Rabu, 10 November 2021

TUNTAS

 

Rebo Kliwon 10 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 24 : 28-42

Jabur 113

Lukas 4 : 16-30

Nanging bareng disuguh mangan, wong mau banjur matur: “Kula boten badhe nedha, manawi dereng ngaturaken kaperluan kula.” Pangucape Laban: “Sumangga panjenengan lairaken!” Wong mau banjur pratela: “Kula punika abdinipun Bendara Abraham.” Purwaning Dumadi 24 : 23-24

 

Crita bab para abdine rama Abraham tetep dadi wacan kitab suci ing minggu iki. Menawa wingi para abdi kuwi rumangsa katresnane Gusti RAMINGKED saka ing lakuning urip, ing dina iki critane babagan kepiye anggone para abdine rama Abraham kuwi ngayahi pakaryane nganti TUNTAS sakduruge nampa bebulih.

 

Kacarita sakwise kepethuk Ribka neng sakpinggiring padesan nalika nembe menehi ngombe marang untane lan njur rembugan, para abdine rama Abraham njur diampirake. Tekan omahe Ribka, njur dibagekne lan sakwise “bosa-basi” njur crita sapa sejatine dewekne. Brayate Ribka sakwise ngerti sapa kang rawuh, njur senenge ngeram, amarga senenge pol-polan banur arep ngaturi pasugatan. Ngerti  arep nampa pasugatan, para abdine rama Abraham njur kelingan yen tugase durung rampung, durung TUNTAS. Mulane sakdurunge nampa pasugatan kuwi,para abdi njur crita bab sejatine ayahan kang nembe dilakoni.

 

Urip iki endah, lan ing sakjroning kaendahane kuwi uga ana panggodha. Dene wujude panggodha kuwi maneka werna, ananging ancase panggodha kuwi mung siji, yakuwi ngenggokne berkah lan ndadekne kaendahan dadi kahanan kang ora apik.Sinau saka para abdine rama Abraham nalika nemahi “panggodha” lan njur eling marang ayahan kang kudu TUNTAS, mulane payo saiki eling marang ayahan peparinge Gusti. Aja nginguk marang “pasugatan” kang cinawis menawa gaweane saka “Sang Bendara” durung Tuntas. Payo diTUNTASke sika pa wae gawean kang diparingake Gusti marang awake dewe.

 

“Jo, jebule panggodha kuwi werna-werna ya?” Takone Lik Ndoleng sinambi nyruput kopi sing jik kemudul.

“Iya Lik, kabeh iya isa dadi panggodha..” Semaure Dalijo.

“Weh, apa kuwi Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Bab TUNTAS, sampeyan aja kaya Lik Darmo, seneng obong-obong, ben marem. Neng kene ngomong pitik, neng kana ngomong manuk..” Semaure Dalijo.

“Weh, cen Darmo kae watake ngono Jo…arep kepiye meneh…” Unine Lik Ndoleng.

“Kuwi tegese durung TUNTAS uripe Lik..mbebayani kuwi..isa disiku dening Gusti…” Wangsulane Dalijo, sinambi ndamoni kopine.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH