Senin, 29 November 2021

NGETUNG

 

Senen Wage 29 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 17 : 1-11

Jabur 90

2 Petrus 3 : 1-18

Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.” Jabur 90 : 12

Kabeh sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK mesti wasis yen babagan NGETUNG, apa meneh yen kuwi NGETUNG bab dhuwit lan kuwi dhuwite dewe. Kui sing mesam-mesem, mesti nembe bubar NGETUNG kira-kira entuk lemburang pirang milyar ing pungkasane wulan nopember iki. Uga, sakliyane NGETUNG dhuwit, menungsa kuwi ya hobby yen NGETUNG bab salah, apameneh kuwi salahe liyan, yen salahe dewe ditutup brukut, sakbrukut-brukute. Lha njura apa ta paedahe isa ngetung kuwi? Mirunggan menawa kuwi digathukake karo lakuning kapercayan marang Gusti?

Neng Kitab Jabur, ana tulisan kawicaksanan babagan paedahe NGETUNG, yakuwi nalika isa lan gelem NGETUNG sepira okehe dina kang wus kliwatan, lan kuwi dipercaya minangka berkahe Gusti. Juru jabur nulis, “Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.”. Anane nyenyuwun marang Gusti cikben isa NGETUNG dina kuwi jebul supaya nduweni ati kang kebak ing kawicaksanan. Lha njur apa kuwi kawicaksanan lan apa pigunane kanggo urip iki? Kawicaksanan kuwi isa diarani kahanane menungsa kang nggunakake pikiran lan rasa kanggo milah lan milih samubarang supaya tinemu apik. Ora mung apik kanggone dewe, ananging apik tumrap liyan lan mirunggan apik kanggo Gusti Allah.

Manut juru Jabur, nalika menungsa isa NGETUNG okehe dina lang wus liniwatan, kuwi isa ngener marang pangerten menawa isane tumeka ing titi wanci saiki (nalika maca BENINGE EMBUN ESUK), kuwi mung merga Sih Rahmate Gusti. Dadi, nalika isa NGETUNG dina peparinge Gusti, kuwi kudu isa eling lan mawas diri, menawa kabeh lumaku mung merga berkah lan kawlasane Gusti Allah wae. Yen menungsa “ora isa NGETUNG” dina, isa ndadekne gumunggung lan kumlungkun, rumangsa kabeh lumaku merga wasis lan pintere. Lha apa ing jaman saiki ya ana menungsa sing “raisa NGETUNG dina?”. Wealah, lha kayane ya nggladeg, okehe ngeram.

Mula saka kuwi, payo saiki pada ngupaya utawa mbudidaya cikben isa NGETUNG dina lan sakwise kuwi isa ngrasakne sepira gedene Sih Rahmate Gusti marang awake dewe. Sokur-sokur, ora mung NGETUNG dina, ananging uga isa eling marang sakabehing berkahe Gusti, sanadyan kang saklawase iki ora nate digagas, kayata nelakake maturnuwun marang irung sing isa kepenak dingo ambegan, isa matur nuwun marang jantung sing ora nate leren makarya, sanadyan awak liyane ngaso lan leren saka gaweane. Njajal wae NGETUNG kaping pira jantunge dewe makarya saben menite, njur dietung sedina kaping pira, mengko laky o osa ngrasa, sepira gedene Sih Rahmate Gusti marang urip iki.

“Ngapa Lik, kok sajak seriuse temenan. Apa WAnan karo Yu Wasti?” Takone Iin, nalika mulih seka warung lan ngerti pakne cilik nembe asyike dolanan androite.

“Iki lho, nyoca NGETUNG, kira-kira hasile lele sing seminggu kepungkur takdelehne blumbang entuk pirang ton..”Semuare Lik Ndoleng, lan bebarengan karo kui, njedul Dalijo lan Kang Solebo.

“NGETUNG paling kepenak lan nyenengake apa jale Leng?” Takone Kang Solebo.

“Ngetung duwit Bo, apa ana liyane sing luwih nyenengake?” Takone Lik Ndoleng.

“Enek Lik, NGETUNG salahe liyan” Iin jik melu semaur.

“Wah, yen bab kuwi, okeh wong sing berbakat In..aku yakin temenan..kuwi sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK sinambi mesem-mesem mesti nate nglakoni, NGETUNG lupute liyan..”Dalijo melu urun rembug, sinambi nyumet MLDne.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH