Minggu, 02 Januari 2022

DILUWARI

 

Minggu Pon 2 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 31 : 7-14

Jabur 147 : 12-20

Efesus 1 : 3-14

Yokanan 1 : 1-18

Amarga Sang Yehuwah wus ngluwari Yakub, wus nebus saka ing tangane wong kang luwih rosa. Mulane bakal padha teka karo surak-surak ana ing tenggere Sion, sarta polatane sumringah, marga saka kamirahane Sang Yehuwah, kang arupa gandum, anggur lan lenga, apadene cempe-cempe lan sapi-sapi; uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu, sarta ora bakal katon nglayung maneh. “ Yeremia 31 : 11-12

 

Sakdurunge mbacutake tulisan iki, nyuwun palilah badhe ngaturaken wilujeng warsa anyar, mugi-mugi ing tahun 2022 BENINGE EMBUN ESUK tansah saget lancar “tampil” lan mugi dados srana kangge kaca pangiloning gesang. Mugi-mugi berkahipun Gusti Ingkang Minangka Sangkan Paraning Dumadi tansah rinaosaken dening sinten kemawon.

 

Tembung DILUWARI kuwi linggane Luwar kang tegese ucul utawa metu saka ing… Dene saka ing kuwi isa saka kahanan kanga bot, saka papan kang medeni, saka pawongan kang ora becik  lan liya-liyane. Saka tembung Luwar mau njur isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine DILUWARi kang nduweni arti utawa makna ditulungi cikben isa metu saka.. Yen DILUWARI saka papan kang medeni tegese ya ditulungi cikben isa luwar saka papan kang medeni kuwi, yen DILUWARI saka cekelane pawongan kang galak tur wengis ya tegese ditulungi cikben isa luwar saka pangwasane sing medeni lan wengis kuwi.

 

Crita kitab  suci Yeremia bab 31 menehi piwulang babagan DILUWARI. Nalika iku bangsa ngisrael nembe dijajah dening bangsa liya. Sing jenenge dijajah kuwi mesti ora kepenak, merga paling kepenak kuwi wong merdika.  Nalika jinajah dening bangsa liya lan ngrasakne abot lan rekasane urip, bangsa ngisrael mesti sambat njaluk pitulungan. Lumantar nabi Yeremia, Gusti Allah njur paring kabar kabungahan yen awit saka katresnane kang gedene ngeram kuwi bakal nulungi bangsa ngisrael. Tegese, kahanane bangsa kuwi arep DILUWARI dening Sang Yehuwah. DILUWARI saka sakabehing rekasane urip, DILUWARI saka aboting momotaning urip lan bakalan diwenehi urip kang mardika ing samubarange.

 

Merga kabar kang mbungahake kuwi, mula lumantar nabi Yeremia njur paring dhawuh cikben bangsa ngisrael abebungah  lan asukarena. Lha kapan anggone kudu abebungah lan sumyak-sumyak asukarena? Apa pas ngibadhah thok apa ing sakabehing uripe? Wangsulane cetha, yakuwi bebungah lan asukarena ing kabeh dalaning uripe, ora mung  mligi nalika ngibadhah utawa pahargyan. Gusti ngersakne bangsa ngisrael tansah bungah nalika makarya, nalika srawung, nalika tetulung lan ing kabeh obah-osiking urip.

Ora mung ing jamanne nabi Yeremia menungsa ngadepi kahanan kanga bot utawa rekasa, ing saben jaman mesti ngadepi kahanan kang kaya mengkono kuwi, klebu isa wektu iki. Mulane sinau saka prajanjiane Gusti Allah marang para  kagungane kang bakal DILUWARI saka kahanan urip kang rekasa lan abot, ing saiki uga janji kuwi jik lumaku. Payo pracaya marang Gusti Allah yen Panjengane bakalan nulungi, pracaya kahanan urip kang abot ikimesti bakal DILUWARI lan isa ngrasakne mardikaning kahanan. Sakwise DILUWARI tegese wus bebas, mula payo makarya kanthi asukarena ing sadengah ayahan pakaryan.

 

“Seka ngendi Jo wingi sore kae,kok sajak wigati temenan?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbalik jagongan neng Lincak Sor Talok, merga rong ndina ora ngumpul babar-blas.

“Seka kerjabakti Lik, nata nggreja lan uga mbelek-mbelekake silihan kanggo pahargyan adven, natal lan tahun baru” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Lha sliramu ngadi Leng, kok ra njedul?” Takone Kang Solebo.

“Aku repot, lan pikirku gawean mayar wae rabutuh wong okeh. Gawean kaya mengkono kuwi ben diayahi sing enom” Semaure Lik Ndoleng entheng sajak tanpa nggagas blas.

“Yen gawean  wae nggo wong enom Lik, yen jatah sing kepenak njaluk nomer siji. Elinga Lik, awake dewe kuwi wis DILUWARI dening Gusti saka kabeh rekasaning urip, mosok mung kerjabakti wae ndadak kokean alesan?” Takone Iin marang Lik Ndoleng, sing mung klecam-klecom kaya Jangkrik nyawang  menungsa sing ngrayakne tahun barunan.

“Bener Leng, elinga yen merga katresane Gusti awake dewe isa DILUWARI saka pageblug ing tahun 2021 lan isa mlebu tahun 2022, aja mung sakarepmu dewe” Unine Kang Solebo.

“Iya Lur,sepurane luputku..Tak nata uripku minangka menungsa kang wus DILUWARI Gusti” Wangsulane Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH