Selasa, 28 Desember 2021

ANYAR

 

Selasa Pon 28 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 54 : 1-13

Jabur 148

Wahyu 21 : 1-7

Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wus sirna, lan sagara uga wus ora ana maneh. Lan aku weruh kutha suci, Yerusalem kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang pinaesan kaya panganten wadon kang dinandanan lumadi marang priyane.” Wahyu 21 : 1-2

 

ANTAR kuwi kosokbaline lawas, dene tegese ANYAR kuwi samubarang kang nembe. ANYAR kuwi tansah gegayutan karo wektu lan wujud. Wektu isa nemtokake samubarang kuwi nembe utawa lagi wae kalawan wus suwe, yen nembe utawa lagi wae ana ing petungan wektu kuwi klebu ANYAR. Dene yen wus suwe, kuwi klebu lawas. Biasane okeh wong sing seneng marang kahanan kang ANYAR, kuwi ya sah-sah wae utawa apik-apik wae. Lawas lan ANYAR kuwi kabeh apik, gumantung saka sisih ngendi olehe nyawang utawa ngrasakake.

 

Bab ANYAR lan kosokbaline Lawas kuwi nate dirembug neng kitab suci, pernahe neng kitab Wahyu bab 21. Neng kana Gusti Allah lumantar rasul Yokanan maringi pameca bab kahanan kang bakalan lumaku sedelok meneh. Nalika kuwi pasamuane Gusti nembe ngadepi kahanan urip kang rekasane ngeram. Tinindhes, kaancam, jinajah, ora isa bebas nglakoni apa kang dadi butuhing urip, pokoke kahanane urip jian rekasane ngeram. Klebu kahanane rasul Yokanan kang disingkirake ana pulau Patmos, dewekan. Mendah rekasane kahanan kang kudu diadepi pasamuane Gusti lan uga rasul Yokanan. Ing kahanan kang sarwa rekasa,abot,peteng lan tansah nggegirisi kaya mengkono kuwi Gusti Allah maringi sesawangan marang rasul Yokanan, yen kabeh wus meh rampung lan gumanti karo kahanan kang sarwa nyenengake.

 

Apa kang dialami dening pasamuane Gusti lan rasul Yokanan kui mbokmenawa saiki ya lumaku. Kahanan sarwa abot, sanadyan ing tata rembug lan tata sesawangan okeh sing ketok ngabekti marang Gusti, ananging okeh sing mung lamis. Katresnan kang sejati kaya kang dikersakne Gusti lumantar pengetan lan pahargyan natal durung wani padha nglakoni. Jik okeh menungsa (hehe..klebu sing maca tulisan iki..) sing jik pokus mikir diri pribadine. Durung ana kang kinaranan katresnan sejati lan uga “Kesadaran Sejati”. Kabeh kang lumaku  sajak jik lawas, mula ndang kudu diganti kari kang ANYAR. Lha njur piye carane?

 

Yerusalem ANYAR kuwi sejatine dudu pameca kang tanpa makna, ananging bener-bener bakalan lumaku. Ananging kabeh menungsa kudu wani milih dalan lan ngliwati dalan nuju “Yerusalem ANYAR”, kang ing kono kabeh tatanan beda 180% karo kang lumaku ing wektu iki. Ana ing donyane kaum “Spiritualis”, bumi iki meh pindah saka bumi dimensi 3 (3D) mlumpat menyang bumi dimensi 5 (5D), ora ndadak ngliwati dimensi 4 (4D). Yen saiki kahanane bumi 3D kuwi etungan bener-salah, apik-elek, penak-rekasa jik payu, neng “Yerusalem ANYAR” utawa bumi 5D kabeh ora payu, merga kang payu mung katresnan lan welas asih kang asli,murni lan sejati. Yen saiki arep tetulung jik kokean etungan banthi-rugi, ing Yerusalem ANYAR kuwi ora payu, yen saiki jik payu numpuk bandha tanpa mikir tangga (merga jik neng kahanan bumi 3D). mbesuk jian ora payu babrblas, kabeh  urip mung anane katresnan sejati kang ing kono anane mung welas asih.

 

“Jo, saiki tak sowing-sawang lan tak rosak-rasakne, sliramu kerep meditasi ya? Piye kuwi diadepake karo piwulange agama?” Takone Kang Solebo marang Dalijo, sinambi nyumet jisamsune.

“Aku ya kerep meditasi lho Bo, ngapa rambok takoni?” Cluluke Lik Ndoleng sinambi mbukak pituneme, sajak anyar lan jik wutuh, mbuh sapa sing seka njakarta nukokake.

“Kowe ora meditasi Leng, leyeh-leyeh njur bablas turu..”Unine Kang Solebo.

“Ora ana sing cengkah lho kang, meditasi lan piwulange agama. Meditasi kuwi lumebu marang kahanan wening, ora kemrungsung. Meditasi kuwi nyawang kahanan urip kanthi jujur, lan isane nyawang mung nalika kahanan wening, mula butuh wektu. Mung lumatar meditasi menungsa isa lumebu marang kahanan ANYAR, utawa ana ing piwulang kitab suci, ginambarake kaya Yerusalem ANYAR. Merga butuh wektu mirunggan, ora okeh sing gelem ngayahi laku semedi” Omonge Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Paklik ya sregep semedi, raketan bablas turu, wong nalika semedi mung mikirake Yu Wasti thok” IIn njedul nggawa kopi lan kaya padatan, njarag pakne cilik sing baguse kaya irus.

“Jindullll….” Unine sing maca tulisan iki..Hehe

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH