Sabtu, 27 November 2021

SEGARA

 

Setu Pahing 27 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Nehemia 9 : 26-31

Jabur 25 : 1-10

Lukas 21 : 20-24

Paduka nunten ngulungaken tiyang-tiyang wau ing tanganing mengsahipun, temah sami nandhang karupekan. Lah salebetipun nandhang karibedan punika lajeng sami sesambat dhumateng Paduka, nunten Paduka piyarsakaken saking langit tuwin awit saking palimirma Paduka ingkang ageng, Paduka paringi tiyang-tiyang ingkang ngluwari saking tanganing mengsah.” Nehemia 9 : 27

 

SEGARA kuwi papan kang banyune okehe ora njamak, lan bates antarane lemah utawa daratan karo SEGARA kuwi jenenge pantai. Biasane okeh sing seneng dolan menyang pantai, uga mbokmenawa sing maca tulisan iki. SEGARA kuwi papan kang isa nampa apa wae lan ora nate nampik sabarang kang nempuh awake, uga SEGARA kuwi sanadyan dijupuk banyune ora nate katon kelong, apa meneh asat. Amarga kahanane kang kaya mengkono kuwi, njur menungsa mapanake SEGARA uga minangka gegambaraning urip kang isa diweulangake. Ana sawijining unen-unen kang jero banget artine, yakuwi yen dadi “menungsa sejati” kuwi nduwea watak SEGARA.

 

Crita kitab suci neng Nehemia bab 9 isa dadi srana piwulang kanggo mangerteni kepiye sabare Gusti Allah marang pokale wong-wong ngisrael. Nalika ngrasa rada rekasasithik wae, njur sambat ngaru-ara, njur Gusti maringi Sih Rahmate lan sakbanjure entuk berkah kag awujud rejaning kahanan. Lha nalika ngrasakne kepenake urip, njur lali meneh marang Gusti Allah lan tumindak saksenenge dewe, tumindak sakarepe dewe, mblangsar ora manut dalaning Gusti kang sejatine kebak ing tentrem lan rahayu. Sakwise tumindak mblangsar, njur rekasa. Nalika ngrasakne rekasa meneh, sambat lan njaluk ngapura marang Gusti Allah. Awit Gusti kagungan katresnan kang jembar kadya SEGARA, mula sanadyan njengkelake, tetep wae diapura lan diparingi Sih Rahmat.

 

Polahe bangsa ngisrael kuwi ing jaman saiki mbokmenawa ya ijik ana sing nglakoni, lan tetep entuk Sih Rahmate Gusti. Ora usah ditiru kang kaya mengkono, ananging payo nuladha kang tinindakake dening Gusti, yakuwi nduweni ati lan kesabaran kang jembar kadya SEGARA. Lho, kan kuwi Gusti sing isa nindakne, apa ya awake dewe menungsa iki isa ngayahi? Isa! Sauger gelem lan nyenyuwun marang Gusti. Nduweni watak sabar kang jembar kaya SEGARA kuwi kudu dilatih, kudu digawe, ya kaya nggawe kolam kang amba kae, butuh wektu sing suwe. Kuncine mung siji,gelem nglakoni lan percaya bisa nduweni watak sabar kang kaya SEGARA.

 

“Lik, wingi aku entuk WA saka Pakde Nyoto, omahe Ringinawe. Jare yen ngobrol neng Lincak Sor Talok, kerep mambu gandane pete, lan kuwi jare seka sampeyan lho Lik..” Unine Dalijo, nalika sore kuwi jagongan kaya biasane neng Lincak Sor Talok.

“Bajindull..Duss!! Lha sing mangan pete ora mung aku, kok aku thok sing disalahke…Trondolooo…” Semaure Lik Ndoleng sajak erosi poll.

“Lha mung ngono wae kok nesu ta Leng. Kan mangan pete ya mambu pete, kuwi lumrah. Digawe sareh Leng, sabar. Nduwenana watak jembar kaya SEGARA, kaya pituture mbahe neng BENINGE EMBU ESUK kuwi..mula diwaca, aja mung diklik thok nalika “disher” sedulur..” Kang Solebo nyoba ngelingake Lik Ndoleng.

“Waduh, ketrucut aku cah..Muga-muga Kang Nyoto Ringinawe maca tulisan iki, njur mesam-mesem lan ngapurani aku…” Unine Lik Ndoleng sajak nggresula.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH