Rabu, 29 Desember 2021

PONDASI

 

Rebo Wage 29 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Babad 28 : 1010

Jabur 147 : 12-20

1 Korinta 3 : 10-17

Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.Sabab ora ana wong kang bisa masang tetales liyane kajaba kang wus dipasang, yaiku Gusti Yesus Kristus. Embuh anggone mbangun ing sadhuwure iku mau migunakake emas, salaka, watu adi, kayu, suket garing utawa damen,” 1 Korinta 3 : 10-12

 

Saben bangunan mesti ana bagean kang kinaranan PONDASI. Lha njur sejatine apa ta PONDASI kuwi? Manut para  winasis, kang sinebut PONDASI kuwi dasar utawa tetales kanggo nyelehake bangunan. Dene ancase kudu ana PONDASIne kuwi cikben luwih bakoh utawa kuwat. Meh kabeh sing maca tulisan iki sarujuk yen bangunan tanpa PONDASI kurang bakoh yen dibandingake karo bangunan kang mawa PONDASI. Saka andharan saktlumik ing ndhuwur isa dijupuk kesimpulan yen sejatine apa kang kinaranan PONDASI kuwi pentinge pol temenan.

 

Bab PONDASI utawa tetalesing bangunan, nate diwulangake dening kitab suci, cethane neng layange rasul Paulus marang pasamuan ing Korinta. Neng laying kuwi rasul Paulus ngelingake marang pasamuan menawa tetalese utawa PONDASI kanggo adeging pasamuan kuwi mung srana Sih Rahmate Gusti kang winulangake lumantar rasul Paulus. Kabeh pasamuan isane madeg mung amarga PONDASI saka pangandikane Gusti. Lha njur kok ana adeging pasamuan kang beda-beda? Kuwi larah-larahe kepiye? Yen manut piwulange rasul Paulus, sanadyan tinalesan utawa nduweni PONDASI pangandikane Gusti, ananging adeging sakbanjure ora binangun sakmestine.

 

Manut rasul Paulus ing layange marang pasamua Korinta, sanadyan PONDASIne pasamuan kuwi pangandikane Gusti, ananging “bahan bangunan” ing  saknduwure PONDASI kuwi kang nemtokake. Watu, emas lan salaka luwih bakoh tinimbang suket garing utawa damen. Lho, lha tegese sanadyan PONDASIne pas ananging yen bacutane bangunan kuwi luput ya dadi ora apik?Bener, mula saka kuwi, payo saiki niti priksa marang awake dewe-dewe, apa bangunan iman utawa kapercayan lan uga bangunan pasamuan kang kabeh wus tinalesan utawa wis entuk PONDASI kang bakoh kuwi wus bener? Kabeh mung diri pribadi kang isa njawab.

 

Ora sithik adeging iman utawa kapercayan kang mbangune mung srana suket lan damen, mula ya cepet  rampung (kang sinawang),ananging ringkihe ngeram. Kuwi kepiye ciri-cirine? Mayar wae kok lur, coba wae disawang kanthi sareh, ora usah nganggo pasa seminggu muput kanggo nyawang adeging kapercayan yen mung pengen ngerti endi kang binangun  nganggo emas lan salaka lan endi kang binangun mawa suket lan damen. Yen ana sing kesrakat mung disawang utawa paling-paling mung didongakne, kuwi binangun saka Damen lan Suket.

 

“Jo, kok sajake sapimu ilang siji?Mbok nggo tuku apa?Kapan ngedolmu? “ Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Nembe wingi sore Lik. “ Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Wah, isa njajakne sate cedak pasar Jo, mumpung aku luwe tenan iki. Arep melu ora kowe Bo lank owe In?” Pambengoke Lik Ndoleng sajak bungahe ngeram.

“Ora usah mrana Lik. Jaman modern, goput wae..eman-eman kopine wis akdung tak silingi” Unine Iin saka njero pawon. Kabeh sarujuk, Dalijo njur nguthek hapene, pesen sate cedak pasar. Ora let suwe pesenane teka, njur dirahabi bebarengan.

“Cen sate cedak pasar ki joss tenan..marakne gobyos sambele. Suwun ya Jo..” Unine Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme., lan mbacutake rembuge, “ Oiya Jo. Lha adol sapi mbok nggo ngapa?”

“Karepku mung arep ngelongi open-open Lik, lha njur bareng bar bayaran, ana sing mbutuhake duwit, pas karo pepayone sapiku. Ya tak wenehne” Unine Dalijo sajak sarehe ngeram.

“Mbok potangke Jo?” Takone Kang Solebo.

“Ora kang.Takwenehake, Lung lan tanpa syarat” Semaure Dalijo.

“Penak temen sing entuk pulung saka sliramu kuwi Jo?” Lik Ndoleng sajak bingung.

“Sampeyan gelem nduwe masalah kaya kancaku kuwi Lik? Yen gelem, yak ae sapiku jik papat, dolen” Muni ngono Dalijo sajak sarehe ngeram.

“Sik Jo, kok awakmu isa nduweni penemu ngono kuwi entukmu ngendi?” Takone Lik Ndoleng.

“Saka piwulange Gusti Lik.Aku kuwi rinumat Gusti, kabeh mung srana. Kabeh kanggo tulung-tinulung sing padha mbutuhake. Aku mbangun adeging percayaku kanthi PONDASI pangandikane Gusti lan mbacutake adeging bangunan iman iki kanthi bahan kang kuwat, dudu saka suket utawa damen Lik” Muni ngone Dalijo sinambi klepas-klepus kae.

“Weh, yen aku kulina muni solam-salom, puja-puji Tuhan, ananging mung numpuk bandha nalika ana kang butuh, kuwi ateges aku ora bakoh ya Jo?” Takone Kang Solebo lan Lik Ndoleng bebarengan.

“Ben sing maca tulisan iki sing semaur Lik, kang..aja-aja ya ana sing maca tulisan iki kang padha karo sampeyan” Unine Dalijo.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH