Jumat, 24 Desember 2021

SALIN

 

Jemuah Wage 24 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 9 : 2-7

Jabur 96

Titus 2 :11-14

Lukas 2 : 1-20

Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar. Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,” Titus 2 : 11-12

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki mesti wis paham malah kepara wis nate nglakoni gawean kang kinaranan SALIN. Gawean iki magepokan karo sandhangan kang sinandhang dening menungsa. SALIN kuwi biasane gegayutan karo sandhangan, kayata klambi, clana, sepati lan sakpanunggalane. Dene SALIN kuwi tegese ngganti kahanan  lawas kang sinandhang karo kahanan kang anyar. Jenenge SALIN klambi kuwi mesti sing bubar dienggo dilukar njur digenti sing anyar, dene anyar ing kene ora ateges kudu tuku menyang took, ananging sing beda saka sing dienggo sakdurunge.

 

Piwulange kitab suci lumantar Titus bab 2 ing dina iki ngajak sapa wae cikben mangerti bab lakuning urip kang jumbuh karo kersane Gusti Allah. Dene inti piwulange kuwi memper kaya apa kang dadi jejer BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, yakuwi wani nglukari sandhangan lawas diganti sandhangan kang anyar, wani SALIN. Manut Titus. merga Gusti Allah wus nylametake menungsa kabeh, mula kuwi kabeh kudu dadi pangeling-eling cikben padha ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan… Tegese, sing sapa wae ijik ngugemi lakuning urip kang mblasar lan ijik nggondeli kamelikan kadonyan (durung diuculake) kuwi ijik kinaranan rung wani SALIN. Durung wani lukar saka sandhangan lawas nganggo sandhangan anyar.

 

Lha apa wae ta sing kinaranan sandhangan lawas kang ora jumbuh karo kersane Gusti Allah kuwi? Biyuh okehe ngeram, kayata : Jik nggondeli kamelikan kadonyan , jik seneng nglumpukake bandha donya tanpa nate eling karo kiwa tengen sing mbutuhake, jik seneng nesu, jik hobby ngrasani alaning liyan, seneng ngomong katresnan lan pangapura ananging blas ora gelem nglakoni, seneng nyuraki liyan sing rekasa malah didadekne kembang lambe, ijik kraket karo bandha donya lan moh tetulung lan okeh banget. Kuwi gambarane sandhangan lawas kang kudu dilukar  lan kudu SALIN sandhangan anyar.

 

Dene sandhangan anyar yakuwi patraping urip kang welas asih, basane dudu basa kang nugelake, loma lan ora nate nggegem bandha donya, ora seneng dialem lan nalika dipaido malah ndongakne sing maido, entengan utawa rame ing gawe sepi ing pamrih, sugih esem, dhemen ndongakake liyan kanthi pribadi, seneng tetulung, ora nate sambat, loma utawa ora pelit waskita ing kahanan lan jik okeh meneh, mbokmenawa para maos jik nduweni “ daftar” liyane sumangga ditambahi, yen ora pelit mangga ditulis wonten kolom komentar.

 

Para sedulur, payo miyose Gusti kang meh kita pengeti lan pahargya iki isa ndadekake  awake dewe kabeh wani nglukar sandhangan lawas lan SALIN sandhangan anyar jumbuh karo kersa lan pangandikane Gusti Allah. Wilujeng Natal nggih para sederek..

 

“Leng, payo sesuk bengi bubar ngibadhah “malam natal” bablas gladden kanggo ibadah natale. Jare Kayun okeh nyanyian sing angel..” Unine Kang Solebo marang Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Aku ana acara Bo, raisa tak tinggal..” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, kokean alesan Leng. Kaya pejabat eselon wae sliramu yen dijak tumandhang gawe ..” Wangsulane Kang Solebo.

“Lik, sakdurunge mahargya natal, kuwi diwaca BENINGE EMBUN ESUK saka mbahe ing dina iki.Awake dewe kudu SALIN sandhangan. Sing lawas, kayata kokean alesan,pelit, kemaki, nesunan, mutungan lan liya-liyane kuwi kudu dilukar, SALIN sing anyar.” Dalijo melu urun rembug.

“Rungkone omonge Dalijo kuwi Leng, aja plengah-plengeh kaya jangkrik lanang ditinggal angrem jangkrik wedok” Sajak sora anggone Kang Solebo muni.

“Iya Lik, saiki kuwi okeh wong sing ngibadah kaya wong numpak angkot, rumangsa wis mbayar njur mung melu. Okeh sing wegah tandhang gawe, kayata bab latihan nyanyian natal. Kuwi merga penemune ibadhah kuwi mung nunut, bab nyanyian pasrahke wae neng tim musik, yen apik mesam-mesem, yen ana lupute, biyuh raine pating bekethut…” Dalijo njur sesorah dawane ngeram.

“Rungkone Lik, aja kokean alesan. Ngko Yu Wasti mangkat dewe, merga kang Markun ngeterke anake neng mae mbahe” Iin melu urun rembuk.

“Jindul..kuwi meneh In…Hmmm” Gremengane Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH