Jumat, 03 Desember 2021

NUNDHUNG

 

Jemuah Pon 3 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Maleakhi 4 : 1-6

Lukas 1 : 68-79

Lukas 9 : 1-6

Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara. Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara.. Lukas 9 : 1-2

 

NUNDHUNG kuwi tegese ngakon utawa njaluk supaya pindhah enggon, isa uga diarani nyuwun supaya lunga. Mulane yen ana ukara NUNDHUNG dhemit, tegese ngakon lunga  si dhemit. Anane wani NUNDHUNG kuwi merga pirang-pirang sebab, isa merga kuwi panggonane, isa merga sing NUNDHUNG nduweni kakuwatan utawa pangwasa kang luwih gede. Mula mokal isa NUNDHUNG nalika ora nduweni kakuwatan kang luwih gede utawa mokal NUNDHUNG nalika ora ngerti yen papan kang nembe dienggoni si dhemit kuwi sejatine panggonane.

 

Crita neng Injil Lukas bab 9 menehi gegambaran bab Gusti Yesus, para sekabat, dhawuhe Gusti, dhemit lan wong lara. Para sekabat kautus njajah praja milang kori supaya martakne kabar kabunganan, yakuwi Linuwaran saka panjirete si dhemit. Mula saka kuwi, para sekabat dinawuhan NUNDHUNG para dhemit kang ngwasani saben wong. Para sekabat njur mangkat lan nduweni  rasa wani bakalan isa NUNDHUNG si dhemit,amarga “wis disangoni” dening Gusti, yakuwi sangu kang awujud daya kasekten. Mbokmenawa wae sakdurunge antuk kasekten saka Gusti Yesus, para sekabat ya jirih, minggrang-minggring yen kudu adu-arep karo daya kasektene si dhemit, ananging merga wis antuk kekuwatan saka Gusti, mula ya njur wani lan malah kendele ngeram.

 

Dhemit kuwi ana saka jaman kuna-makuna tumeka ing jaman saiki, sanadyan wujude beda-beda. Mbiyen dhemit kuwi ngwasani menungsa lan dadi lan larane, lara awak utawa pisik. Lha ing jaman saiki dhemit kuwi memba ana ing banda donya, pangwasa, rasa serik, kumlungkung, egois, sombong, mutungan,rumangsa bener dewe, sumuci-suci lan jik okeh banget, mulane mangga mengko para maos BENINGE EMBUN ESUK isa nambahi wujuding dhemit ing jaman saiki. Lha kaya jamane Gusti Yesus ngutus para sekabat NUNDHUNG dhemit, saiki sejatine pengutusan kuwi ya ijik lumaku, sapa wae sing maca tulisan iki kudu wani lan gelem NUNDHUNG dhemit kang manggon ana ing uripe menungsa..(sstt…muga-muga sing maca tulisan iki ora ngingu dhemit…hehe). Ora usa wedi lan kwatir, daya kasektene dewe (menungsa) luwih gede tinimbang dhemit, mulane mesti menang.

 

Sakdurunge takpungkasi tulisan bab NUNDHUNG dhemit, sing kudu dieling yakuwi sakdurunge dhemit kang ana ing liyan ditundhung, dhemit kang manggon ana ing awake dewe, payo ditundhung ben lunga, cikben urip iki kebak ing tentrem lan rahayu. Dieling, tentrem rahayu kuwi njedul saka sakjroning ati, dudu merga kahanan liyane, apa meneh saka saknjabaning urip. Mula gek ayo makarya NUNDHUNG’I dhemit, kawiwitan saka uripe dewe.

 

“Nggawa apa kuwi Bo, kok kayane Pelem Arum Manis..njaluk Bo?” Takone Lik Ndoleng marang Kang Solebo.

“Iyo Leng, iki Pelem, Si Cangkolo ngundhuh pelem, njur aku liwat diwenehi..” Semaure Kang Solebo.

“Weh, kok tumben, gelem weweh liyan. Biyasane pelite ngeram, ngungkuli…hmm..”Rung Kober Lik Ndoleng mbacutake rembuke, ketungka njedule Iin, sinambi ngelikake Lik Ndoleng.

“Haiyah, saiki Kang Cangkolo wis mertobat Li kora pelit meneh..jarene mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi merga dhemit pelit sing manggon neng kang Cangkolo wis ditundhung lunga..”

“Iya Lik, mulane sampeyan ya kudu wani NUNDHUNG dhemit…kawiwitan saka sing ana ing uripe dewe..ngko bar kuwi njur nulungi liyan..ngrewangi NUNDHUNG dhemit, ben urip iki tentrem lan rahayu..” Dalijo sesorah sinambi nyumet MLDne.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH