Kemis
Pon 1 Agustus 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
IKI BUKTI |
Hosea
8:1-14
Jabur
107:1-9,43
Mateus
8:1-4
“Gusti Yésus
banjur ngandika marang wong mau: “Poma, bab iki aja kokkandhakaké marang sapa
waé. Sowana marang imam, aturana mriksa awakmu. Sawisé kuwi saosna kurban
miturut préntahé Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong-wong, yèn kowé wis
waras tenan!” Mateus 8:4
BUKTI kuwi kahanan sing bisa kanggo pathokan
kang luwih kuwat tinimbang mung janji. Mula saka kuwi, ana ing urip padinan,
kereb tinemu unen-unen, “Aja mung jonja-janji wae, ning ya kudu ana BUKTI”. Saka
ukara iki isa didudut pangerten yen BUKTI kuwi kahanan sing isa ndadekne liyan
utawa wong liya luwih percaya, tinimbang yen mung karo janji. Yen janji kuwi
akeh-akehe mung awujud tetembungan, yen BUKTI akeh-akehe ya awujud tumindak
sing nyata utawa awujud barang sing bisa disawang lan digepok senggol. Yen bab
kapercayan, BUKTI kuwi mung isa klakon nalika ana “Laku” dene menawa mung
rembug utawa celathu, angel bisane tumeka ing BUKTI.
Bab BUKTI kuwi ya nate dadi pokok piwulange
Sang Juru Pangon Sejati. Nalika kuwi ngepasi pethuk wong sing nandang lara
kusta. Bareng cedak njur sambat.nyuwun tulung supaya didadekne waras,mari saka
lelarane. Yen mung bab marasake wong lara wae, tumrap Sang Juru Pangon Sejati,
mung barang sing mayar tenan,mulane ya njur diparingi kewarasan. Sakwise didadekne
waras, sakbanjure diweling (disuwelke njur ben dadi eling..hehe), supaya aja crita
mrana-mrene marang wong akeh. Lho kenapa ora oleh crita? Merga yen crita isa
wae ora digugu,sabab dewek’e kuwi ora klebu wong terkenal, sejene kuwi yen mung
crita marang wong sing dipethuk’I ora efektif. Mula saka kuwi, sing nembe waras
seka lara kusta mau dikon crita ora nganggo tutuk, ananging lumantar tumindak. Dene
tumindak’e ya ora abot, merga mung dikon sowing marang para imam, tujuanne ben para
imam sing “sok” suci mau njur kaget lan percaya.
KLIK IKI |
Lumantar tumindak sowan marang para imam, wong
sing mentas waras saka lara mau wis wani nglakoni apa sing dikersakne Sang Guru
Agung, ora mung lumantar crita sakarepe dewe,ananging wani nglakoni sowan para
imam sing saksuwene iki gethinge ora njamak karo sing pada lara kusta. Lan sakbare
kuwi, jik ana weling meneh, bubar sowan para imam,kudu nindakne pranatane
agama, atur panuwun. Iki sing sok dilirwakne, yen lagi butuh lan njaluk wae
sregepe ngeram, bareng wis entuk njur lali. Mbuh jik pada ngrumati isin apa ora
wong tumindak kaya mengkono kuwi..
“In, jik nduwe amplop kosong, yen nduwe mbok
aku njaluk. Nggonku entong..” Dalijo sore kuwi nakoni dulure wedok bab amplop.
“Ijik kang, lha kapan butuhe?Yen saiki ya
takgolekne sik”Semaure Nduk I’in.
“Aturngono’a, kok ibutt nggolek amplop kuwi meh
nggo ngapa ta Jo?”Lik Ndoleng melu takon lan kuwi njur diunekne I’in kepo!
“Iki lho Lik, mbiyen pas arep nandur kacang
brol kae, aku lak nate janji, arep atur panuwun prosepuluhan kagem Gusti. Gandeng
wis panen, tur ya panene akehe pol, mula iki aku ora mung prosepuluh, seprapat
panenaku takaturke Gusti. Ora awujud kacang, ananging wis dadi kertas kang aji
iki. Iki minangka BUKTI yen Gusti kuwi ngrumati aku pol tenan Lik..”Semaure
Dalijo sinartan kojah kaya tukang kotbah!
“Wah, aku isin Jo, wingenane bar adol pedet
lanang kae, babar blas ora eling kaya sliramu..”Lik Ndoleng sajak trenyuh seka
swarane. Dene I’in njur njedul karo ngekekne amplop marang Dalijo..
Mbah’e..
Catetan: Yen ngrasa migunani, pada ndumen marang sapa wae..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar