Selasa
Legi 23 Nopember 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 17 : 55-18:5
Jabur
63
Wahyu
11 :15-19
Pangeran Yonatan nganakake prajanjian
karo Dawud awit dene panjenengane anggone nresnani Dawud prasasat marang
sarirane piyambak. Pangeran Yonatan ngrucat pangagemane lan kaparingake marang
Dawud dalah pangagemane perang tumeka pedhang, panahe lan sabuke. 1 Samuel 18 :
3-4
Tembung
PRAJANJIAN kuwi linggane janji, dene tegese PRAJANJIAN kuwi rembugan ing
antarane wong luwih saka siji kang ancase kanggo kabecikan. Mula saka kuwi yen
ana PRAJANJIAN kang salah sijine nampa kapitunan, kuwi ora bisa kinaranan
PRAJANJIAN. Peangan liyane kang kudu dimangerteni babagan PRAJANJIAN yakuwi
lumakune kanthi sadar, ora ana peksan lan dilakoni kanthi bungah. Dene menawa
ing sakjroning ngalkoni PRAJANJIAN ana salah siji sing nylewang, kudu dirembug
bebarengan, ora salah siji sing rumangsa bener nggawe kawicaksanan sing
babarblas ora wicaksana.
Ana
piwulang apik bab PRAJANJIAN saka ing Kitab Suci, yakuwi crita kekancane Dawud
karo Yonatan , anake Raja Saul. Anane PRAJANJIAN kuwi lumaku, nalika sepisan
padha kepethuke, lan ing kono tuwuh “tresna” kang alamiah, mulane Yonatan njur
ngajak Dawud nganakake PRAJANJIAN lan DAwud ya sarujuk. Ing antarane Dawud lan
Yonatan padha sarujuk marang PRAJANJIAN kuwi, mulane tekan ing saklawase
kekancane wong loro kuwi jos tenan, isa dadi patuladan marang sapa wae kang
urip ing saben jaman bab kepiye anggone ngrumati PRAJANJIAN. Njur apa ing
sakjroning urip lan nguripi PRAJANJIAN
kuwi ya nate ana ngglewange? Ya mesthi wae ana, wong sanadyan tokoh kitab suci,
Dawud karo Yonatan kuwi ya menungsa lumrah, mula babagan klora-kleru kuwi ya
bab sing lumrah.
Sakjroning
nglakoni PRAJANJIAN kuwi nate Yonatan tinuntun marang kahanan kang abot, yakuwi
nalika ana cengkahing kahanan, ing antarane bapakne (Raja Saul) lan Dawud.
Nalika ngadepi kahanan kaya mengkono, Yonatan ora njur tumindak “mbabiwuta”,
mbelani salah sijine, luwih-luwih mbelani bapakne. Ora, Yonatan tetep migunakne
kawicaksanane kango ngrumati PRAJANJIAN ing antarane dewekne lan Dawud. Lho,
njur isa kinaranan Yinatan mbalela marang bapakne? Kari arep disawang saka
sisih ngendi, yen disawang saka sisih sesambungan anak lan bapak, isa kinaranan
mengkono, ananging nalika sinawang saka sisih PRAJANJIAN lan kuwi bab kang
bener, Yonatan wis milih pilihan sing pas..
Ing
jaman saiki ya akeh banget sing nganakake PRAJANJIAN, ananging kayane adoh yen
dibandingake karo kahanan PRAJANJIAN ing antarane Yonatan lan Dawud. Saiki
PRAJANJIAN kuwi isane urip lan diuripi nalika kahanane kepenak kanggo awake dewe.
Nalika maca kahanan kayane ora nyenengake, PRAJANJIAN kuwi diuncalake menyang
kali, ben resik, njur mengko yen resik mbokmenawa arep dijupuk meneh. Ing jaman
saiki, angel isa nguripi PRAJANJIAN kanthi sakmestine, okeh sing mung nguyak
bab kauntungan lan kepenake diri pribadine.
“Jo,
sidane piye etungane sapi sing digaduh karo Kacik kae?” Takone Kang Solebo
marang Dalijo.
“Weh,
aku ora patio dong Kang, Paklik sing luwih paham” Semaure Dalijo sinambi numet
MLDne.
“Akhire
ya didol, sanadyan rugi. Lhawong tukon molas yuta, mung payu sewelas. Kacik
rumangsa ora nduweni hak nampa panduman, merga PRAJANJIAN mbiyen mung entuk
bathine” Unine Lik Ndoleng.
“Weh,
jos kuwi Kacik”Unine Kang Solebo.
“Tapi
jarene Modin, tetep wae dibegehi payone, sanadyan sethitik” Unine Dalijo.
“Kuwi
jenenge wani nguripi PRAJANJIAN, lan siji lan sijine wani ngalah…njur lumakue
apik” Kang solebo muni ngono, sinambi nyumet jisamsune.
@semesta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar