Selasa, 14 Desember 2021

TENTREM

 

Selasa Wage 14 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 16 : 20-35

Yesaya 11 : 1-9

Para Rasul 28 : 23-31

Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembel lan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus. Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.” Yesaya 11 : 6

 

TENTREM, kuwi kahanan kang mbokmenawa saben wong waras nalar pikire tansah kepengin, mula ya lumantar apa wae polahe tansah diupayakne. Ananging uga mbokmenawa pangerten bab TENTREM kuwi beda ing antarane siji lan sijine menungsa. Ana sing nganggep yen kahanan TENTREM kuwi nalika nduweni iki lan kuwi, uga ana kang nduweni penemu yen kahanan TENTREM kuwi nalika wis ora nyambut gawe utawa makarya, ananging kabeh butuhe cinawis,ana uga kang nduweni penemu yen kahanan TENTREM kuwi nalika isa nyawang endahe kahanan jagad kanthi bebas tanpa sanggan piker kanga bot. Lha njur kepriye sejatine TENTREM kang prayoga kuwi? Lumantar pangandikane Gusti saka kitab nabi Yesaya, payo sinau bab TENTREM.

 

Nabi Yesaya nggambarake kahanan TENTREM kuwi kaya uripe titah kang rukun, sanadyan kinodrat tukar-padu. Neng kitab Yesaya bab 11 ayat 6, cetha digambarake kahanan TENTREM kuwi nalika Asu ajag manggon karo wedus gembel lan macan tutul mlegung sandhinge wedhus, uga pedhet lan anak singa dolanan bareng, kabeh kuwi yen rinasa kanthi pengalaman nyata, mokal. Lha kok mokal ki piye? Ya cetha ta ya, amarga kang lumrah kelakon kuwi Asu ajag ngerti wedus gembel ya anane mung pengen nggaglag, lha iki mosok manggon bebarengan? Ana meneh macan tutul njerum cedak wedus, iki ya tangeh lamun, amarga lagi ngambu gandhane wedus wae, macan tutul kuwi wis ngiler arep nguntal lan uga sing kok mangan suket sinambi jejagongan karo pedhet, lha wong lagi ngambet tlethonge wae wis kesusu nggudag arep diuntal?

 

Nabi Yesaya menehi gambaran kahanan kang kosokbalen karo kang lumrahe klakon ing jagad ginelar iki. Lha njur kanggo menungsa kepiye? Lha kayane saiki okeh sipate kewan sing pindah enggon menyang menungsa? Siji lan sijine anane mung arep untal-untalan wae? Ya payo kabeh ditata kanthi ati kang wening, ati kang tulus lan iklas mbangun lan mangun tata-urip kang TENTREM, sangkul-sinangkul lan lung-tinulung. Kabeh awatak kewan kudu ditumpes, lan kudune isin karo piwulange nabi Yessaya bab rukune kewan-kewan kang sejatine memungsuhan. Yen kewan wae isa padha rukun lan urip TENTREM mosok menungsa malah ngrampas “hak-asasi” kewan kang kinodrat paten-patenan kanggo njaga uripe? Pora ya kudune isin?

 

“Lha rabukmu sing sak sak wingi kae mbok nggo ngrabuk ngendi Jo, kok wis ora ana neng kulon omah?. Sirku arep tak genteni, rabukku kurang Jo” Kang Solebo miwiti rembugan  nalika cangkrukan neng Lincak Sor Talok.

“Tak wenehke Kang Sodron kang, jare jik kurang..ben digunakne..”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet jarumsupere, dudu MLD merga bar ditukokne kyai Amat Muharom Hernandez.

“Cen cah aneh gek Bo si Dalijo kuwi, wong rabuk olehe tuku, kok mung trima diwenehake. Jian aneh tenan, kamangka ya regane muni..”Lik Ndoleng melu rembugan, sajak ora mathuk karo tumindake Dalijo.

“Urip kuwi kudu ngupaya TENTREM Lik, lung-tinulung, sangkul-sinangkul. Aku iklas menehake rabukku, ora usah kokean pikiran, ora kabeh kudu kapetung rega..”Semaure Dalijo.

“Mula maca BENINGE EMBU ESUK Lik,urip iki kudu ngupadi TENTREM, ora mung TENTREM kanggo awake dewe, kudu liyan uga..mosok kalah karo critane nabi Yesaya, ASU!! Ajag wae rukun karo wedus gembel, Singa karo pedhet, lha iki kang Dalijo menehake rabuk saksak wae mbok grundeli..” Iin njedul, nggawa kopi panas karo danggoreng, sinambi mulang Lik Ndoleng.

“Bener kandamu In, saiki menungsa malah okeh sing awatak kewan, kewan wae mangan sakwaregan, menungsa malah tega liyan kengelihan, kamangka nduwe panganan okeh, malah kepara diguwang menyang pawuhan..jiann..wolak-walike njaman” Grundelane Lik Ndoleng, kang sajake pancen lumaku ing jaman saiki, yak an Lur?

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH