Kamis, 04 November 2021

BOAS

 

Kemis Wage 4 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Rut 4 : 1-10

Jabur 127

Rum 5 : 6-11

“…makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika…” Rut 4 : 10

 

BOAS, tokoh kuwi dicrita’ake ana ing Kitab Rut, malah kepara kang dadi semahe Rut. BOAS kuwi wong sugih mblegedu ing jaman Kitab Suci, lan sepira okehe kasugihane ora dipalorake dening Kitab Suci, sing cetha BOAS kuwi sugih. Ing kitab Rut dicritakake kridhane BOAS anggone netepi uriplan sakbanjure kuwi dadi srana deweke dadi lantaran lahire Isai, ramane raja Dawud.

 

Crita bab BOAS kang sugih neng kitab Rut patut dienggo pasinaon bab lelakuning urip, kepiye tumindak kang kudu dilakoni. BOAS nalika ngerti yen sedulure mulih saka paran (ibu Naomi), njur ya ngerti kahanan kang diadepi dening sedulure, banjur tumindak. Dene alur critane kitab suci pancen kudu mapanake Rut kang makarya. Rut kang dadi wong neneka ana ing tlatah wewengkone Boas kudu ngayahi ayahan abot, yokuwi ngasag. Dene ngasag kuwi gawean luru pepanenan kang ketriwal ora dijupuk dening kang nduweni. Nalika akhire ngerti polahe Rut, BOAS njur tuwuh welase, lan lumantar maneka cara pungkasane ngerti kahanane Rut kang sakbenere.

 

Pirsa kahanane Rut, BOAS njur pengen ngrengkuh sanadyan kudu nebus kanthi rega kang larange ngeram. Dene kang kudu ditebus kuwi lemah warisane tilas bojone Rut. Amarga prentuling manah arep nulungi kahanane Rut, mula sanadyan larang tebusane lemahe, BOAS tetep nglakoni. Boas ora nakoni marang Rut, ngapa ndadak ngetutake Noami, lan ora manggon wae ana ing Moab, BOAS uga ora nggagas kahanane Rut kang wis randha. BOAS niate tetulung, wis siji kuwi wae. Lan ing pungkasane, awit saka sedya mulya apik saka BOAS, Rut isa dadi ibu taler-trah para raja ing Israel.

 

Ing jaman saiki, kahanan kaya kang dialami Rut pirang-pirang, ananging sing wani “njupuk dalane” BOAS sithik banget. Racake menungsa ing jaman saiki mung pengen sing apik-apik, sing sinawang ora apik emoh nampane. Beda karo BOAS, anggone nampani Rut ya kabeh, total..tal. Mula saka kuwi, payo saiki nyawang marang awake dewe-dewe, apa wis wani tumindak tetulung kanthi total kaya BOAS, apa mung nggoleki kahanan kang apik thok.

 

“Jo, kok BOAS kuwi gelem-geleme ya ngepek Rut kang wis randha dadi bojone,kamangka dewekne sugihe pol lan ngangkah sing jik kinyis-kinyis pora ya mayar wae?” Unine Lik Ndoleng nalika wedangan neng Sor Talok.

“Weh, kuwi merga BOAS kuwi  indakne katresnan kang sejati Lik, ora katresnan palsu utawa abal-abal..” Semaure Dalijo.

“Yen ing jaman saiki, kira-kira ana ora ya Jo, sing kaya BOAS?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ya mesti ana ta Lik,sanadyan ya angel nggolekine. Lha kabeh kuwi matrapi katresnan kaya lelayangan, njedul mung yen kahanan padhang, bareng peteng blas ora njedul..” Dalijo sok wicaksana, menehi penemu marang Lik Ndoleng.

“Yen sing maca tulisan iki, ana ra ya sing wani ngiwati dalaning katresnan BOAS, nulungi tanpa nyawang kekurangane kang ditulungi?” Takone Lik Ndoleng.

“Weh, embuh Lik, rawani ngomong aku, kuwi ensitip. Sesensitip perasaanmu nalika krungu jeneng Wasti sinebut..” Dalijo mangsuli sinambi njarag Lik Ndoleng.

“Baj…opsss…!! Meh ketrucut misuh Jooo…..” Grenenge Lik Ndoleng.

 

@lebuningjagad

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH