Selasa, 09 November 2021

RAMINGKED

 

Selasa Wage 9 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 24 : 11-27

Jabur 113

1 Timotius 5 : 9-16

“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!” Purwaning Dumadi 24 : 27

 

Tembung RAMINGKET kuwi asale saka rong tembung, yakuwi oral an mingket. Ora kuwi isa nduweni arti tanpa,babarblas dene Mingket kuwi tegese pindah panggonan. Mula saka kuwi RAMINGKET tegese ora pindah utawa ajeg ana ing kahanane. Kaya tembung-tembung liyane kang nduweni arti ora mung tunggal, isa positif lan negative, semono uga tembung RAMINGKET uga isa nduweni arti kang ora mung tunggal, gumantung ukara lan kahanane.

 

Neng Kitab Suci, cethane neng Purwaning Dumadi bab 24 ayat 27 ana tembung kang cedak karo tembung RAMINGKET, yakuwi ora ngingkedi. Kuwi nyeritakne bab Sihe Gusti Allah kang dirasakne RAMINGKET dening para abdine rama Abraham kang nembe kautus nggolekne bojo Iskak. Apa kang kaucapake dening abdine rama Abraham kuwi metu saka kapercayan lan pengalaman. Kapercayan yen sakabehe lakune bakalan katuntun dening Gusti Allah, lan uga pengalaman merga Sihe Gusti Allah pancen RAMINGKET saka uripe para abdi kang ngayahi ayahan peparinge bendarane.

 

Pancen sakdurunge ngayahi ayahan peparinge rama Abraham, para abdi ngrasa wedi lan was sumelang kanggo nggolekne bojo Iskak, ananging sakwise entuk “nasehat” lan berkah saka rama Abraham, para abdi njur nglakoni ayahan kuwi. Njur aja nalika lumaku tumuju papan leluhure bendarane, apa ya ora tuwuh rasa wasumelang lan kuatir? Mestine lumrahe menungsa kang ginubet ing dosa tetep ana, ananging amarga daya kekuatan percaya yen Sih Rahmate Gusti RAMINGKET saka ing uripe lan atahane, mula sakabahe kuatir lan wasumelang isa tinelukake.

 

Urip iki sejitine ya kaya para abdine rama Abraham, yakuwi kudu ngayahi ayahan, lan ayahan kuwi sejatine “dudu urusane dewe”, malah ora ana gegayutane karo urip pribadi. Ananging merga percaya yen ayahan kuwi peparinge Gusti Allah, mulane para abdine rama Abraham tulus iklas anggone nglakoni. Semono uga ing jaman saiki, sejatine kabeh ayahan  kuwi asale saka Gusti Allah, dene lantarane ya pirang-pirang kahanan. Sejatine para abdine rama Abraham isa protes karo bendarane, “iki sanes jobdisk kula lhe ndara, mosok kula kapurih nggolekne bojo,,kan kula tukang ngarit lan angon?”, ananging kuwi ora dilakoni, merga para abdi percaya yen gaweanne bendarane kuwi kersane Gusti, mula njur dilakoni kanthi pangucap syukur. Yen ing jaman saiki “spiritualitas” abdine rama Abraham kuwi tuwuh lan ngrembaka, mesti urip iki bakalan kebak ing tentrem lan rahayu.

 

“Jo, yen kabeh lumakune kaya para abdine rama Abraham, penak ya? Sih Rahmate Gusti RAMINGKET saka ing uripe..” Lik Ndoleng muni ngono sinambi nyumet pituneme.

“Kabeh mesti klakon kaya mengkono Lik, sauger gelem nglakoni, ora nyelaki kersane Gusti..” Semaure Dalijo, ya melu nyumet, ananging dudu pitunem, yakuwi emelde.

“Weh, lha yen kuwi dudu masalahku, umpamane, piye carane ngerti yen kuwi kersane Gusti lan Sihe Gusti RAMINGKET saka ing uripku?” Takone Lik Ndoleng.

“Mayar Lik, lakoni wae, kuwi kang bakalan mbuktekake,aja wedi lan wasumelang karo wewayangan Lik..” Semaure Dalijo.

“Weh, poiya ya …ananging kok…hmmm..” Lik Ndoleng sajak nggedumel.

“Merga njenengan mangu-mangu, mula rasido entuk Yu Wasti…wurung..” Dalijo sajak ngenyek Lik Ndoleng.

“Duss…malah nyangkut kuwi meneh Jooo!!” Semaure Lik Ndoleng sinambi ngisep pitunem, sajak nikmate ngeram.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH