Jumat, 12 November 2021

NGOYOD

 

Jemuah Pahing 12 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 2 : 18-21

1 Samuel 2 : 1-10

Kolose 2 : 6-15

Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepa ana ing Panjenengane, dinganti ngoyod lan kabangun, ana ing Panjenengane, muga kowe saya wuwuh kasantosanmu ana ing pracaya kang wus diwulangake marang kowe, lan muga atimu kebak panuwun.” Kolose2 : 6-7

 

NGOYOD kuwi asale saka tembung oyod, sing tegese perangane tanduran kang manggon ana ing ngisor lan racake kapendem ing lemah. Oyod kuwi fungsine kanggo ndadekne tetanduran bakoh lan uga kanggo nggolek panganan kang sinebar ana ing lemah ing sakiwa tengene tanduran. Dadi paling ora oyod kuwi nduweni pungsi nguripi lan uga nguwati. Yen oyod ora isa nggolek panagan, mesti tandurane mati. Semono uga yen oyod kuwi ora bakoh, sanadyan isa nggolek panganan, mesti nalika ngadepi bebayaning jagad, luwih gampang jungkar. Ska tembung oyod kuwi njur isa dadi tembung NGOYOD kang tegese nduweni kahanan kaya oyod kang makaryo kuwat, ora ketok sinawang lan nduweni pungsi ngurupi.

 

Piwulange Rasul Paulus kanggo pasamuan Kolose, salah sijine babagan NGOYOD, yakuwi NGOYOD ana ing piwulange Gusti Yesus, tegese sakabehing uripe mung ana ing piwelinge lan dhawuhe Gusti Yesus. Lumatar NGOYOD marang piwulange Gusti Yesus mula ya kudu nuladha sakabehe pakaryane Gusti sing kebak ing pangapura, kebak ing piwelas, kebak ing katresnan, kebak ing pakaryan. Yen uripe wis percaya lan NGOYOD marang pangandika lan patuladane Gusti Yesus, mesti bakalan ngalami pengalaman urip kang sarwa nggumunake. Nalika uripe kebak ing pangapura, ya apa wae kudu diapura sanadyan marakne njarem ing ati, kuwi adedasar kang wus tinindakake dening Gusti Yesus kang sanadyan dipilara nganti samsara, annaging tetep mbabar Sih Pangapura lan ora daksiya marang kang ginubet ing dosa. Nalika uripe kebak ing Sih Piwelas, kuwi ya kaya Gusti Yesus nalika nulungi sapa wae kang butuh pitulungan, sing penting tetulung lan njunjung sing nembe butuh pitulungan. Yen kuwi kabeh isa dilakoni, tegese uripr wus NGOYOD marang Gusti Allah.

 

Ing jaman saiki piwulang bab NGOYOD marang patuladan lan piwulange Gusti tan kendhat, malah lumantar  meneka werna srana. Ananging durung mesti uripe isa NGOYOD marang Gusti, okeh-okehe mung winates ing tetembungan, yen ing babagan tumindak ya mengko ndisik.  Mula saka kuwi, payo ndandani urip ben NGOYOD temenan marang Gusti Yesus lumantar dhawuh lan patuladane, sanadyan pancen ya angel amarga kudu nelukake rasa egois sing tuwuh ngrembaka ana ing uripe. Payo ngrembakakne pangandika lan dhawuhe Gusti ana ing sakjroning urip iki, lan aja malah ngrembakakne sipat kamanungsan kang mung nggolek mareme dewe.

“Jo, jajal jebolno telo sing cedak wit kluwih kae, kayane kae dibakar pas nggo kanca kopi..”Lik Ndoleng ngakon Dalijo njebol telo, nalika jejagongan neng Lincak Sor Talok.

“Lha apa sampeyan ora kuwat njebol ya Lik?” Takone Dalijo.

“Wis tak jajal ping limo, ora mingset blas. Mbokmenawa isine poll gedene..” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi tegese oyod’e bakoh Lik Tela Pohung kuwi NGOYOD marang kahanan sakiwa tengene, mula bakohe ngeram” Dalijo ora ndang mangkat njebol telo malah sesorah.

“Lha yen kaya BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, yen kabeh padha NGOYOD marang dhawuhe Gusti Yesus, mendahneo bakoh lan kuwate uripe ya Jo?” Lik Ndoleng malah genti sesorah.

“Yen cintamu mbiyen marang Yu Wasti po durung NGOYOD ta Lik?” Takone Iin.

“Jindul…cah siji iki…wis NGOYOD anggonmu njaragi aku” Unine Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH