Jumat, 17 Desember 2021

SUMILAK

 

Jemuah Pahing 17 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



 Yesaya 40 : 10-18

Jabur 80 : 1-7

Ibrani 10 : 32-39

Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.” Yesaya 40 : 16

 

Racake yen menungsa lumaku, kuwimilih dalan kang padhang utawa kepenak. Ora ana pepalange, alus lan lancer. Ananging kasunyatane dalan kang liniwatan dening menungsa kuwi ora kabeh kaya mengkono, sing kerep klakon dalan kang kudu diliwati dening menungsa kuwi okeh pepalange. Ana watu kang dadi gronjalan, ana suket-eri bandotan, ana jeglongan lan liya-liyane.Yen ngadepi kahanan kang kaya mengkono kuwi, menungsa njur kepengin kahanane dadi luwih apik lan resik, ananging ya ora sithik kang mung gelem ngresiki ananging seneng nampa kahanane kang apik.

 

SUMILAK, kuwi kahanan kang padhang tur ya rata lan kepanak disawang lan yen dalan kepenak diliwati. Mungkin meh kabeh sing maca tulisan iki seneng yen kahanane urip kuwi SUMILAK  utawa tanpa pepalang, merga kabeh isa rinasa kepenak. Yen kepengin nemahi kahanan SUMILAK, payo sinau saka kitab suci. Ing kana (kitab suci) ana crita bab Gusti Allah  ndadekake dalan lan kahanan kang ruwet lan ora cetha dadi SUMILAK lan kepenak dirasakne. Yen urip iki kaya lelaku, Gusti wus janji arep nuntun lakune kabeh wong sing sumarah lan sumende marang Panjenengane, lan bakalan antuk dalan padhang,dalan tanpa pepalang,dalan lancer, dalan kang SUMILAK.

 

Janjine Gusti bakal gawe kahanan urip SUMILAK kuwi tinulis ing kitab Yesaya, nalika kuwi kahanane bangsa ngisrael lan Yehuda nembe abot banget. Lire kepiye kok abot? Lha nalika kuwi bangsa sakloron nembe didadene babu ana neng negara liya. Dadi abdi utawa babu kuwi mesti rekasane ngeram, saking rekasane nganti kabeh kahanan ruwet lan peteng. Mulane nalika pirsa kahanan kang kaya mengkono, Gusti maringi janji bakal ndadekne dalaning urip sapa wae kang pasrah marang Panjenengane dadi SUMILAK.

 

Kahanan urip kang okeh reribet, peteng,okeh pepalang lan panggodha kuwi ora mung ana ing jamane  bangsa ngisrael lan Yehuda jamane nabi Yesaya, ing jaman saiki ya jik ana lan malah luwih rumit. Mulane, payo sinau saka pengalamane nabi bangsa ngisrael lan Yehuda jamane nabi Yesaya, nalika dalaning urip rinasa ruwet rakaruwan, okeh pepalang, okeh reridhu, ayo pasrah lan sumarah, cikben Gusti sing ndadekne dalaning urip iki SUMILAK. Pasrah sumarah ora ateges meneng wae ora makarya, tetep makarya jumbuh karo tanggung-jawabe, ananging adedasar percaya yen kabeh wis digawe SUMILAK dening Gusti.

 

“Jian mbahe yen nggawe ukara, marakne mesam-mesem dewe aku cah. Lha mosok jeneng wong dingo jejer tulisan?” Lik Ndoleng maca BENINGE EMBUN ESUK sinambi nglepus pituneme.

“Bab SUMILAK kuwi ya Leng?” Takone Kang Solebo.

“Iyo, iki mengko sing jenenge Sumi, isa nesu..lha dingo jejer tulisan..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Tenang wae Leng, sing slow..woles..ora-ora yen nesu, merga ora padha maca..hehe..”Wangsulane Kang Solebo sinambi nyecek jjisamsune sing meh entek.

“Lha apa pesen mbahe aja judule kuwi Lik?” Takone Dalijo.

“Weh, aku mono mung kari maca, kuwi eae yen kober. Lha dawane ngeram…” Semaure Lik Ndoleng meneh.

“Kari macaw ae kokean paidon Lik…mbok jujur wae judule dadi WasNdol..mesti mathuk sampeyan?” Iin melu rembukan nalika nyuguhake kopi panas lan kimpul krispi.

“WasNdol kuwi apa In?” Takone Lik Ndoleng.

“Wasti-Ndoleng Lik..mesti sampeyan mathuk..” Muni ngono Iin njur bablas mbalik neng pawon, dene Lik Ndoleng mung mbranang, sinambi kukur-kukur sirah, kamangka rikmane mung kari telulas ler.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH