebo Legi 22 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Mikha 4 : 1-5

Lukas 1 : 46b-55

Efesus 2 : 11-22

Nanging saiki kowe ana ing Sang Kristus Yesus, kowe kang nalika samana “adoh”, saiki wus dadi “cedhak” marga saka rohe Sang Kristus. Marga iya Panjenengane iku tentrem-rahayu kita, kang wus manunggalake sakaro-karone dadi siji lan kang wus ngrubuhake tembok singgetan, yaiku sesatron,” Efesus 2 : 13-14

 

Yen kepengen nggabungake barang loro utawa luwih cikben kraket dadi siji kuwi mbutuhake LEM. Dene anane LEM kuwi isa digawe saka macem-macem bahan, sing baku fungsine LEM kuwi kanggo ngraketake . Anane digawe kraket lan dadi siji, mesti nduweni ancas utawa tujuan, yakuwi cikben luwih apik, paling ora kanggo sing ngeLEM, sanadyan tumrap liyan durung mesti. Okeh conto barang kang pisah utawa cengkar njur diwenehi LEM cikben dadi siji utawa nyambung maneh, tur ya mestine nggolek LEM kang kwalitase apik, ora LEM kang ecek-ecek.

 

Lumantar piwulange kitab suci kang marakne menungsa kang amarga dosa wus kapisah karo Gusti Allah dadi kraket meneh, yakuwi katresnane Gusti Yesus. Mula isa diarani yen katresnane Gusti Yesus kuwi wus dadi LEM kang ngraketake sesambungan ing anatarane menungsa minangka titah karo Gusti Allah minangka Sangkan Paraning Tumitah. Mula saka kuwi, awit saka katresane Gusti Yesus, kudune kabeh kang percaya marang Panjengane ora kena tukar-padu, ora kena gontok-gontokan mung karana ngrumati kekarepaning kamanungsan.  Ing laying katresnane marang pasamuan Efesus, rasul Paulus ngelingke bab katresnane Gusti Yesus  kang wus dadi LEM kang nggathukake, kang nunggilake, kang ngraketake sesambungan. Merga katresnane Gusti kuwi wus ora ana sesinggetan meneh ing atarane suku bangsa lan kahanan kang beda liyane, kabeh rumaket, kraket dadi siji.

 

Lha ing jaman saiki apa dayane LEM merga katresnane Gusti Yesus kuwi ijik lumaku? Ya tetep ijik lumaku, sanadyan tantangan ngruncah lan medot sesambungan katresnan kuwi ya okehe ngeram. Amarga hardening kanepson menungsa kerep lali marang jatining katresnan, mula njur ngilangi daya kraket saka LEM kang nunggilake. Amarga drengke, srei lan srakah, LEM katresnan saka Gusti ilang dayane, lan wus ora ngraketake sesambungan. Njur piye carane nguripake dayane LEM katresann saka Gusti meneh? Payo ngalahake utawa nelukake sabarang pepinginan daging utawa kamanungsan, merga kuwi mesti cengkah karo kersane Gusti. Kabeh kekarepaning manungsa kang mung ngangkah seneng lan mareme dewe, kuwi mesti ora cundhuk karo kersne Gusti, kuwi tegese ngilangi dayaning LEM kang ngraketake.

 

“Leng, kenapa ora gelem dadi panitan natal?” Takone Kang Solebo marang Lik Ndoleng nalika cangkrukan neng Lincak Sor Talok, ngepasi grimis ngricih.

“Wegahh…lha dadi panitia mung kon dadi kongkonan, saben usul ora digagas.Sing digagas mesti sing sugih-sugih..” Wangsulane Lik Ndoleng sajak erosi..opss.emosi ding.

“Lha yen mung bab kaya mengkono we ae mutung, nengndi dayaning katresnanmu kanga sale saka Gusti Leng?” Takone Kang Solebo meneh, sajak serius.

“Bener Kang Solebo Lik, aja nganti katresnan peparinge Gusti kang ngraketake, kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki, ora ana gunane, katresnan kang sejati kuwi kaya dayane LEM,kang ngraketake..ora misahake..” Dalijo melu urun rembug.

“Kowe kabeh mung nyawang, aku sing ngrasakne..”Alesane Lik Ndoleng meneh.

“Kabeh tau ngrasakne, tau ngalami Leng..sing waras kudu eling…aja ngilangi dayane LEM katresnane Gusti..” Kang Solebo nywara meneh.

“Kaya cintamu karo Yu Wasti kuwi lho Lik,  sanadyan wis dadi duweke Kang Markun, sanadyan ngrasakne tatu, tetep wae kraket merga ana LEM kang ngraketake…” Iin melu nimbrung sakwise mulih seka latihan neng nggreja.

“Jindulll…kuwi meneh! Tapi cen iya ding In…dewekne cen “, Unine Lik Ndoleng.

“Lhaaa, raktenan ta…..Konangan saiki..” Unine Iin sajak sansaya sora, lan Lik Ndoleng isin merga keprucut jujur karo sing dirasakne.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH