Kamis, 02 Desember 2021

PANGLUWARAN

 

Kemis Pahing 2 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Maleakhi 3 : 13-18

Lukas 1 : 68-79

Filipi 1 : 12-18a

Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran. Panjenengane nukulake sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine..”

Lukas 1 : 68-69

 

PANGLUWARAN kuwi linggane luwar, kang tegese metu utawa ucul saka sawijining kahanan. Mula saka kuwi PANGLUWARAN tegese diuculi utawa diuculake saka kahanan kang  rekasa utawa abot. Biasane okeh wong sing pengen ngalami PANGLUWARAN nalika nembe ngadepi kahanan kang ora dadi bungahing atine. PANGLUWARAN kuwi isa diusahakne dewe lan isa ditulungi dening liyan. Ing dina iki, BENING EMBUN ESUK arep ngajak sapa wae ngrasakne anane PANGLUWARAN, mirunggan saka Sih Rahmate Gusti.

 

Crita saka kitab suci kang tinulis ing Lukas bab siji  ayat 68-69 kuwi ngemot paseksine Imam Zakharia (ramane Yokanan Pambabtis). Dene kang dadi undheraning paseksi yakuwi nalika ing yuswa kang wis kliwat sepuh, entuk berkah kang awujud putra saka Gusti Allah. Lho, apa bab wong omah-omah entuk anak kuwi wis lumrah? Iya, ananging  lelakone urip kang dialami dening imam Zakharia lan biyung Elisabet beda, amarga wis suwe banget anggone mbangun brayat ora pinarangan putra. Kahanan kang kaya mengkono kuwi dadi kahanan kang mirangake, amarga neng tradisi jaman kuwi, dadi pepoyok nalika ora pinaringan momongan. Mula kanggone brayate imam Zakharia, durung pinaringan momongan kuwi dadi kahanan kang abote ngeram.

 

Mula nalika antuk wangsit saka Sang Yehuwah, yen setahun meneh bakalan antuk putra, kuwi dadi kabar kang mbungahake banget. Tumrape imam Zakharia, antuk berkah kang kaya mengkono kuwi minangka PANGLUWARAN saka Gusti Allah. Imam Zakharia ngrasakne berkah lan pitulungane Gusti Allah, mala hora mung tumrap brayate thok, ananging  kabar kuwi diyakini minangka PANGLUWARAN kanggo bangsane, bangsa ngisrael. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi, sakbanjure imam Zakharia mapanake kabeh minangka berkah kanggo bangsane, ora mung kanggo awake dewe utawa brayate.

 

Ing jaman saiki, menungsa ya ngadepi kahanan-kahanan kang isa kinaranan abot,buh kuwi merga ekonomi, sesambungan karo liyan, lelara lan liya-liyane. Nalika ngadepi kahanan kanga bot, meungsa njur mbutuhake PANGLUWARAN. Mulane, sinau saka imam Zakharia kang nduweni kapercayan kang kandhel, mulane tansah pasrah karo pangreh lan pangreksane Gusti, payo saiki nuladha kaya apa kang dilakoni dening imam Zakharia, yakuwi sumarah lan pasrah marang Gusti. Yen imam Zakharia antuk Sih Rahmate Gusti, ing jaman saiki mestine Gusti ya bakal menehi kaya apa kang diwenehake marang Imam Zakharia, yakuwi maringi PANGLUWARAN marang sapa wae kang percaya lan pasrah marang Panjenengane. Kabeh sejatine mung gumantung karo menungsa, percaya sakwutuhe marang Gusti, apa mung manut karep lan percayane dewe.

 

“Jo, apa kowe percaya yen Gusti Allah bakalan nulungi sapa wae kang nduweni masalah kanga bot? Kaya critane imam Zakharia kuwi lho..” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, sinambi nyumet pitunem.

 

“Aku yakin mbolokin Lik, mesti Gusti bakalan maringi, sanadyan wektune beda karo kekarepane awake dewe..” Wangsulane Dalijo, ya sinambi nyumet MLDne.

 

“Ananging kadangkala, saka rumangsaku, wektune Gusti kuwi suwene ngeram..mula sok aku rasabar..” Semaure Lik Ndoleng.

 

“Kuwi salahmu Leng, wong mung kari njaluk wae kok ora sabar..sing sabar… Mesti antuk PANGLUWARAN saka masalah kang wujude apa wae” Kang Solebo melu urun rembug.

 

“Mbiyen, yen sampeyan sabar lan pasrah, mesti antuk PANGLUWARAN Lik, klebu isa klakon sesandingan mbek Yu Wasti..”Unine Iin, sinambi nyelehake kopi lan kimpul goreng.

 

“Trodolooo…sidane tekan kuwi meneh..hmm..nggresula aku In, mbiyen blass ora sabar..” Gunemane Lik Ndoleng.

 

@semesta

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH