Senin, 20 Desember 2021

GABUG

 

Senen Wage 20 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 25 : 19-28

Jabur 113

Kolose 1 : 15-21

Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.” Purwaning Dumadi 25 : 21

GABUG kuwi kahanan, yakuwi kahanan kanggo ngarani kang ora ana isine. Anane diarani GABUG kuwi merga wis sawetara wektu ora ngetokake woh kaya kang lumrahe. Dene apa kang dadi sebabe GABUG kuwi mbokmenaw ya macem-macem, isa merga keturunan, isa merga kahanan, isa merga polah-tingkahe urip kang ora teratur (yen menungsa, yen kewan lan tanduran mbokmenawa wae beda.hehe). Sing cetha GABUG kuwi ora ana pengarep-arep maneh kanggo ngasilake kang saklumrahe.

 

Neng kitab Purwaning Dumadi ana crita bab kahanan GABUG, yakuwi kahanane ibu Ribkah semahe rama Iskhak. Amarga wis suwe anggone omah-omah lan ora ndang entuk putra, ing tradisi wektu kuwi kahanane ibu Ribkah kinaranan GABUG. Kahanan kaya mengkono kuwi dadi wiranging brayat,mula kanthi rembu lan ajuring manah rama Iskhak nyenyuwun lumantar ndedonga marang Sang Yehuwah kang akarya jagad dalah isine. Anggone rama Iskhak nyeyuwun kanthi temen lan tan kendhat, mula sakwise sakwetara wektu ibu Ribkah mbobot lan wis ora isa kinaranan GABUG meneh. Mbalike kahanan saka GABUG dadi ora GABUG kuwi isa kinaranan mujijat lan isane ana mujijat merga dayaning pandonga kang ngedab-edabi.

 

Kahanan GABUG kuwi  isa minangka pasemon kanggo pasinaon ing urip, klebu ing jaman saiki. Dene intine piwulang lumantar pasemon bab GABUG kuwi mengkene, apa wae kang sinawang mokal, nalika disuwunake lumantar pandonga kanthi sengkut lan serius isa kasembadan. Isane kasembadan merga dayaning kapercayane menungsa kang dilakoni lumantar sengkut anggone ndedonga, ora mung nyenyuwun pisan pindho njur ora klakon, bar kuwi sambat.  Mulane, payo sinau saka patrap percayane rama Iskhak, sanadyan semahe wis sinebut GABUG, ananging lumantar dayaning pandonga isa ngowahi kahahan, sing dibutuhake mung percaya. Lho, aku kurang percaya piye? Lha nyatane durung disembadani? Kuwi tegese kurang percaya utawa mala hora percaya. Yen percaya apa kang dialami rama Iskhak kuwi bener-bener klakon, tegese ing jaman saiki, apa kang dadi butuhe lan disuwunake kanthi ndendoga mesti kasembadan.

 

“Lik, percayane sampeyan marang Gusti Yesus pirang persen?” Takone Dalijo, nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, aku percayaku pull lho Jo, satuspersen luwih…ngapa takon bab kaya ngono?” Wangsulane Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme sing wingi ditinggali Kyai Suyito saka tlatah nJepara.

“Yen percaya satuspersen, sampeyan yakin yen saksuwene seminggu iki isa nduwe dhuwit satus yuta?” Takone Dalijo meneh.

“Weh, lha  mung dangkrenganku kaya mengkene isa oleh dhuwit satus yuta seminggu kuwi nalare piye ta Jooooooo…?” Sajak rada emosi Lik Ndoleng olehe mangsuli, dene Kang Solebo mung minthug-minthug..opss, manthug-manthug sinambi dolanan keluk saka jisamsune.

“Lha..raktenan ta..kuwi tegese sampeyan ora percaya, Gusti kuwi aja dinalar Lik.Lha wong ibu Ribkah sing wis dicap GABUG wae, awit panyuwune rama Iskhak isa mbobot, kuwi amarga percaya..” Unine Dalijo, sajak wicaksana.

“Bener kandane Dalijo Leng, sing kereb klakon menungsa kuwi percaya mung neng lambe, uga percaya marang Gusti Allah winates nalar, kamangka Gusti kuwi ngluwihi nalar..” Kang Solebo melu urun rembug, sinambi nyumet jisamsune merga mati, kesuwen radiakeb.

“Mbiyen kuwi yen sampeyan percaya pull satuus persen, mesti Yu Wasti isa mbok sanding lho Lik…ciuss…”Iin njedul nggawa wedang jahe olehe tuku warung organike Mas Didik.
“Jindullll….kuwi meneh Innnnn…Dusss!” Semaure Lik Ndoleng sinambi  nyumet pituneme.

 

 

“kabeh kuwi  isa kelakon nalika percaya”

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH