Senin, 22 November 2021

NGAJENI

 

Senen Pahing 22 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 23 : 15-25

Jabur 63

Wahyu 11 : 1-14

Pangandikane Sang Nata: “Iku aja sira kapak-kapakake, aja nganti ana wong kang nggepok-senggol marang balung-balunge!” Dadine wong-wong ora padha ngarubiru marang balung-balunge lan uga balung-balunge nabi kang pinangkane saka ing Samaria kono.” 2 Para Raja 23 : 18

NGAJENI kuwi asale saka tembung “aji”, kang kurang luwih artine sing sederhana nduweni arti kang linuwih tinimbang liyane. Dadi tembung NGAJENI kuwi njur isa nduweni arti utawa teges nindakne sabarang ayahan minangka pratanda menehi arti marang samubarang. Yen NGAJENI papan, ya tumindak kanthi sadar kanggo papan kuwi, yen NGAJENI marang rembug ya menehi lan ngormati rembug kuwi,mbuh sapa sing ngungelake rembug lan yen NGAJENI menungsa minangka titahe Gusti ya mapanake uwong ing kahanan sakmestine. Kang kudu diajeni ora kang nembe sinawang lan kang klakon ing mangsa saiki, ananging uga kahanan kang wus lumaku utawa klakon.

 

Crita kitab suci 2 Para Raja 23, mirunggan ayat 18 menehi piwulang kang apik bab kepiye anggone kudu NGAJENI marang kahanan. Nalika kuwi Sang Nata Prabu Yosia nembe ngenekake reresik utawa Besik kanggo mbangun lan mangun Pedaleman Suci. Nalika mbangun lan mangun kuwi njur ana kang kudu ditambahi lan diilangi. Sing apik ditambahi supaya luwih apik, dene kang ala utawa ora apik kudu disingkirake. Ndilalah ing kono ana papan kang sajake dikrmatake, bareng ditakokake jebul kuwi pasarean Abdine Sang Yehuwah kang isine kari balung-balunge. Mirsa kang kaya mengkono, Sang Prabu Yosio ndawuhi para absi supaya aja diowahi lan kudu tetep diajeni, amarga kuwi abdine Gusti Allah sanadyan saka trah Samaria. Manut kawicaksanane Sang Nata, reresik kuwi apik, ananging tetepa NGAJENI marang sejarah kang wus kawuri. Mleset angggone tumindak NGAJENI, isa bilai kang tinemu.

 

Ing jaman saiki apa kang mbiyen dilakoni dening Raja Yosia ya ijik klakon, ananging kang kudu direnungake, apa iya jik ana sing gelem NGAJENI marang kang wus klakon? Kang kereb klakon kuwi yen wis mlaku mengarep njur lali marang sabarang apik kang wis kawuri, lan racake nalika ana kang rinasa ala utawa elek, ora nunggu babibu lan sok iyak-iyak’o njur dijur-jur dadi lebu lan awu. NGAJENI marang sejarah utawa sabarang kang wus klakon kuwi sejatine minangka donga cikben lakuning urip kang bakalan tinempuh luwih ajeg,dedeg lan lempeng. Mula saka kuwi, payo sinau NGAJENI marang samubarang kang nate klakon, lan aja rumangsa apik lan bener dewe ing jamane.

 

“Jo, kapan awakmu sowing neng sarean bapak lan simbokmu?” Takone Kang Solebo neng Dalijo.

“Sesuk awan kang, seka ngarit..” Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, jaman modern ngene kok jik nggagas tilik sarean ta cah?” Lik Ndoleng sajak ora sreg karo niatane Dalijo.

“Kuwi wujud NGAJENI marang sabarang kang wus lumaku Leng, kabeh kang wus kawuri kudu diajeni, merga kabeh kuwi srana pasinaon..” Semaure Kang Solebo.

“Weh, yen ngono saksuwene iki aku luput Bo..lha rumangsaku sing mbiyen kuwi wis ora ana pengajine…wah.dosa aku iki..” Sambate Lik Ndoleng.

“Mulane ndang kana mbaleni sing mbiyen rung klakon Lik, uga mbaleni Yu Wasti” Unine Iin, nalika nyuguhake kopi lan kimpul godog.

“Duss…kuwii meneh Innnnn!!!” Unine Lik Ndoleng, sinambi njupuk kopiine lan sajak kepanase..

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH