Jumat, 26 November 2021

MADHAKAKE

 

Jemuah Legi 26 Nopember 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Nehemia 9 ; 16-25

jabur 25 : 1-10

1 Tesalonika 5 : 12-22

Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.” Jabur 25 : 10

 

Tembung MADHAKAKE kuwi linggane padha, kang tegese ora beda utawa memper ing samubarange. Dadi yen dijarwakne, tembung MADHAKAKE kuwi tegese samubarang pakaryan kang dilakoni kanthi sengaja kanggo ndadekne padha. Dene singdidadekne padha kuwi samubarang, isa wujuding barang utawa kahanan lan uga tumindak. Mbiyen jaman cilik, ora sithik sing seneng MADHAK-MADHAKAKE, utawa ngemper-emperake, isa kuwi minangka dolanan utawa babagan kahananing diri. Sing seneng nyanyi, njur nyoba MADHAKAKE gayane kaya penyanyi idolane, sing seneng bal-balan ya semono uga, MADHAKAKE karo tokoh idolane. Kuwi kabeh apik, ora luput lan kahanan kang lumrah ana ing tata uriping menungsa.

 

Ana piwulange Kitab Suci bab dalaning urip, kaya kang tinulis neng jabur bab 25 ayate 10. Ing kana tinulis yen kabeh dalaning Yehuwah iku katresnan lan kabeneran tumrap kabeh wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete. Mula lumantar BENINGE EMBUN ESUK ing wanci iki, payo beberengan MADHAKAKE lakuning urip iki, apa yawis padha nglakoni katresnan lan kayekten? Njur katresnan kuwi sing kepiye? Apa sing mung manut kekarepane dewe apa kang manut kersane Gusti? Uga bab kayekten, apa ya uwis nglakoni kayektene Gusti Allah, apa malah mung nglakoni kayekten kang tuwuh ana ing penemune? Lha njur piye kanggone “ngukur” kang dilakoni kuwi katresnane Gusti Allah apa mung karepe dewe? Sederhana wae, yen lakuning katresnan kuwi mung kanggo seneng lan mareme diri pribadi, kuwi mesti dudu katresnane Gusti Allah, amarga katresanane Gusti kuwi mesti ngener marang liyan.

 

Andharan cekak ing ndhuwur mbokmenawa isa dadi srana kanggo MADHAKAKE lakuning urip tekan sektu iki, wektu panjengan lan kula maos seratan niki. Mulane, payo saiki njupuk wektu raketang limang menit, sakbubare rampung maca tulisan iki (sanadyan okeh sing ora diwaca kabeh…hehe), njur niliki lakuning urip, apa ya wis nglakoni katresnane Gusti Allah apa durung? Apa malah mung nglakoni katresnan kang mung kanggo ndadekne mareming kekarepaning pribadi. Sakwise MADHAKAKE , njur isa nulis komentar kang isa dadi srana andum pengalaming urip lan kuwi dadi berkah tumrap sapa wae. Payo MADHAKAKE lakuning katresnan karo kersane Gusti,  amarga kabeh wong kuwi seneng lumaku (uga mung diarani) ana neng margining Gusti Allah.

 

“Jo, jare mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, katresnan kuwi kudu ngalami tatu ya? Kuwi isa nggo titikan yen padha karo katresnane Gusti?” Takone Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme.

“Cen iya kok Lik, mlaku neng Margining Gusti Allah kuwi kudu ngono, lan kudu siap ngayahi rekasaning urip kamanungsan..” Semaure Dalijo.

“Lha apa lelakonmu karo Wasti marakne awakmu lara ta Leng?” Takone Kang Solebo, sinambi nggolek nggon lungguh, merga nembe teka neng Lincak Sor Talok.

“Dengkulmu mlocot Bo…mesti kabeh mbok padhakne karo lelakonku mbiyen..Duss!!” Semaure Lik Ndoleng.

“Pancen urip kuwi kudu MADHAKAKE sabarang kahanan kok Lik, mirunggan karo kersane Gusti..” Unine Dalijo.

“kuwi Leng, bener jarene Dalijo, dipadhakne karo kersane Wasti..Opss..Kleru ding Leng..” Muni ngono Kang Solebo sinambi ngisep jisamsune, dene Lik Ndoleng mung  mesam-mesem kaya sing maca tulisan iki, mesam-mesem dewe..

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH