Kamis, 18 November 2021

NRESNANI

 

Kemis Legi 18 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK

"Omah Cedak Wit Talok"


2 Para Raja 22 : 1-10

Jabur 132 : 1-12

Para Rasul 7 : 54-8:1a

Sang Stefanus sajrone dibenturi watu mau, ndedonga unjuke: “Dhuh Gusti Yesus, mugi karsaa nampeni roh kawula. Kalawan jengkeng nuli nguwuh seru: “Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika.” Sajrone munjuk mangkono iku banjur seda.” Para RAsul 7 : 59-60

 

NRESNANI, kuwi tembung kang saben wong nate ngomongake, utawa paling ora krungu, merga pancen mayar ngomongake tembung iki. NRESNANI kuwi pancen sajake penak lan nyenengake, ananging apa iya kaya mengkono lumakune nalika mlebu ing kasunyataning urip? Mbokmenawa mayar NRESNANI nalika kahanane nyenengake, mbokmenawa gampange ngeram NRESNANI nalika kang lumaku cocok utawa gathuk karo kekarepane. Lha njur menawa sing lumaku utawa sing klakon kuwi cengkah karo kekarepane, apa iya jik isa NRESNANI sik sakmestine?

 

Ana crita kitab suci bab NRESNANI, sakliyane crita bab Gusti Yesus, kang isa dadi kaca benggalaning urip. Crita kuwi bab Stefanus. Nalika kuwi kahanane para pendereke Gusti Yesus kang wiwitan okeh banget tantangane, lan ora bain-bain tantangan kuwi, nganti soroh nyawa. Mengkono uga Stefanus, anggone mbelani kapercayane marang Gusti Yesus, kudu nemahi kahanan kanga bot. Dipetenah, disingkirake,ditampik,dibenthongi watu, dipoyoki lan nganti tumeka ing patine. Sanadyan mengkono, Stefanus ora nggething marang kang nampik, malah kepara ndongakne kabeh sing nggethingi dhewekne. Lho, apa kira-kira sing dilakoni Stefanus kuwi luput? Bab luput lan bener kuwi gumantung saka sisih ngendi olehe nyawang. Kanggone Stefanus, ora luput mbabar crita katresnane Gusti Yesus, ananging aknggone wong kang ora seneng marang Gusti Yesus, kuwi tumindak kang luput. Dadi cetha kan, luput lan bener kuwi gumantung sisih anggone nyawang?

 

Ing jaman saiki, tantangan NRESNANI kaya kang diayahi Stefanus ya ijik tetep ana, sanadyan ora langsung soroh nyawa. Ananging nalika  NRESNANI marang sabarang kang diyakini bener, kuwi ya isa klakon nemahi pengalamane Stefanus. Welinge BENINGE EMBUN ESUK iki mung sederhana, payo nuladha Stefanus, nalika dipoyoki, dipitenah,digubet kahanan, ora dipercaya merga kahanan, aja ilang anggone NRESNANI. Tetep ngayahana tresna, sanadyan rekasa, tetepa ngayahi tresna, sanadyan kudu soroh nyawa. Tetepe NRESNANI nalika ora dipercaya, nalika disawang minangka pecerening urip. NRESNANI marang kang rinasa apik, kuwi mayar. Ananging NRESNANI nalika tinampik lan siningkirake, kuwi sing kudu disorohi nyawa.

 

“Bo,jebul NRESNANI sing sakbenere kuwi ora mung neng tembung ya. Jebule kudu wani soroh nyawa” Sore kuwi Lik Ndoleng miwiti rembugan karo Kang solebo neng Lincak Sor Talok, sajak rada sengrius.

“Weh, gek sadar ta Leng?” Semaure Kang Solebo, sajak sembrana.

“Lha kuwi pora abot ya Bo, lha dipilara kaya si setepanus, ijik ndongakne apik. Jale jaman saiki…hmmm..klakon remuk..ajur.” Semaure Lik Ndoleng.

“Jenenge tresna kuwi mawa bebana Lik, ora gratisan..wani tatu. NRESNANI tanpa tatu kuwi mbelgedes..” Dalijo melu muni, sakwise nyelehake hapene.

“Lha berarti, aggonmu mbiyen jare NRESNANI yu Wasti kuwi hoax ya Lik? Lha ora wani soroh bebana…?” Iin, kaya padatan njedul lan muni sakrasane.

“Tresnane Ndoleng neng Wasti serius In, lha kuwi tatune jik njarem tekan saiki”, Kang Solebo melu njarag Lik Ndoleng.

“Jindulll…malah kabeh ngroyok aku…!!” Semaure Lik Ndoleng sinambi ndudut jisamsune Kang Solebo, merga pituneme sajak entong.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH