Rabu, 03 November 2021

MANUT

 

Rebo Pon 3 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Rut 3 : 8-18

Jabur 18 : 20-30

Yokanan 13 : 31-35

Rut banjur mapan turu ana ing sandhinge sikile Boas nganti tumeka ing wayah esuk; tangine ing wayah sadurunge wong bisa cetha ndeleng marang wong liyane, awit pangucape Boas: “Aja nganti kaweruhan, yen ana wong wadon teka ing panuton.” Rut 3 : 14

 

MANUT kuwi tumindak kang ora nuruti kekarepane dewe, ananging nuruti kekarepane liyan. Pancen durung mesti tumindak MANUT kuwi dadi senenge kabeh, ananging sak ora-orane, lumantar MANUT mratandakne yen wong kuwi wis isa nelukake diri pribadine. Uga, pancen ora kabeh tumindak MANUT kuwi lumaku ana ing babagan kang becik,merga ana sing MANUT marang hadaning kanepson murih klakon apa kang dadi kekarepane isa klakon.

 

Critane Kitab Suci neng Kitab Rut, bab tokoh utamane yakuwi Rut pancen patut dingo kaca benggalaning urip, yakuwi bab MANUT. Ing Kitab kuwi dicritakne kepiye anggone Rut MANUT marang apa wae kang dadi dhawuh utawa prentahe Boas lan uga simbok mertuane, Ibu Naomi. Ana ing pamikirane Rut, tuwuh penemu yen kahanane dewekne kuwi wis dipasrahake marang Gusti Allahe simbok mertuane, mula apa kang dadi dhawuhe mertuwane ya kudu dilakoni. Rut kudu MANUT marang kersane Gusti lumantar ibu mertuwane lan uga Boas kang dadi sanak’e ibu Naomi. Pancen anggone Rut MANUT isa sinawang “saru”, lho kok bisa? Iya wae, lha wong wadon kok ya MANUT dikongkon nyedaki paturone wong lanang kang dudu apa-apane. Ananging ana ing katresnan lan pambangun turut marang Gusti Allah, ora ana kang sinawang saru, kabeh kudu klakon.

 

Pikoleh saka tumindak MANUT mau pancen ngedab-edabi, ing pungkasane crita Tut entuk berkah saka Gusti Allah lumantar Boas, yakuwi didadekake bojo kang tundane nurunake anak kang dadi leluhure raja Dawud. Pancen MANUT kuwi rekasa, ananging ngenere marang bab kang apik, sauger kuwi manut marang kersane Gusti Allah. Pancen uga nalika nembe nglakoni, MANUT kuwi isa dadi pamoyoking liyan lan rinasa rekasane ngeram, ananging sing sapa kuat tumeka ing pungkasane kahanan, kuwi kang bakalane nampa berkahe Pangeran.

 

“Jo, jebul MANUT karo kersane Gusti kuwi rekasa ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika sore kuwi jagongan neng Sor Talok.

“Mesti bar maca BENINGE EMBU ESUK nggone mbahe ya Lik?” Unine Dalijo.

“Yo jelas Jo, kuwi dadi siraman rohaniku, lan aku kangen pol , merga wis suwene ngeram ora njedul” Semaure Lik Ndoleng.

“Wah, sip..Lik. Mesti kangene padha karo kangenmu marang Yu Wasti ya Lik?” Takone Dalijo.

“Hush!!, ra sembarangan kowe Jo, kae Markun liwat seka tuku pulsa, krungu klakon disrawat atusan ewu kowe!” Unine Lik Ndoleng.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH