Senin, 15 November 2021

NGUCULAKE

 

Senen Kliwon 15 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 3 :19-4:2

Jabur 3

Ibrani 10 :26-31

Jalaran kita sumurup marang Panjenengane kang ngandika: “Piwales iku wewenangingSun. Iya Ingsun kang bakal males.” Sarta maneh: “Pangeran bakal ngadili umate.” Nggegirisi banget, manawa tumiba ing astane Gusti Allah kang asipat gesang.” Ibrani 10 : 30-31

 

Tembung NGUCULAKE kuwi linggane Ucul, kang tegese wis ora cinegel maneh, mula menawa tembung ucul kuwi dadi NGUCULAKE tegese dadi kahanan kang sengaja ora nyekel maneh. Apa wae kang sakdurunge cinegel utawa dadi hak’e wis ora dicekel utawa dianggep duweke meneh. Sanadyan katone kepenak lan mayar, ananging sejatine bab NGUCULAKE kuwi ya rumpil dalane, apameneh yen kang kudu diculne  kuwi samubarang kang nyenengake lan marakne lega utawa marem. Ananging manut para winasis, mung sarana wani NGECULAKEwae uripe menungsa nemahi tentrem dalah rahayu.

 

Ana piwulange Kitab Suci neng kitab Ibrani bab NGUCULAKE. Ing kitab kuwi dicethakake bab bebendu kang baalane nempuh menungsa kang nerak wewalere Gusti Allah. Manut kitab Ibrani, aja bain-baik nerak pepakone Gusti Allah, merga mengkone baklanampa bebendu, amarga kang kagungan hak memales kuwi mung Gusti Allah dewe. Saka piwulang iki, ya isa dijupuk piwulang bab wewales, aja rumangsa nduwe hak kanggo males tumindaking liyan, ben wae kuwi Gusti sing memales. Menungsa tugase mung nresnani lan lumantar tresna kuwi kudu ndandani.

 

Ing jaman saiki ora sithik menungsa sing “ngluwihi” Gusti Allah, lan amarga pangerten kang kaya mangkene, njur rumangsa nduweni hak tumindak apa wae. Kahanan kuwi sing kudu dieling lan waspada, menungsa kuwi titah kang tugase mung ngayahe kerane Gusti lan ora nggenteni posisine Gusti Allah. Lha njur piye carane supaya ora tumiba marang kahanan “dadi kaya Gusti Allah?” Kudu wani NGUCULAKE, mung lumantar tumindak NGUCULAKE wae uripe menungsa merdika lan ngrasakne tentrem rahayu. NGUCULAKE apa-apa kang saksuwene iki dadi hak’e, NGUCULAKE apa-apa kang saksuwene iki kudune dadi srana uripe lega lan marem. Mung lumantar NGUCULAKE, menungsa isa urip mardika…

 

“Jo, wingi manuk Thilang sing mbiyen tak undhuh kae ucul seka kurungan, jian kelangan unen-unen aku..” Lik Ndoleng sore kuwi miwiti jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, malah apik Lik, cen kudu ucul, malah yen durung ucul arep takkon NGUCULAKE ben bebas, mesakne dikurung…” Semaure Dalijo.

“Weh, wong ya takrumati lan isa dadi unen-unen..”Omonge Lik Ndoleng meneh.

“Lhakan malah ngrepoti, ngeselake, nambahi gawean….wong ngko yen diculne ya jik isa ngrungkone swarane..” Wangsulane Dalijo.

“Weh, iya uga ya Jo. Iki isa dadi piwulang, yen wani NGUCULAKE kuwi tegese ngeklaske samubarang kang ana ing uripe..” Omonge Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH