Selasa, 07 Desember 2021

EMBONG

 

Selasa Pahing 7 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 19 : 18-25

Jabur 126

2 Petrus 1 : 2-15

Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau. Ing wektu iku bakal ana dalan gedhe saka ing Mesir menyang ing Asyur, satemah wong Asyur bisa lumebu ing Mesir lan wong Mesir bisa lumebu ing Asyur, sarta wong Mesir bakal ngabekti bebarengan karo Asyur.” Yesaya 19 : 22-23

 

EMBONG kuwi basa jawa kang racake digunakne dening sedulur-sedulur Jawa sisih wetan utawa Jawatimuran. Pancen ora kabeh sedulur Jawatimuran nggunakne tembung EMBONG, sing cetha sedulur Malang okeh sing nggunakne tembung kuwi. EMBONG kuwi tegese dalan kang amba, merga yen kurang amba diarani Gang, mula yen para sedulur tindak neng Malang Jawa Timur, akeh alamat kang nganggo jeneng “Gang” kanggo nyebut dalan cilik kang lumebu ing desa utawa dalan sakjroning desa utawa kampung.

 

Sepisan meneh, EMBONG kuwi dalan kang paling gede, utawa paling amba tinimbang dalan-dalan liyane. Yen dikon milih, mesti para seulur sing kober maca tulisan iki milih EMBONG tinimbang gang utawa dalan ciut. Lho, jare piwulange kitab suci kae luwih apik dalan ciut tinimbang dalan amba? Kuwi lak gegambarang lakuning urip, yen lumaku ing beberner kuwi luwih angel tinimbang lumaku luput, mula lumaku ing dalan kang luput kuwi kaya lumaku ing EMBONG, luwih mayar.

Mbalik neng bab EMBONG, mestine pancen luwih penak mlaku neng dalan amba (EMBONG) tinimbang dalan ciut, ananging kang kudu dieling kuwi bab kepiye anggone mbangun lan mangun EMBONG kuwi. Amarga luwih amba, mbangun lan mangun EMBONG kuwi mesti mbutuhake wragat kang luwih akeh, tinimbang nalika mbangun gang utawa dalan ciut. Sepisan meneh, bab wragat kuwi oa mung winates ing dhuwit, ananging uga tenaga, pikiran, wektu,perasaan lan liya-liyane. Pokok’e mbangun EMBONG kuwi luwih okeh  sakabehe.

 

Neng kitab suci ana crita bab EMBONG (dalan gede), yakuwi pamecane nabi Yesaya babagan sesambungane antar bangsa, yakuwi Asyur lan Mesir. Digambarake yen Sang Yehuwah wis makarya, apa kang sakdurunge tangeh-lamun, bisa klakon. Sakdurunge pancen seambungane Asyur lan Mesir kuwi ora apik, mung kerah wae. Sithik-sithik perang lan perang, mula ora ana sesambungan balas ing antarane bangsa sakloran. Ananging sanadyan kabeh rinasa mokal (mustahil) nalika Sang Yehuwah makarya, ora ana kang isa ngendeg utawa nampik. Kabeh isane klakon nalika bangsa sakloron manembah marang Sang Yehuwah, padha mbangun turut lan sumarah marang pajenengane. Bangsa kang memungsuhan bakal rukun, nalika kabeh sumarah marang Sang Yehuwah, ora ana jothakan meneh, ora ana padudon meneh, kabeh mung rukun lan kebak ing tentrem rahayu. Kabeh kuwi merga ana EMBONG kang dadi lantaran mlebu-metune bangsa saklorn.

 

Kayadene dalan bunthet ing antarane Mesir lan Asyur merga memungsuhan,  semono uga sesambungane menungsa siji lan sijine isa buntht nalika ora manembah lan sumarah marang Sang Yehuwah. Tanpa manembah marang Sang Yehuwah, menungsa mung mburu kekarepaning nafsu kamanungsane, mung nguber kadonyan. Mula saka kuwi, payo nuladha Sang Yehuwah kang mbukak lan mbangun EMBONG ben sesambungan luwih lancer. Mbaungun sesambungan kuwi ya kaya mbangun EMBONG, butuhh ragad kang ora mung wujud kadonyan, ananging uga ragat katresnan, ragad rasa, ragad wektu lan sakpanunggalane. Sing cetha, EMBONG kanggo sesambungan kuwi isa ana nalika dibangun, ora ujug-ujug ciblok seka langit.

 

“Jo, kae sapa sing jagongan karo Ndoleng neng Lincak Sor Talok?” Takone Kang Solebo, nalika teka njujug kamar mandi, merga kepoyoh-poyoh.

Kae Kang Markun karo Lik Ndoleng Kang..”Semaure Dalijo, sinambi ndeleh ceret ireng neng pawon, nggodog banyu nggo nggawe kopi lan the.

“Weh, joss..mujijat temenan…lha kae, sajak rukun, akrabe ngeram Jo..ayo mrana..diparani..”Unine Kang Solebo.

“Weh, kowe ta Kang Soleb, lha kok seka pawon?” Takone Kang Markun.

“Iyo, kepeyuh aku Kun..Iki aku ora ngimpi ta?”Takone Kang Solebo.

“Ora Bo, aku karo Markun kandani saiki wis ce’es..wis klik…”Semaure Lik Ndoleng.

“Jarene Mbahe, neng BENINGE EMBUN ESUK, awake dewe kudu wani nggawe EMBONG utawa dalan gede, ben sesambungan seduluran ora bunthet kang..” Seka sisih kidul omah, njedul Yu Wasti karo Iin, nggawa kresek ireng, mbuh isine apa. lan ngerti Yu Wasti Njedul, Lik Ndoleng sajak kepiye ngono, njur dijarag Iin.

“Arep lingguh jejer aku,kang Solebo apa Lik Ndoleng Yu?” Muni ngono, Iin sinambi nglirik Lik ndoleng, sing sajak salting poll..

“Jindul..!!” Batine Lik Ndoleng, arep muni wedi dielikake para pamaos BENINGE EMBUN ESUK..

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH