Minggu
Wage 19 Desember 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Mikha
5 : 2-5a
Lukas
1 : 46b-55
Ibrani
10 : 5-10
Lukas
1 : 39-45
“Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan
ibune Gustiku? Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu umama ing kupingku, bayi
kandhutanku nggronjal, marga saka senenge. Lah rahayu, kang wis pracaya iku,
salam apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal
kalakon.” Lukas 1 : 43-45
MARYAM,
jeneng kuwi pancen popular neng kitab suci, mirunggan neng kitab basa jawa,
amarga yen basa ngindonesa dadi Maria. Lan kang rada aneh, sebutan MARYAM kuwi
rinasa kurang “modern”, mula arang sing menehi jeneng anake kuwi, mesti luwih
marem yen dijenengake Maria tinimbang MARYAM. Semono uga yen sing maca tulisan
iki ana sing jenenge Maria lan diudang nganggo ilat jawa MARYAM, mesti ora
gelem. Kamangka jeneng asli neng jamane ibu MARYAM sugeng ya pancen MARYAM, dudu Maria apa
meneh Merry, kuwi beda amarga logating basa.
Ing
minggu pungkasaning mangsa adven iki, greja diajak ngelingi bab kahanan kang
sinawang cilik tur ya ora mbrejaji, anangingdiagem dening Gusti minangka
dalaning berkah kang ngedab-edabi. Wacan leksionar ing dina iki meh kabeh ngrembug
babagan kang cilik, ananging ka’agem dening Gusti kanthi ngedab-edabi. Crita
saka kitab Mikha bab pameca kutha Bathlehem-Efrata, crita bab Elisbet lan
MARYAM, kabeh nyritakake kahanan kang cilik,asor,remeh lan ora direken
babarblas, ananging kuwi kabeh kang diagem dening Gusti kanggo lantaran berkahe
binabar.
Mbalik
marang crita bab MARYAM, ana neng silsilah leluhure Gusti Yesus, MARYAM kuwi
uga dudu jalur trah, amarga sing mlebu trah Yusuf. Mula nalika nyebut leluhur
(merga tradisi paternalistic) mesti trah saka Yusuf sing disebut, ananging
miyose Gusti Yesus lumantar MARYAM, ora saka gua-garbane Yusuf. Nemahi kahanan
kaya mengkono, MARYAM ya ora kompalin, ora protes apa meneh demo berjilid-jilid
njaluk hak’e diajeni, MARYAM nampa kabeh kanthi iklas lan manah kang sukarena.
Laku
urip kaya ibu MARYAM kuwi ora gampang lho ya, apa meneh ing jaman saiki kang
sithik-sithik njaluk “apresiasi”, yen ora njur ngamuk lan demo. Uga ing jaman
saiki okeh sing seneng dadi terkenal, popular lan seneng kinaranan gede, emoh
kinaranan cilik apa meneh asor. Mula saka kuwi, ing minggu pungkasan mangsa
adven iki, paro mapanake samubarang kagem kabecikan, ora usah kokean gagasan
kuwi cilik apa gese, asor apa mulya ana neng penemune umum, sing baku kabeh
kaagem dening Gusti kanggo lantaran berkahe kebabar. Payo sinau saka ibu
MARYAM, kang kanthi iklas lan sumarah nampa kabeh kang lumaku dalah nglakoni
kabeh kanthi bungahing manah.
“Jo,
yen kabeh isa nuladha ibu MARYAM, kang iklas,pasrah lan sumarah kinantenan
sukarena, mesti jagad iki kebak ing tentrem lan rahayu ya?” Lik Ndoleng sore
kuwi ujug-ujug mbukak rembugan serius.
“Bar mangan apa koe Leng, koku jug-ujug rembuganmu
kaya Begawan?” Takone Kang Solebo, sajak gumun setahun.
“Ya
pancen kudu ngono Lik. Urip kuwi kudu sumarah, rasah klara-lara dianggep cilik,
rasah minder ngayahi ayahan kang sinawang remeh, rasah isin nalika sinawang wiring.
Lha coba bayangna, mbiyen kepiye perasaane ibu MARYAM, nalika wiwit ngandud tur
durung nikah? Ing jaman semono, wah konangan klakon dibenthongi watu, yen ing
jaman saiki mayar wae,..hehe” Semaure Dalijo.
“Bener
penemumu Jo, mendah abote mbiyen ibu MARYAM, ngadepi kahanan kaya mengkono, tur
sajak’e sing paham malah sedulur adoh, Budhe Elisabet, sing cedak kayane blas
ora ngreken..” Kang Solebo nimpali meneh.
“Yen
bab kaya mengkono, tekan saiki jik lumaku Bo. Sing perduli kuwi sing adoh, sing
padha-padha aor. Sing cedak lan linuwih, blasss…”Unine Lik Ndoleng, sajak
kesaksian pengalamane.
“Iin
nembe rewang, mula kopine telat. Sik ya Lik, Kang…tak nggawe kopi…” Unine
Dalijo, njur mingket menyeng pawon.
@semesta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar