Rabu, 24 November 2021

JEMBAR

 

Rebo Pahing 24 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



2 Samuel 2 ; 1-7

Jabur 63

Yokanan 16 : 25-33

Wong Yehuda nuli padha nekani, sarta padha njebadi panjenengane dadi ratune para turune Yehuda. Nalika Sang Prabu Dawud diaturi pirsa, yen para wong Yabesy-Gilead padha nyarekake Sang Prabu Saul, Sang Prabu Dawud banjur utusan wong menyang Yabesy-Gilead, kanthi kaweling: “Muga sira padha binerkahana ing Sang Yehuwah, amarga sira wus ngatonake katresnanira marang Sang Prabu Saul, gustinira, yaiku anggonira padha nyarekake layone.” 2 Samuel2 : 4-5

 

JEMBAR kuwi kosokbaline ciut,dene tegese luwih akeh utawa amba papane. Bab JEMBAR lan ciut kuwi uga ora isa dietung apik sing endi, merga iki dudu etungan matematika, gumantung kahanan. Yen bab lemah utawa pekarangan mesti luwih seneng nduweni sing JEMBAR tinimbang sing ciut, ananging menawa ayahan utawa gawean ngresiki sukete, mesti luwih seneng nggarap sing ciut tinimbang sing JEMBAR. Oiya,  tembung JEMBAR kuwi isa digunakne kanggo ukara beda-beda, isa sing asipat konottatif lan uga denotative. Muga wae JEMBAR atine utawa penggalihe, kuwi klebu tembung JEMBAR kang asipat konotatip.

 

Neng Kitab Suci ana crita bab priyayi kanga tine JEMBAR, merga isa nampa lan momot samubarang, mbuh kuwi sing nyenengake apa sing isa ndadekne susah. Priyayi kuwi kinaranan Dawud. Kacarita ing nalika kuwi lagi usum perang, dene sing dadi ratu Saul. Merga nalika perang ratu Saul meh kalah terus lan Dawud menang terus, rakyat ngisrael mbalik seneng marang Dawud. Bab kuwi kang ndadekne ratu Saul kebrongot atine lan ndadekne Dawud dudu kanca meneh, malih dadi mungsuh. Merga pinapanake minangka mungsuh, mulane ratu Saul mung ngangkah cilakane Dawud terus, dene Dawud babarblas ora nanggepi amarga ngerti yen kaya ngapa kahanane ratu Saul, kuwi jinebadan dening Sang Yehuwah.

 

Nalika ing sakjroning peprangan ratu Saul kasora lan dadi tiwase, kabar kuwi tumeka ing Dawud. Ngerti pawongan kang mungsuhi cilaka malah tekan ing tiwase, ora ndadekne Dawud bungah, ananging malah sedih, lan nyenyuwun supaya rinumat kanthi murwat. Mula nalika krungu yen jisimme ratu Saul wis rinumat kanthi murwat, Dawud mberkahi marang kang nindakne gawean kuwi. Isane Dawud nglakoni kang kaya mengkono kuwi amarga dawud JEMBAR penggalihe, amarga Dawud JEMBAR atine, JEMBAR rasane, JEMBAR sakkaebeh. Dawud nyawang kabeh ana ing rerancangane Gusti Allah Sang Yehuwah lan ngajeni “jebadan” saka Gusti, sanadyan ing wektu kuwi Saul pancen luput.

 

Patuladan saka Dawud bab ati kang JEMBAR kuwi apik, lan luwi apik menawa dilakoni, ora mung dimangerteni. dawud ora ngingu lara ati,ora ngingu dendam, ora ngingu tatu. Kabeh kuwi merga pangerten kang bener lan pener bab kersane Gusti. Dawud ngajeni ratu Saul merga jinebadan, merga pinilih dening Sang Yehuwah. Ing jaman saiki bab ati lan pikiran kang JEMBAR kuwi tetep dibutuhake,sanadyan godhane luwih gede, amarga saiki sing nduweni kuwasa dudu Allah Sang Rama, ananging sepira okehe yatra. Mula payo ngupaya nggawe JEMBAR marag ati lan rasa, cikban urip iki luwih tumata.

 

“Sida njembarke blumbangmu Bo?” Takone Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Sido, ben iwake isa muat luwih okeh” Semaure Kang Solebo.

“Entek ragad pira kira-kira nggawe JEMBAR blumbang semana kae Bo?” Unine LikNdoleng meneh.

“Weh, okeh kae Leng, meh molas yuta..” Semaure Kang Solebo.

“Kuwi Lik, nggawe JEMBAR blumbang kang isa sinawang wae butuh ragad okeh, apameneh nggawe JEMBAR kanggo ati, rasa lan pikiran, mesti luwih okeh ragad’e..” Dalijo melu urun rembug.

“Kabeh mung kari niyat kok Jo…”Semaure Lik Ndoleng lan Kang Solebo bebarengan.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH