Kamis, 25 November 2021

ELING

 

Kemis Pon 25 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Nehemia 9 : 6-15

Jabur 63

1 Tesalonika 5 :1-11

Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang beendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita, kang wus seda kanggo kita, supaya kita dadia melek, dadia turu, padha ndherek urip kalawan Panjenengane. Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku. “ 1 Tesalonika 5 : 9-11

 

ELING kuwi kosokbaline lali, dene tegese kurang luwih mengkene, yakuwi kahanane titah kang ngerti asale, dununge lan ancasing uripe. Wong sing ELING mesti tumindake dingati-ati, beda karo wong lali, merga wong lali kuwi babarblas ora ngerti asal-usule, nembe ana ing ngendi lan arep menyang ngendi tujuaning uripe. Mula mbiyen para winasis lan sesepuh nate medhar piwulang, Sing Pada ELING lan Waspada, sakbegja-begjane wong lali ijik begja wong kang ELING. Pancen bab ELING kuwi kayane dadi punjering uripe titah kang sinebut menungsa, klebu sing maca iki sinambi mesam-mesem..hehe..

 

Ana piwulange Gusti lumantar Rasul Paulus kang mbiyen tinujokake marang pasamua ing Tesalonika babagan ELING. Ing kana dicethakne,”kowe padha ELING-ingelingna lan bangun binaguna…” Rasul Paulus mulang bab kayangapa sektine bab kahanan ELING kuwi, awit lumantar ELING, menungsa isa mbangun, isa mranata, isa mangerteni kahanan. Lho, lha apa wae kang kudu diELINGi?  Akeh, ELING bab Sangkan Paraning Dumadi,ELING bab katresnane Gusti tumeka seda sinalib, ELING bab ayahan peparinge Gusti kanggo mbangun tentrem lan rahayu, ELING bab  sedulur kang mbutuhake pitulungan, ELING bab apa wae, sing baku ELING marang samubarang kang becik.

 

Ing jaman saiki ora sithik sing wis ora nggagas bab ELING kuwi, merga paningal batine wis dienggokne dening pepinginan lan kuwi okeh kang mung ngener marang banda-donya. Lho apa kleru nggayuh banda ing ndonya iki? Ora, mung aja nganti banda kuwi dadi ancas, dadi tujuan, ananging sakabehing banda donya kuwi dadekne srana utawa piranti cikben tentrem rahayuning Gusti kang minangka pratandha kratoning Swarga kuwi isa mili menyang ngendi-endi papan. Kudu pada ELING yen kabeh kang sinawang iki sejatine ora langgeng, sing langgeng ya mung katresnan kang asipat roh. Mula saka kuwi, payo ELING, payo Waspada, aja sulap marang panggodhaning donya, kuwi mung arep ngenggokne dalan marang karusakan. Payo ELING lan bangun-binangun…

 

“Bo, piwulange mbahe ing BENINGE EMBUN ESUK dina iki ndadekne aku ELING, yen jebul sabarang kang ginelar iki ora langgeng..Sapiku, tegalku, sawahku, pitikku lan kabeh kuwi jebul mung srana…”Unine Lik Ndoleng nalika jagongan karo Kang Solebo lan Dalijo neng Lincak Sor Talok.

“Apik yen ngono Leng, wis mlaku neng dalan kang bener, wis ELING. Kabeh kuwi mung srana…” Semuare Kang Solebo.

“Yen umpamane aku njaluk sapimu siji wae ole hora Lik, iki njaluk lho,ora ngutang..”Dalijo melu urun rembug  kang ujude pitakonan.

“Weh, kok kepenak temen Jo, aku sing mbutgawe pol-olan, kok awakmu penak temen, arep njaluk..!!?” Sajak kaget Lik Ndoleng karo penjaluke Dalijo.

“Haiyah, jebule ELING kang mbok omongne mung pangerten thok Leng, durung dadi lakuning urip. Uripmu jik kraket karo bandhamu,durung ELING marang Sangkan Paraning Dumadi..” Unine Kang Solebo.

“Yen kula nyuwun lembune sampeyan pareng mas?” Ujug-ujug, teka wong anyaran neng Sor Talok, takon marang Kang Solebo, njur langsung diwangsuli.

“Sumangga, sampeyan pilih, sampeyan ginakaken kangge betahipun panjenengan..” Wangsulane Kang Solebo, kabeh padha ndlongop merga gumun, klebu sing maca tulisan iki, merga rawani nglakoni kaya kang dilakoni dening Kang Solebo.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH