Jumat, 05 November 2021

MENGAREP

 

Jemuah Kliwon 5 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Rut 4 : 11-17

Jabur 127

Ibrani 9 : 15-24

Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.”

Rut 4 : 11

 

MENGAREP kuwi asale saka tembung lingga “ngarep”, sing tegese papan utawa kahanan sing ndisik utawa ora ana mburi. Saka tembung ngarep kuwi isa dadi pirang-pirang tembung lan nduweni arti utawa makna kang beda. Ngarep-arep, kuwi ya saka tembung ngarep, dene artine ngarep-arep yakuwi nunggoni kahanan, jenenge wae nunggu tegese ya durung klakon, mulane mesti mapane ana ing ngarep. Yen kahanan wis klakon ora mokal ana sing nunggoni. Uga saka tembung ngarep kuwi isa dadi tembung MENGAREP, sing tegese mapanake panyawang marang wektu sing bakalan klakon, ora mung nyawang memburi kang anane mung ngeling-eling kahanan kang wus klakon. Yen nyawang MENGAREP kuwi isa nuwuhake pengarep-arep, sakliyane rasa kuwatir, dene yen nyawang memburi anane mung getun karo getun.

 

Anane Boas gelem ngepek bojo Rut sing dudu suku bangsane lan uda wis randha kuwi amarga nyawang MENGAREP. Boas nduweni keyakinan maran Rut, amarga tumindak sing dilakoni. Boas ora nyawang sejarahe Rut sing saka bangsa liya, bangsa Moab kang ana ing penemune bangsa ngisrael ora klebu bangsa kang entuk Sih Rahmate Gusti. Boas uga ora nyawang sejarahe Rut kang nate dadi bojone sedulure (Mahklon), ananging nyawang MENGAREP kanthi yakin menawa kabeh wis ditata dening Gusti. Sakdurune njupuk Rut dadi bojone, Boas njaluk seksi para pinitua bangsane, supaya apa kang dilakoni kuwi ora nerak pepakone bangsane lan kabeh isa lumaku kanthi apik. Ing tembe mburine, saka crita kitab Rut, isa dimangerteni yen tumindak MENGAREP kang dilakoni dening Boas lan uga Rut, ndadekake berkah saka Gusti nggrojog mili marang brayat kuwi lan uga marang bangsa ngisrael.

 

Ing jaman saiki ora angel wong sing gelem nuladha Boas, nyawang MENGAREP. Sing okeh racake wong kuwi ngungkit-ungkit mangsa kang kawuri, lan  seneng nyritakake alane liyan. Ora gampang nemokake wong sing wani ngliwati dalaning iman Boas, wani mung nyawang MENGAREP. Mula saka kuwi, payo saiki padha sinau lan nuladha Boas sing wani nyawang MENGAREP, wani ninggal pengalaman kang wus klakon, mbuh kuwi kaya ngapa kahanane. Mung lumantar wani nyawang MENGAREP, menungsa bisa nduweni pengerep-arep, lan mung menungsa sing nduweni pengarep-arep kang kinaranan urip, amarga yen menungsa tanpa pegarep-arep, kuwi sejatine wis ora urip.

 

“Jo, mesakne temenan karo Panessa Angel, kecelakaan lan dadi patine” Unine Lik Ndoleng sinambi nyruput kopine.

“Aku ya nggagas ngono Lik, bojone kuwi woong sing kaya Boas nggon critane kitab suci, wani nyawang MENGAREP” Semaure Dalijo.

“Yuh, mesakne anake Jo, jik cilik kudu lola…” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Lha kok ora trenyuh karo bojone Vanessa Angel ta Lik, kan ya melu tiwas merga kacilakan kuwi?” Takone Dalijo.

“Oiya ding Jo, kuwi wong lanang sing joss, sing wani ngappura sejarah, wani nampa kahanane bojone. Muga-muga anake mengkone dadi wong sing sembada..” Lik Ndoleng muni sajak nggrememeng.

 

@lebuningjagad

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH