Minggu, 28 November 2021

NUWUHAKE

 

Minggu Pon 28 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 33 : 14-16

Jabur 25 : 1-10

1 Tesalonika 3 :9-13

Lukas 21: 25-36

Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda.Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara. Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.” Yeremia 33 : 14-16

 

NUWUHAKE kuwi tembung daden, linggane Tuwuh kang tegese rumangkak saka kahanan mati, njur dadi urip. Racak’e tembung tuwuh kuwi kanggo tandhuran, mula njur ana ukara, “Tandhurane wis wiwit Tuwuh..” kang artine tandhurane wiwit urip, wiwit thukul. Tembung NUWUHAKE kuwi ngemu teges mbudidaya cikben apa kang sakdurunge durung tuwuh isa dadi tuwuh. Sing dituwuhake sejatine ora mati,ananging merga kahanan dadi durung bisa urip utawa thukul. Yen NUWUHAKE kuwi babagan tandhuran, kudu jangkep apa kang dibutuhake. Kudu ana bibit, ana srana kanggo tuwuh, kayata lemah, angina lan uga banyu. Yen kabeh srana kanggu tuwuh wis ana, njur nyenyuwun marang kang akarya jagad,cikben NUWUHAKE.

 

Ini minggu pungkasan wulan nopember, lan ing minggu iki greja mlebu ing minggu Advent. Minggu Adven kuwi isa kinaranan minggu panenggan, nengga rawuhe Gusti Yesus kang sinebut natal. Miwiti minggu Adven iki, greja diajak kanggo NUWUHAKE samubarang. Yen ing kitab Yeremia Gusti nuhoni utawa njangkepi janjine marang bangsa ngisrael lan Yehuda bab Sang Mesih kang thukul saka trubusaning Dawud. Gusti Allah dewe kang bakal NUWUHAKE ratuning kaadilan ing njagad iki. Kahanane bangsa ngisrael lan Yehuda ing jamane Yeremia pancen nembe abot,rekasa lan marakne nggleyang kapercayane. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi Gusti Allah NUWUHAKE pengarep-arep kang nate dijanjekake. Mbiyen, lumantar para suci, pancen bangsa ngisrael lan Yehud dijanjeni arep tansah ditulungi ing sadengah kahanan, lan janji kuwi njur diugemi dening bangsa sakloron.

 

Mula nalika krungu kabar bab Gusti Allah kang ndang NUWUHAKE ratuning kaadilan, kang tegese isa ngentasake uripe saka kahanan kang rekasa, bangsa sakloron bungahe ngeram. Pokok’e kabeh kang njalari tuwuhe pengarep-arep kuwi ndadekne bungahing kahanan. Mula saka kuwi, payo ing minggu spisan Adven iki, padha ngugemi kapercayan yen Gusti Allah ya NUWUHAKE kabungahan marang kabeh wong, mirunggan sing percaya marang Panjenengane. Sakliyane ngrangkul kabungahan merga Gusti NUWUHAKE pengarep-arep, uga kudu dibarengi karo pambudidaya NUWUHAKE kabeh kang apik marang jagad iki. Aja mung seneng entuk berkah, ananging ngupadia NUWUHAKE pengarep-arep marang liyan, ben liyan ya ngrasakne kabungahan iki uga.

 

“Jo, apa tanduranmu wis tuwuh kabeh? Nggonku ana sing ora thukul blas. embuh merga udane rasopan apa merga winihe, mbuh ra paham aku…nanging arep taksulami..” Unine Lik Ndoleng nalika miwiti jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Sulami pora wis nduwe putu ta Leng?” Takone Kang Solebo, nanggepi unine Lik Ndoleng Sajak njarag.

“Haiyah, arep ngomong Suwasti wae ndadak Sulami Lik…”Iin, ngetokne kopi, sinambi melu njarag Lik Ndoleng.

“Jindulll…iki serius cah!! Jo, Dalijo..semaure nang..cah bagus kaya irus..” Swarane Lik Ndoleng njaluk Dalijo nywara.

“Bab tuwuh lan orane winih sing tinadur kuwi ora mung sakperkara persoalane Lik. Isa merga bibite elek, udane kokean utawa kurang, isa merga dithoholi manuk apa ayam alas, isa merga lemahe longsor. Yen winihe apik lan papane ya ora elek, mesti Tuwuh, merga sing tukang NUWUHAKE kuwi sing nduweni jagad iki..”Semaure Dalijo, sinambi nyawangi androite.

“Weh, tumben encer pikiranmu Jo..”Tanggepane Kang Solebo.

“Iya Kang, Paklik..yen wis percaya Gusti kang NUWUHAKE pangarep-arep apik, payo saiki andum kabecikan, NUWUHAKE pengarep-arep apik marang sapa wae..ben donyane iki tentrem lan rahayu..”Iin melu urun rembug, mbuh entuk ngelmu seka ngendi kok sajak wicaksanane ngeram.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH