Rabu, 15 Desember 2021

SALBEHMUNGKUSINGNER

 

Rebo Kliwon 15 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK

"Sering terlihat salah saat di posisi yang berbeda"


Mikha 4 : 8-13

Yesaya 11 : 1-9

Lukas 7 : 31-35

Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit. Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Allah iku kabenerake dening sakehing wong kang padha nampani.”

Lukas 7 : 33-35

 

Ana crita kitab suci, cethane neng Injil Lukas bab 7, ayat 31-35, kang nyritakne kahanane menungsa ing saben mangsa utawa jaman. Kahanane kuwi yen isa digawe tembung kaya kang dadi jejer BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, rebo pon molasdesember rongewuselikur. Lha kuwi crita baba pa? Njur kepiye tanggepane Gusti Yesus? Nyenengake apa malah ndadekne bingung? Sik, sing sabar,diwaca nganti rampung, aja mung diwaca judule. Hayo, sing mbesengut kuwi, mesti kulina macane mung judule, njur diser (di-share) neng gruo medsos’e. Hehe..

 

Saiki ayo dolan sediluk neng critane Injil Lukas bab 7, neng kana sejatine crita bab pakaryane usti Yesus kang ngedab-edabi. Ana crita Gusti marasake abdine senopati neng Kapernaum, ana crita bab Gusti nguripake anake Yairus lan jik okeh meneh, ora kabeh ditulis Lukas, yen ditulis kabeh pakaryane Gusti njur kebak tulisan jagade, sakliyane kuwi Lukas yaw is entuk wangsit seka Gusti Yesus, “Kas, rasah kabeh mbok tulis, semono wae mengko umatKu aras-arasen macane, pomeneh kabeh tumindakKu mbok Tulis…”mula ya sithik wae sing ditulis Lukas. Lha ngerti pakaryan kang ngedab-edabi kuwi ora ndadekne wong-wong Yahudi percaya marang Gusti, malah mbanding-mbangingake, yakuwi dibandingake karo Yokanan.

 

Anggone mbanding-mbandingake kaya jejere BENINGE EMBUN ESUK ndeka kapan kae NGGRUNDELI..Lha lire kepiye? Neng ayat 33-35 cetha  banget dukane Gusti. Yokanan Pembabtis rawuh lan ora mangan apa kang lumrahe dipangan wong jaman semono, kuwi diarani kepanjingan demit, njur nalika Gusti Yesus rawuh lan dhahar lan uga ngunjuk, diarani nggrangsang. Jian kabeh babarblas ora ana sing bener, kabuuuuuuehhh Salah!! Kuwi penemune para wong yahudi, mirunggan wong Farisi lanSaduki, para penggedene agama Yahudi ing wektu kuwi. Sepisan meneh, tumrap golongan Saduki lan Farisi, apa kang ora gathuk karo kekarepane kuwi salah, kuwi luput lan kudu dimungsuhi.

 

Ing jaman saiki, mbokmenawa apa kang klakon neng jamanne Gusti Yesus jik isa klakon, pokoke yen ora gathuk karo kekarepanku, kuwi Luput,kuwi Salah! Pokoke kanggone liyan, ora ana sing bener babarblas. Cara mikir sing kaya ngee iki mbebayani, apa meneh sinampiran penemu “asu gede meneng kerahe”, sing okeh kuwi sing bener, isa gawat kliwat-liwat. Kuwi kang lumaku  ing jamane Gusti Yesus, meksakekarepane lumaku tanpa njaluk kawicaksanan saka Gusti Allah. Mulane, payo saiki sumarah, payo sumeleh ben enteng. payo nglakoni kersane Gusti. Lha piye titenane kuwi kersane Gusti apa kekarepane menungsa? Mayar, pokoke sing ora marakne kamanungsan marem, kuwi kersane Gusti, ananging yen kuwi ndadekne lega utawa marem kamanungsan, sanadyan ketok’e bener, kuwi mesti kekarepane menungsa.

 

“Jo…Bo, iki jan-janne apa tegese tulisane mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki..judule kuwi lho?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo lan Kang Solebo.

“Yungalah, ketok yen kulinane mung maca judule, mula ora ngerti babarblas..”Semaure Kang Solebo. sinambi nyumet jisamsune kaya klangenane Pakde Andreas Piyantun semarang, yen Pakde Andreas ringinawe sampoerna dene mbah Andreas njakarta wis pengsiun ngudude.

“Ora kokean rembug Bo,aku bingung tenan..”Unine Lik Ndoleng sajak nesu, ananing nyoba njajal maca kabeh isine tulisan BENINGE EMBUN ESUK rebo pon molasdesemberrongewuselikur.

“Iki Lik, taksumetke MLDku, ben luwih padhang..”Unine Dalijo, sinambi nyumetke MLDne,njur diwenehke Lik Ndoleng.

“Oalah, jebule kuwi mengkene ta..Dusss…” Unine Lik Ndoleng, sing seneng lan sedih tansah misuh, mula ora usah diarani dosa ya Lurr..eslow..woles wae..

“Wis dong kan Lik?” Takone Dalijo.

“Iyo Jo, jebule kuwi Salah Kabeh Mung Aku Sing Bener..Jian, ana-ana wae mbahe kuwi..” Unine Lik Ndoleng.

“Kahanan kuwi saiki ya jik lumaku Leng…” Kang Solebo nanggepi sinambi ngisep jisamsune.

“Klebu Paklik kuwi, sing salah dewekne, tetep Kang Markun sing kleru, jare mbiyen ngrayah  Yu Wasti..”Iin ngeterke kopi sinambi melu njarag Lik Ndoleng.

“Dusssss….!” Sing muni sing maca tulisan iki..hehe

 

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH