Sabtu, 06 November 2021

NGANDEL

 

Setu Legi 6 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Rut 4 : 18-22

Jabur 127

Markus 11 : 12-14,20-24

Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kalakon, mesthi iya bakal kalakon. Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe. Markus 11 : 23-24

 

NGANDEL kuwi mayar menawa mung ana ing tetembungan, ananging angel menawa tekan tataran nglakoni.NGANDEL kuwi kahanane uri[ kang tinalesan rasa, dene rasa kuwi kuwat lan ora isa diowahi dening apa wae. NGANDEL kuwi tetep tatag nalika kahanan kang lumaku durung klakon kaya kang dikarepake, mulane ing kahanan iki panggoda bisa njugrugake pangandele menungsa.

 

Crita bab NGANDEL kuwi okeh neng kitab suci, salah sijine neng Injil Markus bab 11. Ing kana dicritake kepiye Gusti Yesus makarya lan ndadekake wit anjir sing ora uwoh njur dingendikani lan dadi matine. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi, nalika para sekabat weruh, njur pada nggumun. Ing sakjroning kahanan pada nggumun kuwi mau Gusti Yesus ngendika, “ Satemene sing sapa celathu marang gunung iki : Mumbula lan nyegura ing segara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging percaya yen apa kang diucapake iku mesthi kelakon, mesti iya bakala kelakon. Mulane Aku pitutur marang kowe, Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, pandha NGANDELA yen kowe wus keparingan, dadi iku mesti iya bakal kaparingake marang kowe..” Mungsuhe NGANDEL kuwi mangu-mangu, lang mangu-mangu kuwi isa tuwuh nalika kang klakon beda karo kang dipercaya.

 

Apa kang tinulis neng Kitab Suci kuwi isa klakon ing saben jaman, klebu ing jaman saiki. Mula saka kuwi, sauger percaya kanthi tulus iklas marang Gusti Allah, apa wae kang dadi kabutuhaning urip, payo padha didongakne, lan mesti bakalan nampa berkah jumbuh karo kawicaksanane Gusti. sing cetha, aja mangu-mangu, aja owah gingsir, sing percaya marang Gusti Allah. Payo padha NGANDEL marang pangandikane Gusti, aja manut penemune dewe-dewe.

 

“Jo, mosok iya sih, yen NGANDEL , menungsa isa mindhah Gunung?” Takone Lik Ndoleng.

“Weh, ya jelas Lik. Lha sampeyan percaya ra karo pengandikane Gusti kui?” Takone Dalijo.

“Weladalah, ya percaya wae nganggo banget. Ananging kok ya..hmmm..” Unine Lik Ndoleng.

“Lha..raktenan ta..percaya utawa paNGANDELmu mung neng rembug Lik, ora wutuh sawutuhe urip, percaya ananging mung neng rembug, atimu blas ora percaya. Yen kaya mengkono mokal isa mindah gunung..” Dalijo sesorah lan Iin njedul, nggawa wedang panas.

“ Pantesan rasido olih Yu Wasti, wong percayamu mung sethithik Lik..Sampeyan blas ora NGANDEL karo Gusti” Unine Iin.

“Weh, cah siji iki, sewindu ranjedul, njedul-njedul njarag wong tuwek..” Grenengane Lik Ndoleng.

 

 

@lebuningjagad

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH