Kamis, 11 November 2021

NGASO

 

Kemis Legi 11 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 1 : 21-28

1 Samuel 2 : 1-10

1 Timotius 6 : 11-21

Wangsulane Elkana bojone, marang Hana: “Lakonana apa kang kokanggep becik, asoa ing omah bae nganti anakmu koksapih; Sang Yehuwah muga netepana ing prasetyane.” Dadine wong wadon iku kari ana ing omah lan nusoni anake, nganti tumeka wayahe disapih.” 1 Samuel 1 : 23

 

Crita bab “proyeke” rama Abraham nggolekne bojo Iskak putrane lumantar para abdine wus tumeka pungkasan ing dina wingi, lan wiwit dina iki critane ganti bab ibu Hana, bojone pak Elkana. Lha iki crita baba pa? Iki crita bab kepriye anggone pak Elkana lan ibu Hana mranata urip sakwise ngadepi sawernaning masalah lan uga nalika wus entuk dalan. Crita bab pak Elkana lan ibu Hana kuwi tinulis ing kitab 1 Samuel lan sakteruse. Ing dina iki critane babagan dhawuhe pak Elkana marang ibu Hana, supaya NGASO , minangka cara nglakoni apa kang dipercayani.

 

Brayate pak Elkana kuwi sajake binangun “demokratis”, lha lire kepiye? Kuwi lho neng 1 Samuel 1 dicritake kepiye anggone rembugan, lan pungkaane pak Elkana menehi “toleransi” marang pilihane ibu Hana. Mula njur tinulis, “Lakonana apa kang kokanggep becik, asoa (NGASO) ing omah…”. Lan ibu Hana njur nglakoni apa kang dadi kekarepane lan antuk ijin saka bojone. Lho, ngapa kok ndadak NGASO mbarang? Lha jenenge wae menungsa urip kang kudu nglakoni samubarang kaanan ing uripe. Dene kahanan urip kuwi maneka werna, lan isa marakne kesel ing awak lan piker. Mula saka kuwi, menungsa butuh NGASO,leren saka sakehe kahanan kang lumaku. Kuwat utawa rosane kaya ngapa, menungsa kuwi ana batese, mula kabeh butuh NGASO.

 

Ora mung ing jamane ibu Hana menungsa kuwi butuh kahanan santai utawa NGASO, ing jaman saiki semono uga, menungsa butuh leren, butuh NGASO, mbuh apa kang njalari. Sing cetha, NGASO kuwi proses kanggo MULIH’ake kahanan cikben bali kaya kang apik ing wektu  kang kawuri. Mula saka kuwi para sedulur, para pamaos BENINGE EMBUN ESUK, yen ngrasa sayah utawa kesel, ndang NGASO, aja meksa kahanan, sumarah yen pancen sejatine menungsa kuwi winates. Kaya ibu Hana kang ngrumangsani kahanane urip kang pancen sayah, pancen kesel mulane njur NGASO, payo saiki pada njupuk wektu kanggo melu NGASO cikben pulih sakabehe.

 

“Lik, saiki kok NGASO wis ratahu mampir warunge Yu Wasti?” Takone Iin, sing wis pirang-pirang sasi rangetok.

“Warung okeh In, rasah ndadak tekan sing adoh…” Semaure Lik Ndoleng sinambi ngukuri sirahe sing rikmane kari telung ler.

“Weh, saiki Yu Wasti joss Lik, mempluh kae,,putih, rambute direbunding..pokoke mangling…” Unine Iin meneh.

“Haiyah, rasah nggondha aku In, aku wis NGASO..takselehke bab kuwi..” Semaure Lik Ndoleng meneh.

“E…e..yawis Lik, mung wae, wingi nakoni aku Lik..”IIn sajak njarak Lik Ndoleng.

“Aku yam au esuk ketemu, nakoni aku lho In, aja-aja takone padha..”Dalijo melu nimbrung lan lungguh neng Lincak Sor Talok.

“Lha apa nakokne bab Pak..” Sengaja Iin menggak omongane lan kuwi ndadekne Lik Ndoleng penasaran.

“Lha jan-jane Wasti takon apa ta cah? Apa nakokne aku?” Sajak GR, Lik Ndoleng diwanek-wanekne takon lan ngrumangsani.
“Iyo ik Lik…” Bebarengan Dalijo lan Iin menehe wangsulan.” Tapi jare wis NGASO lik, mula ya rasah tak bacutke crita bab Yu Wasti..sanadyan sajake kangen mbek sampeyan Lik..” Dalijo kaya biasane, njarag pane cilik.

“Dusss…cah loro iki kumar, njaragi wong tewek..” Batine Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH