Senin, 08 November 2021

TINUNTUN

 

Senen Pon 8 Desember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 24 : 1-10

Jabur 113

1 Timotius 5 : 1-8

Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,…” PD 24 : 7

 

Crita bab rabine Iskak kang tinulis neng kitab Purwaning Dumadi bab 24 isa kanggo kaca benggalaning urip bab kepiye anggone wong percaya marang Gusti Allah nglakoni panguripane. Rama Abraham kang wus rumangsa sepuh, kelingan marang butuhe anake lanang (Iskak), yakuwi bab bojo kang bakalane ngancani uripe tumeka poncoting urip, njur ndhawuhi para abdi supaya mbudidaya nggolekake bojo. Anggone  ndhawuhi ora mung sembarangan, ananging tinalesan kapercayan lan uga tetimbangan-tetimbangan, salah sijine ora oleh wong wadon saka wilayah sing nembe dienggoni.

 

Lumrah yen para abdi kang diutus tuwuh was sumelang sakumpama mengkone ora kepethuk wong wadon kang mlebu “kriteriane” rama Abraham. Pirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi, rama Abraham banjur menehi pangandikan bab prasetyane Gusti Allah marang deweke, yen sakmengko tedakturune bakalan okehe ora njamak. Sauger para abdi nglakoni manut petungan lan dhawuhe rama Abraham, mesti bakalan “sukses” ing pagaweane, amarga (manut ngendikane rama Abraham), bakalan ana malaekate Gusti kang kautus dening Gusti nuntun lakune para abdi. Rama Abraham menehi pengandel marang para abdine, yen bakalan TINUNTUN dening Gusti lumantar malaekate. Ngerti kang kaya mangkono kuwi mau, para abdi njur nglakoni apa kang dadi kersane rama Abraham kanthi percaya yen bakalan rampung anggone netepi dhawuhe bendarane. Ing pungkasane pancen para abdine rama Abraham “sukses” mboyong Ribka menyang ngarsane rama Abraham lan dadi garwane Iskak.

 

Lelakone urip menungsa kuwi meh padha kaya kang dialami dening rama Abraham, yakuwi tansah nemahi kabutuhan-kabutuhan kang kudu dijangkepi. Rama Abraham butuh mantu, njur adedasar kaprcayan ngupayakne mau cikben klakon, semono uga  wong ing sauruting jaman, klebu sing maca tulisan iki, ya kudu nggoleki apa kang dadi butuhe. Sinau saka rama Abraham anggone nggolek butuh kang tinalesan percaya, mula saiki ya payo ngayahi apa wae tinalesan percaya lan pasrah dalah nyenyuwun marang Gusti supaya “ngutus malaekate” kanggo nuntun lakuning urip kanggo nyukupi butuhing urip. Payo sinau saka rama Abraham lan para abdi, kang sumarah marang Gusti Allah lan uga sangkul sinangkul ing bot repoting urip.

 

“Jo, kok para abdine rama Abraham kuwi mnaute ngeram ya, dikonkon ngapa-ngapa gelem wae ik?” Takone Lik Ndoleng.

“Kuwi merga uripe wis percaya bakalan TINUNTUN dening Gusti Allah Lik..”Semaure Dalijo.

“Kira-kira pas ngayahi ayahan kuwi entuk bonus tambahan ora ya Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Para abdi kuwi wis masrahake uripe marang Gusti Allah, lumantar rama Abraham, mula ngayahi ayahan peparinge bendarane kuwi berkah sing raukur gedene Lik..” Semaure Dalijo meneh..

“Oiya ding, jale jaman saiki…mesti para abdi kokean alesan…” Lik Ndoleng sajak protes.

“Huss..rasah tekan wong jaman saiki…wis pokus wae marang dhawuhe Gusti..” Unine Dalijo.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH