Selasa, 16 November 2021

WIWITAN

 

Selasa Wage 16 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangandaring Toret 26 : 5-10

Jabur 3

Ibrani 10 : 32-39

Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu. Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah. Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.” Pandandaring Toret 26 : 9-10

 

WIWITAN kuwi tembung linggane Wiwit, sing tegese mbuka samubarang utawa basa kramane murwakani samubarang. Saka tembung Wiwit kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung, kayata Kawitan sing tegese sing paling nomer siji, Miwiti kang tegese nglakoni kang ndisik dewe lan uga WIWITAN kang tegese samubarang kang nomor siji. Sakduruge kang WIWITAN ora ana utawa durung ana, pokoke kuwi sing paling poncot. Biasane menungsa kuwi mapane samubarang ana ing tingkatan-tingkatan, lan sing paling apik dewe mesti dipapanake neng panggonan WIWITAN, ananging apa kang rinasa apik kuwi, ing antarane menungsa siji lan sijine beda-beda.

 

Manut piwulange kitab suci, ana perkara kang kudu dadi kahanan kang WIWITAN, yakuwi babagan atur panuwun utawa pisungsung. Neng kitab Pangandaring Toret bab 26 dicritakne kepiye menungsa kudu nglakoni uripe lan uga kepiye crita riwayate, saka kahanan rekasa tumeka kahanan mulya. Ing kahanan kang muya kuwi, Gusti Allah menehi piwulang supaya mapanake pamaturnuwun marang Gusti Allah minangka perkaraning urip kang WIWITAN, kang nduwur dewe,ang nomer siji. Ora ana kang ndisiki sakliyane atur pisungsung marang Gusti Allah.

 

Sanadyan yen diwaca lan dirasa kayane miwiti urip kanthi maturnuwun kuwi mayar, ananging ing tumindak, durung mesti gampang utawa mayar. Contone, mbokmenawa ana sing maca tulian iki kang lali maturnuwun nalika esuk mau ditangekne dening Gusti, diparingi dina anyar, pengareparep anyar,berkah anyar lan sakpanunggalane. Lumantar piwulange kitab suci ing dina iki, paya mapanake pamaturnuwun marang Gusti kuwi ana ing kahanan WIWITAN, aja diijolo apa wae, mung srana mapanake pamaturnuwun marang Gusti ana ing WIWITANning urip kang njalari uripe menungsa bakalan kebak ing tentrem lan rahayu.

 

“Lik, mau esuk-esuk aku mbukak HP, lha kok wis langsung nggawe setatus we’a, apa ora Ndonga maturnuwn marang Gusti?” Takone Dalijo marang pakne cilik Ndoleng.

“Weh, kuwi sakwise aku tangi, njur ndendonga, atur panuwun marang Gusti awit kabeh berkahe Jo..Aja kleru sliramu, aku nyekel hape kuwi minangka srana maturnuwun..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Eee,,,yen ngono ya esip Lik, kuwi kaya BENINGE EMBUN ESUK dina iki, dikon mapanake maturnuwun marang Gusti kuwi ana ing papan WIWITANing urip..” Dalijo mbales menehi wangsulan.

“Ning kayane sanadyan maturnuwun kuwi gratis, ora mbayar, ora kabeh wong isa nglakoni lho Jo, lha kuwi sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem..mesti mau lali miwiti dina iki kanthi pamaturnuwun..” Ngomong ngono Lik Ndoleng sinambi nglirik, sajak kemayu kae…

 

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH