Selasa, 02 November 2021

MBEGJAKNE

 

Selasa Pahing 2 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK






Rut 3 : 1-7

Jabur 18 :20-30

Para Rasul 7 : 17-29

Rut banjur dikandhani dening Naomi maratuwane: “He anakku engger, apa ora prayoga aku nggolekake pangayoman kowe, murih kabegjanmu? Rut 3 : 1

 

Tembung MBEGJAKNE asale saka lingga begja, sing tegese kahanan kang sarwa nyenengake. Yen nujur dadi MBEGJAKNE kuwi tegese sakabehing pambudidaya kang ancas utawa tujuanne cikben “liyan” dadi nemu lan ngrasakake begja. Pancen angel ngayahi ayahan urip MBEGJAKNE, amarga kodrate menungsa kang wus sinarungan dosa kui seneng nggolek begjane dewe lan malah kepara wani ngorbanake liyan cikben isa begja.

 

Crita Kitab Suci kang dadi tuntunaning urip okeh kang nyritakake babagan titah kang mbudidaya MBEGJAKNE liyan. Kaya neng Kitab Rut bab 3, ing kana ibu Naomi mbudidaya nggolekake pangayom kanggo (tilas) anak mantune supaya uripe ngrasane begja.  Sanadyan Rut kuwi wis dadi liyan sakwise anake seda, ananging Rut tetep nderek ibu Naomi mbalik menyang negarane lan ninggal tanah wutah getihe, yakuwi Moab. Mirsani kahanan kang kaya mengkono kuwi, ibu Naomi njur kagungan krenteg kanggo nggawe uripe Rut begja. Salah siji cara MBEGJAKNE Rut yakuwi nggolekake bojo lan amarga kuwi, njur ibu Naomi ndhawuhi Rut “nyedaki” Boas, ponakake sing sugihe rakepetung. Liding crita, njur Rut gathuk karo Boas lan bebojoan,nduwe anak kang bakalane dadi leluhure Sang Prabu Dawud.

 RASAH DIKLIK LUR

Ora ana pambudidaya apik kang muspra, kuwi kang dicritakne dening Kitab Suci lan kang dialami dening ibu Naomi. Ayahan MBEGJAKNE liyan kuwi pancen ora mayar ing jaman saiki kang kabeh wis pinetung “tuna lan bathi”. Yen dirasa nekakne bathi, mesti dilakoni, ananging menawa kang bakalane klakon nggawa kapitunan, ya ditinggal ora dilakoni. Gawean MBEGJAKNE liyan kuwi  ayahan kang luhur, ananging kerep disingkur dening menungsa lan mbokmenawa sing maca tulisan iki ya seneng nyingkur MBEGJAKNE liyan. Mulane, paya nuladha tumindake ibu Naomi, tansah ngupadi supaya liyan tansah ngrasakne begja.

 

“Jo, piye kabare, wis pirang-pirang windu ranjedul?” Takone Lik Ndoleng, nalika cangkrugan neng Lincak Sor Talok.

“Apik Lik, lha kahanan sampeyan?” Wangsulane Dalijo, njur malah mbalik takon marang Lik Ndoleng.

“Aku ya gut-gut onli Jo..apik…sanadyan ana kopid ya tetep binerkahan..”Sajak wicaksana Lik Ndoleng olehe menehi wangsulan.

“Oiya Lik, kahanane Kang Rakhimin piye, jare nembe nemu kahanan kang ora mbungahake?” Dalijo naloni Lik Ndoleng.

“Iyo Jo,lan awake dewe kudu tumindak nulungi, ora usah takon apa kang marakake kahanane Rakhimin kaya mengkono. Sing penting ayo tetulung..” Unine Lik Ndoleng.

“Siap Lik, mathuk aku yen mung ngono wae. Ananging, apa merga kopid sakniki kok sampeyan wicaksana kaya mengkene Lik?” Semaure Dalijo sinambi nakoni pakne cilik.

“Sstt..menenga wae, urip kuwi kudu ana urupe, mula aku ya kudu menehi urup marang liyan.” Semaure Lik Ndoleng, dene Dalijo mung mlenggong kaya Walang Kayu kelangan HP.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH