Sabtu, 20 November 2021

BESIK

 

Setu Pon 20 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 23 : 1-14

Jabur 132 : 1-12

Yokanan 3 : 31-36

Tugu-tugu brahala padha diwetokake saka ing padalemaning Sang Yehuwah, saka ing kutha Yerusalem, digawa menyang ing kali Kidron padha diobong ana ing kono lan diejur-ejur nganti lembut dadi awu sarta banjur kabuwang ana ing pakuburaning rakyat lumrah.” 2 Para Raja 23 :6

 

BESIK kuwi asale saka tembung resik, lan tegese BESIK kuwi tumindakkanthi sengaja kang ancase kanggo ndadekake kahanan resik. Tembung BESIK kuwi racake dilakoni bebarengan, sanadyan dewe-dewe ya ora liput, merga sing paling popular yen krungu tembung BESIK ya babagan BESIK DESA, kang tegese nyambut gawe kanthi sengaja lan bebarengan kanggo ndadekne desane resik. Dene resik kuwi ora mung saka kahanan sing ketok, merga kahanan sing ora ketok kuwi justru gawate ngeram.

 

Crita Kitab Suci ing dina iki, saka 2 Para Raja 23, mirunggan ayat 6, menehi piwulang kang apik babagan BESIK. Ing wektu kuwi Sang Prabu Yosia nembe nganakake BESIK kanggo mbangun lan mangun Pedaleman Suci. Merga ora seneng marang kabeh kang asipat reget, mulane kabeh kang reget kudu diilangake, kudu diresiki lan ayahan kanggo ngresiki Pedalemaning Sang Yehuwah kuwi kang kinaranan BESIK. Apa wae kang dadi reregetaning Pedaleman Suci diguwang, disingkirake saka papan kono. Kang isa sinawang lan ora sinawang, kabeh sing ora jumbuh karo patrape Pedalemaning Sang Yehuwah kudu disingkirake, kudu diilangi sanadyan abot lan uga rekasa.

 

Urip iki, mbuh kuwi urip dewe utawa bebarengan, isa kinaranan minangka Pedalemaning Gusti Kang Akarya Jagad.Lan ing sakjroning urip iki, uga ing sakjroning awak lan pikiran iki, uga ora kabeh kahanan kang jumbuh karo kersane Gusti Allah. Mulane, nalika arep sowan Gusti sing sakbenere, ya payo nuladha ratu Yosia, nganakne BESIK. Ngresiki samubarang kang ala ing sakjroning urip, ngresiki sabarang kang katon lan ora katon. Nepsu srakah, sombong, kumlungkung, mutungan, nesunan,dendam, sengit,munapik lan kuabuuueh sing ala, payo diresiki, ayo BESIK kanggo urip iki, ben tinemu suci dening Gusti Kang Minangka Sangkan Paraning Dumadi.

 

“Jo, jare Solebo, si Cangkolo kae ngalem aku bab saiki sengkut anggonku olah tenanen. Manut penemumu apa ya tenan ya?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, babagan info saka kang Solebo.

“Ya isa bener, isa luput Lik. Sanadyan okeh sing ngerti, yen Cangkolo kuwi angel bethekane. Neng ngarep ngomong sajak aluse ngeram, jebul nyedhep saka mburi…” Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Ya kuwi sing tak gagas Jo, aja-aja pangalembanane Cangkolo kuwi mung lamis…” Lik Ndoleng nanggepi, sinambi mbukan pituneme sing sajak ijik anyar.

“Ananging ora usah nggagas bab lamis apa orane Cangkolo Lik, sing penting awake dewe mikire positif. Yen ana sing negative, ayo manut welinge mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kuwi, kudu wani BESIK.Ngresiki sakabehe kang ala,kang ora pantes, kang luput saka ing uripe awae dewe” Dalijo sesorah, merga wis maca BENINGE EMBUN ESUK.

“Iya Jo, kuwi paya pakaryane ratu Yosia, nalika meh mbangun Pedalemane Sang Yehuwah, nganakne BESIK kanggo ngresiki kabeh kang ala..” Semaure Lik Ndoleng, lan kedudul njedule Kang Solebo, sinambi nyaut ngomong.

“Tresnamu karo Wasti arep mbok resiki ora Leng?”

“Dengkulmu mlocot Bo, kene serius malah mbalik kuwi meneh,..hmmmm…” Unine Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH